Iklan Anda

Selasa, 19 Juli 2011

BABAD ARUNGBINANG pupuh 1 dumugi 10


Cariyos babad Arungbinang punika kasalin (transliterasi) saking  aksara Jawa dhateng aksara Latin kawiwitan saking kaca 15 dumugi kaca 510'an  amargi kaca 1 dumugi 14 sampun ical/ suwek lan sasampunipun kaca 510'an inggih sampun risak/suwek.  Mekaten ugi menawi anggen kula 'nransliterasi' punika taksih kathah klentunipun, nyuwun gunging pangapunten lan nyuwun pambiyantunipun amrih leresipun.
Naskah Babad Arungbinang, koleksi pribadi penulis. (tampak depan)
PUPUH DHANDHANGGULA
(1)


1. sowan kawula paduka gusti, dinuta ing
    putra jêng Narèndra
gusti ngaturan
    kundurè
mring       nêgari mêntarum,  
 
  jêng sinuwun sangêt rudatintinilar
    panêmbahan
,   praja hara huru,
  dhawuh putra padukèndra,
sakathahing
    lêpat  samar miwah lahir
,   putra nuwun
    aksama
.






2. wantos - wantos gusti jêng putra jiulun kinèn andhèrèk sarêngamênawi
    botên kadhèrèk
sanisdhaya pinugut,      cagak  kopyah kawula gusti, dhuh gusti
    kuwêlasa
, ing kawulanipunéngêta  mring putra Nata, tur kawula tumuntên kundura gusti,
    wisuda among putra
.

3. paranbaya drêsananing runtik, tilar praja manglèna sarira, anampik pan duk kamuktèn, nêpsu
    têmah kêlurung, tan wun raga katêmpah lalis, prayogi ulatana, kanitya …… (sêratan
    kabusak/rumpang)…… , tama utamèng dumadya, taralan muhung rukun lan kulit daging, otot
    bêbalung …… (sêratan kabusak/rumpang)……


4. mugya mulya ningalam dunyèki, ing …… (sêratan kabusak/rumpang) …… raja Nara Nata,
    pikantuk  lahir batinè, amranani rahayu, putra wayah sawuri wuri, ruwiya malak mandar,
    kadarmanya wimbuh, bubuka sangking paduka, pintên pintên kanugrahaning Suksma di, sirik
    yèn tinolaka.


5. kathah kathah atur duta dwi, manohara amrih liliya, ing pênggalih sang wiragè, jêng
    pangran aswa muwus, lah ta uwis mênênga kalih, ing rèh aja dinawa, têmah murung laku,
    ywa ngucap kang ngora ora, luput apa sinuwun dhumatêng kami, mandrawèng wiwilangan.



6. balik dhèwè kang angrasa sisip, marang ratu kèh kapiutangan, bênêr aturira kuwè, wit
    kèringan wak ingsun, ya marganè sangking Nrêpati, kang sun sandhang sun pangan,
    pasiyaningratu, durung bisa amalêsa, wong pinanggul ènak ènak mangan goling, gêgolongan
    duraka.


7. lèh sun lunga sangking praja iki, nora marga sêrik miwah mrina, mung sêtya malês sih
    rajèng, mumuji ring ywang agung, rahayunè gri Narapati, upama sun mujiya, nèng praja tyas
    bawur, kaurugan mutya boga, mutyasmara brastha prabawaning puji, bonggan gawè
    linakyan.


8. bêcik ngasowa sirèku kalih, yèn wis aso lah nuli baliyo, matura maring sang rajèng, manira
    nyuwun bêndu, durung bisa sèba wak mami, iya tapi rang bara, sawêtawis taun, pinarêng
    bisa sèwaka, ora bèda ing kana kènè pan sami, kagunganè Sri Nata.



PUPUH SINOM
(2)


1. angabèhi wirayuda, lan ngabèhi wirasari, kèwêd kaungkungkulan  sabda, tan bangkit amarna
    malih, ciptanya nora bali, jrih pêpacuh sanga Prabu, wau sakèhing  jalma, sakala ngungun
    ningali, dènè datan nyana yèn iku Kusuma.

2. Kusuma têrah mêntaram, amindha mindha wong cilik, samya lumungsur linggihnya, nêmbah
    matur angrêrintih, kang ngabdi sèwu sisip, kasamaran ing pandulu, gusti angapuntêna, rila
   sarira ginitik, langkung awon ingkang ngabdi tiyang karang.
Naskah Babad Arungbinang, koleksi pribadi penulis. (tampak belakang)

3. sêmangkè sampun pratèla, jêng
    paduka gusti mami, mongsa
    purun linggih jajar, rinêksaha
    boten wani, yèn mêngkat
ên kang
    ngabdi, ing karang katiban daru,
    karob samudra kilang,
    kagunturan wukir sari, ……
    (sêratan kabusak/rumpang) ……
    tyas.


4. ngandika sang mindha sudra,
    kang bènèh …… (sêratan
    kabusak/rumpang) dêling,  jêr
    iradating hyang  Suksma, lalakonè wong ngaurip, sira nak putu mami, kadang mitra wong
    tuwaku, …… (sêratan  kabusak/rumpang) tatrap, têrusna kaya kang nguwis, ngaraha ……
    (sêratan kabusak/rumpang) …… dunya.


5. padha asal saking Adam, payo kènè prak lan mami, gumrumung matur anêmbah, gusti
    nuwun nuwun ajrih, ya ta jalma sawiji, prênagati wastanipun, matur apundirangan, dhuh
    mongsa inggiya gusti, kula ingkang angawisi tiyang kathah.


6. upami wontên puruna, mêndonong jajari gusti, kawula kang amêlathas, têrtamtu titiyang
    baring, dhasar tiyang ing ngriki, kathah botên sumrap ngurus, awit rumiyin mila, sampun
    kawula sanjangi, yèn paduka trah Kusuma witarêdya


7. nanging sami botên gêga, malah sami nyênthulani, nuruti bongsa luhamah, plênthing
    wêtêng lambè klimis, tan uning tata krami, pratingkah clala calulu, gya sumaur cumlalak, pun
    jugil lalinggih wuri, jaka tuwa bêdhigul punuk trajumas.


8. si biyang ngamèki prang, adol tuwa adol bangkit, wong karang kabèh dicacad, têsmak
    bathok tan wruh gusti, mung dhèwèkè pribadi, mangêrti w
êruh ing ngurus, kapan nggonè
    wêwarah,  kiprênasa jêgè urip, mung angèmpol amurih dèn mulènana.


9. gumampang arêp mêlathas, jajal pêlathasên mami, mumpung nèng ngarsa bêndara, kang
    kathah samya ngojongi, angilonipun jugil, gumrumung anguwus uwus, prênagati kèwêdan
    dhalêlêg tan bisa angling, angabèhi wirasari lon mêdun.


10. sanak aja kêkêrêngan, wêlèh wêlèhan pakarti, kang nguwis aja kinocap, pan wis karsanè
      jêng gusti, namur mindha wong cilik, rèhning samêngko wis wêruh, jêng Pangèran
      Bumidirja, iku kêng paman sang aji, kangjêng Sunan kang ngêdhaton ing mentaram.

11. padha dèn bêcik rumêksa, turutên sakarsanèki, bisuk yèn sira kapriksa, ing kangjêng Sri
      Narapati, kaya uga maringi, panarima mring ngawakmu, umyang matur kikila, sandika têmtu
      nglampahi, siyang dalu cumadhong rèh sang bêndara.


12. tan winarna laminira, wau ta gandhèk kêkalih, sabên dina ngèla èla, supadi jêng pangran
      lilih, kêrsaha anuruti, kundur dhumatêng mêntarum, ananging jêng pangèran, ing tyas lir
      prabata wêsi, nora kiguh mring atur pamanohara.


13. putêk barubah wêrdaya, nèkad datan sêdya mulih, yèn wangsula pêsthi lèna, angur nungku
     anèng ngriki, ngabèhi wirasari, wirayuda tan mamatur, gusti inggih kawula, andhèrèk
     tumamèng ngriki, kalilana mangèstu pada paduka.


14. ulun têmah tilar sèmah, pangran Bumidirja angling, lah iya sakarêpira, sêraya nata kitaki,
      pira lawasing ngurip, mung sêpangunèng dunyèku, sênadyan ta muktiya, kèringana anèng
      nagri, nora énak suwita ratu ruhara.


15. akarya sawêning wêning, matèni wong tanpa titi, apa ta nora intuka, wawalêsing rèh durniti,
     dumèh dadi Nrêpati, wasèsa ngugung sakayun, wirasari anêmbah, lêrês jêng paduka gusti,
     lir angandika agraning ri tisthèng praja.


16. gusti sêpangkêr paduka, punggawa kêkês ngranuhi, rumaos tan darbè gêsang, ming
      mêmplak mêmplak ing galih, inggih wêtawis mami, mbok mênawi botên dangu, rêngka
      nagri mêntaram, ningali oyaging jalmi, amyang datan éca nadhah éca nèndra.


17. angling pangran Bumidirja, kang mêngkana wirasari, lah iya wallahuaklam, kawula nora
      udani, tan lèna pamuji mami, rahayunè sang ngaprabu, mêngku nagri mêntaram, ngaubi
      kawula wargi, ngêmungêna manira dhèwè cintraka.


18. winursita jêng pangran, Bumidirja lalu lami, dêdalêm Kêbumen karang, tarak brongta
      among tani, kasub tinuwi tuwi, wangsul asmanirèng dangu, pangran Bumidirja, akathah
      tiyang babêkti, angyaksakên dalêm sawêtawis gora.


19. rinênggo ing dutya boga, anging jêng pangèran maksih, karêm titi kariya lat, cinipta
      tumêkèng ngakir, umahyakên wawêling, yèn têmbè praptaning surud, mundhut kinubur
      dèsa, ing lundhong lan dhatan apti, cinungkuba sêtya nutugkên riyalat.


20. angabèhi wirayuda, sakaliyan wirasari, anuwun mêthal tarukah, jêng pangèran anglilani,
      wêragad dèn paringi, karya sangu yasa dhukuh, ngidul gènirta kèntar, ngupaya kang dèn
      sênêngi, ri sampuning manggih nulya linêksanan.


21. yasa dhukuh tuwin pêcal, lami dados rêngkêd kèksi, kathah lumiring tarukah, tan kirang
      sandhang bukti, barang tinanêm dadi, wang wang katêlah ran dhusun, nênggih ing
      pêgandhèkan, éwa mangkana gandhèki, sabên ratri sowan marang dèsa karang.


22. ubayanirèng wardaya, mênawi ing têmbè lalis, nuwun kinubur ywa têbah, lawan pasarèyan
      gusti, data tita ginupit, jêng pangèran têdhakipun, kang winarna sajuga, jalu tisthèng
      lundhong, dèsi anguyuni wong dèsa lundhong mandhala.

23. wit parèntahing sudarma, pangran Bumidirja nènggih, kang putra datan kalilan, pasêbatan
      lir priyayi, radèn tuwin mas aming, kiyahi sêbatanipun, kyai bêkêl namanya, murih ywa
      ngêgêt ngêgêti, mung ngèsthiya tata pakarti wong dèsa.


24. saprandènè nora kêna, tinolak anggêping jalmi, pangabêktinya wisuda, mring kyai bêkêl
      langkung jrih, angluri linêstari, kadya mring kang rama wau, kunèng gênti winarna, kanjêng
     susunan mêntawis, sampun mirêng, pawartaning sambèwara.


25.yèn kang paman tisthèng tanah, bêgêlèn pasti madèsi, karang kêbumen tinêngran, nglugas
      raga among tani, nulya utusan dasih, kapêdhak kalih lumaku, ngaturi ingkang paman,
      kundur mring nagri mêntawis, kang ing ngagya kapêdhak ran udakara.


26. surakarti kalihira, sarta pinaringan ésthi, nêm sêrati lumaksana, kanang matêngga kinardi,
      titihanya lumaris, kang paman ing badhènipun, kapêdhak pinitungkas, angrapusa énggal
      lilih, wanti wanti dhawuh wêlingè jêng Sunan.


27. sanggya duta lumaksana, dadya tontonan samargi, tigas umiyat mirada, ing ngênut datan
      winarni, mèh prapta gyaning dèsi, dhukuh alit wètanipun,
ésthi ngêntu nèng dhakah,
     
dêmang dèsa dèn dhawuhi, karya pathok kayu kang kanggè wantilan.


28. dêmang dèsa gurawalan, nulya ngêrigakên kuli, akarya pêpathok kêkah, sinung wis
      makaduk inggil, rampung ésthi winantil, tan kapintên panganipun, wong wong dèsa
      kagawokan, asêlur  sami ningali, ingkang cakêt têbih warta winartanan.


29. sêrati karya pacakan, sarupanè wong ningali, tinamtu ambêkta klapa, kalih satunggil ing
      jalmi, artanè tigang dhuwit, linarangan yèn tan angsun, sangking kadrêng umiyat,
      diradatipun lakoni, yayah pasar wong ningali yêl uyêlan.


30. dêmang dèsa saprabotnya, kinêmpalè jagi ésthi, sarta sudhiya sugata, buktinè para sêrati,
      sêkul mêgana tuwin, wèdang saka purantèku, sêrati sênênging tyas, anyêrèt sarya
      mêmacit, mêrêm mêlèk nglêgèwèh liyangan bantal.


31. kapêdhak kalih lumampah, sowan mring karang wus prapti, pinanggihan ing jêng pangran,
      Bumidirja nèng pêndhapi, sugata sawêtawis, pinapantês traping dhusun, wèdang lan
      palawija, kêtèla uwi kêmbili, sawusira palastha liring samirana.

32. udangkara matur nêmbah, gusti kawula tinuding, putra paduka jêng Sunan, paduka dipun
      aturi, kundur dhatêng mêntawis, langkung satistis sinuwun, lan ngaturi titihan, dirada karya
      lumaris, jêng paduka kèring ngalampah kawula.


33. angling pangran Bumidirja, têka susah nganggo ésthi, yèn tu wis pinarêng sèba,pira suwènè
      lumaris, lah baliya wong kalih, manira anuwun bêndu, Allah dur
ung marêngna, gampang
      masalah ing bènjing, namung kita nuwun pangèstu Narèndra.


34. kangnèk tyas lalih caraka, puguh pangran Bumidirja, pasthi tan arsa lumiring, gandhèk kalih
      lalu jrih, wangsula dhatêng mêntarum, têrtamtu pinatènan, adat siyasat Nrêpati, kanang
      duta nèkad tan purun wangsula.


35. ri sampunya tigang dina, arêmbag lawan sêrati, sadaya kinèn wangsula, mring mêntaram
      sang ta ésthi, ing pangran Bumidirja, samongsa mongsa wus lilih, …… (sêratan
      kabusak/rumpang) …… kapêdhak andhèrèkena.


36. sêrati nulya budhalan, wangsul mring nagri mêntawis, kapêdhak wangsul mring karang,
      angadhêp ngarsaning gusti, winarya kang lumaris, kaunjuk Sri Pamaca, purwa madya
      amêksi, duk miyarsa jêng Susunan arda klana.


37. rumaos tiwas ing kirtya, mênggah panjênêngan aji, binudi budi tan dadya, rinasa saya
      ngrinuhi, mupus karsanira ji, têmbè sawètara taun, dèn arsa ngutusana, ngaturi kang
      paman malih, mangkè kèndêl pinêrih mênêb wardaya.


38. kocapa kalih kapêdhak, udangkara surakarti, anjêpeh ngarsa jêng pangran, sêtya ndhèrèk
      wakitaki,
ing donya prapta akir, jêng pangran ngastuti kayun, among pun udangkara nuwun
      tarukah pribadi, surakarti sêdya angadhêp tan pisah.


39. udangkara ngulat ulat, ngètan ngidul tan têbih, wus manggih papan kinarya, anulya dipun
      yasani, laminya tan ginupit, ri sampunè nadyan dhusun, kathah dhusun kapêdhak, dè tilas
      mantilan ésthi, amyanging wong katlah dhukuh kêpathokan.


40. wau ta kang winursita, antara lami alami, pangèran Bumidirja, anggung mrêdi ênir, muhung
      puwarèng tumuwuh, cinêkak caritanya, kundur ing rahmatullahi, cinarèkan dèsa lundhong
      ing ngastana.


41. nora cinungkub sumarma, duk jumênêng wus wêwaling, apan namung piniyara, pinacakan
      juru kunci, dèning putra kiyai, bêkêl kang anyêpêng dhusun, rukun tiyang sadaya,
      pêpundhèn tinèki tèki, sumawana gandhèk kapêdhak mêntaram.


42. ajalè kinubur uga, nèng dèsa lundhong lêstari, tumus susêtyanè kala, gêsangè mènè
      sampun apuputra, anama kyai wuragil, kyai ragil putra kyai honggayuda
.




43. sayasa ing dèsa kutho, sudarma éyang wus lalis, wau kyai Honggayuda, linulut tinuwi tuwi,
     
marang sakèhing jalmi, tan kirang niskaranipun, wit panjurunging kathah,
      nging kaètang bangsa alit, ing bangsaning kapriyayèn sampun sirna.

44. sinigêg gênti winarna, kangjêng susunan mêntawis, sayarda angambra ngambra, dèra
      mangugung tyas runtik, worsuh traping widyasthi, sagung punggawa rahuru, wadya lit
      kasêrakat, wimbuh darajating bumi, pra satriya bupatya rèh adhêdhangkan.


45. pangran dipati taruna, sudibya putra mêntawis, siyang latri binabana, mring sagung mantri
      bupati, pinintaha murwani, karya prang ngrêbat kaprabon, lênggahirèng sudarma, ywa
      tanggêl margining pati, lalu rindhu pangran dipati taruna.


46.rumaos pragyaning kirtya, putra mêngsah lan sudarmi, mangu mangonèng nistuda, tandya
      minta tuduh maring, kang éyang mahamuni, pangran kajoran dupi wus, rêmbag saèka
      praya, ing pênêd ngangge kêkêlir, pangrat buta murih ywa kawistara


47. manggih kêlir prang santosa, pan duk pirasat nêtêpi, binatang ngêntosi karya, sarta
      jangkaning nêgari, rusak nagri mêntawis, tarsiwah étanging taun, sang pangèran kajoran,
      putra mantunya pribadi, Trunajaya sutanè dêmang malaya.


48. yèka pinangka bêbuka, kinèn ambêdhah mêntawis, anging cinêkak kèwala, mung gancarè
      kang ginupit, pangrat buta andadi, gêmpuran praja mêntarum, jêng pangran purubaya, gula
      agul gri Bupati, praptèng janji kasambut asmarèng laga.

49. liya punika akathah, para prawira mêntawis, kang pralèna madyaning prang, Trunajaya
      jayèng jurit, sampan kêdhiri bali, mêkasar prajuritipun, pan wus karsaning suksma, bêdhah
      kêraton mêntawis, kangjêng Sunan mangkurat tilar prasada.


50. sinêngkalan lolosira, sirna ilang rasa jalmi, mangilèn arêreyongan, garwa atmaja lumiring,
      jêng pangèran Dipati, anom lan sakadang jalu, pangran arya Singasari, atanapi pangran
      arya Martasana. 



51. wus têbih sangking mêntaram, jêng Sunan ngagya kêng siwi, pangran Dipati taruna, kinèn
      wangsul ngrêbat nagri, mopo kêdah lumiring, sudarma satindakipun, wang wang Sri Nata
     ngatag, pangran pugêr lan kang rayi, pangran Singasari pangran martasana.


52. wangsula ngrêbat nêgara, titiga sandika sami, pangèran pugêr sêksana, pinaringan wasiyat
      adi, curiga kang satunggil, maèsa nular ranipun, waos ingkang satunggal, kyai palèrèd
      nami, putra katri nêmbah budhal saha bala.


53. pangran Dipati taruna, taksih andhèrèk sudarmi, rawuh tanah Ajibarang, jêng Sunan grih
      praptèng jangji, kundur Rahmatullahi, sinarè bumi ganda rum, pratistha tanah têgal, mila
      katêlah sawuri, Sri Mangkurat têgal arum ingkang têngran
.


54. sasèdanipun jêng Sunan, wang wang jêng pangran Dipati, madêg Narèndra nèng têgal,
      martalaya mugarèni, mundhut bantu kumpêni, ing éyang tuwan gurnadur, jèndral ing
      Batawiyah, mangun prang ngrêbat nêgari, mêngsah Trunajaya cidra ing ngubaya.


55. éstu panyiptaning driya, pangran Bumidirja nguni, mila pinèlaur linggar, tilar wibawèng praja
      di, yêkti sampun kaling ling, lulungid praja ruhara, rahayuning kraton ênir, nêrak walêr
      sangker lawiyèng Narèndra.


56. wusananè pêsthi ana, nahan dharita mangsuli, nênggih kyai Honggayuda, Kuthowinangun
      winarni, sapta putra winilis, ingkang nênêm somah sampun, ranya iwiranana, wismèng
      jrakah kang pangarsi, nuntên jalu ran kyai Honggadiwongsa.


57. ing bundêr sayasanira, malih arinè pawèstri, ranya linalamijaya, wismèng kutha nuntên
      malih, pawèstri nama nyai, wirawongsa kang dinunung, dèsa ing blimbing nulya, ari jalu
      nama kyai, sutayuda malih pawèstri anama.


58. Nyai Surajaya ngambal, sadaya ulah among tani, pangulatè tan kirang bukti, rukun ing tyas
      tar sêling, amung putra kang waruju, jalu jaka tumala, pun Sangkrib namanirèki, nandhang
      papa cintraka umagêng brangta.
 PUPUH ASMARADANA
(3)
Naskah Babad Arungbinang, koleksi pribadi penulis.(Sebagian naskah yang sudah rapuh/rusak)

1. wauta kijaka sangkrib, kyai Honggayuda putra, nenggih ingkang wuragile, pinanjangken
    dharitanya, sanggya lalakonira, purwa wasana dhinapur, myang nistha madya utama.

2. cinatur sabilik bilik, kang kelair miwah samar, sanadyan ing sausike, kewala suksa winewar,
    susatya ring pandriya, mongka darsana tumuwuh, tumuwuh ing dunya.
3. dening anak putu sami, buyut canggah wareng miwah, dheg udheg gantung siwur, lan
    sapiturutnya pisan, yogya nguninganana, salir lalakon lulhur, cinatheta kaprayitnan.
4. pendah ywa lingsem ngalkoni, kodra iradating Suksma, ingkang murciteng dhirine, tumerap
    papa cintraka, lan away girang girang, yen anggonira kadunung, kaharjan singgih astama.
5. jer lagi winayar dening, Allah kang murba misesa, mung ywa lali panrimane, ening tyas sabar
    tawekal, asih sesama sama, kawula wenang nenuwun, kang murih mulyaning jiwa.
6. krana apsah sangking dalil, subhanahuwatangala, ngudaneni ring titahe, titah kang byakta
    pamudya, sarta lawan agama, wawajid dawajid dau, sapa temen tinemenan.
7. kosok balike sabilik, sapa cidra cinidranan, wus mengkona ubayane, lah iki goningsun
    marna, carita kuna kuna, labete para luluhur, tan kenane idoa.
8. dupeh ngong nora ngalami, duk jaman semana iya, pesthi kinira yen goroh, nanging sun ajrih
    doraa, lan dudu pupulasan, jalaran nggoningsun weruh, ngambil seka tetulisan.
9. wirayat kang swargi swargi, medhar lakone pribadya, ya kang sun gawe wewaton, lamon tan
    mangkono uga, mangsa kita weruha, mengko sun apus ing tembung, murih padha
    mangertiya.
10. lakone ki Jaka Sangkrib, liwat nggone kasangsara, sinikang para kadange, nadyan kang
      rena sudarma, samatra tan ngopreya, marga anggane sakojur, katrapen meh tanpa sela.
11. pating palopor kaeksi, getih nanah mara wayan, sing amulut jrih amire, linarang malbeng
      sayasa, andhelik neng kebonan, sahunggyane lawan turu, trekadhang neng ngandhap
      pisang.
12. miwah emper kandhang sapi, tanapi emper gedhogan, gumlinting saestha layon, tatkala
      sinungan boga, binukti aneng britan, jiwa rusak kulu kulu, lir kekere kawistara.
13. langkung denya kawlasasih, tan jamak sasama sama, kabeh kadang pamuwuse,   
       ngilangken  andhana juga, dep idep gawe wadal, nadyan lunga mati sukur, aja cedhak
      menek tular.
14. yen tular ambilaeni, pesthi lamon wurung jalma, wong ngurip dadi kekere, cotho tan bangkit
      ngupaya, sandhang pangan nang dunya, wong siji kewala amung, nglakoni tan dadi ngapa.
15. datan ta ki jaka sangkrib, siyang dalu monta drasa, tumplek amblek prih atine, limut nora
      umanon rata, angrasa bosen gesang, mung ngesthi marganing pati, mangunandik wardaya.
16. ya Allah kang maha Suci, kawula nuwun pralena, sampun jejembat wirage, ngantak antak
      wonten dunya, angentosi punapa, tan manggih seneng sepangu, enggalmantun sirnakena.
17. kawula pan boten bangkit, adamel pejah pribadya, kados pundi puwarane, sanadyan awet
     gesanga, anggung dados gegujengan, sinikang sanak sedulur, yayah rena karuh mitra.
18. aluwung dinamel mati, sawastu kawula rila, tan wuninga akerate, dados sadhasar neraka,
      jahanam gih sumongga, mung mangke enggala lampus, payah anandhang cintraka.

19. mangkana ki jaka Sangkrib, saya kagagas karantaka, cipta ameleng tekade, pan naming
      marganing pejah, ambirat liring boga, nadyan toya nora nginom kinajat nuliya pejah.
20. sarta sedya angoncati, sangking wismaning sudarma, murih ilang kuwatire, yayah rena para
      kadang, lestariya astama, setyaning tyas pribadya mung, kang angangkat lara lena.

21. ngaler ngilen jaka sangkrib, lingsir ndalu wancinira, tan adoh kendel lampahe, mulat mbeji lir
      penimpang, toya wening kawuryan, ki jaka nungku neng ngriku, anganyam ayam palastra.
22. trekadhang kungkum ing warih,bakda kungkum nulya minggah, tapa kur munggeng pinggire,
      ngantak antak minta pejah, lamon ana wong liwata, anggiwar nutupi irung, lumayu
      balokekan.
 

23. ki jaka tumungkul nangis, dangu wus tan kambon boga, sariragnya sawang layon, lalu
      angagra  usika, nupi lami antara, nenggih kawandasa dalu, murcita pilal hyang Suksma.

24. ngudaneni kawlasih, wawales tarak subrongta, karaos sarira entheng, perih ngethok linu
       sirna, ngungun ing tyas ki jaka, mangkana usiking kalbu, iki lah paran sumarma.

25. abeneh rasaning kulit, otot bebalung kepenak, apa ta waras wak ingong, nanging mokal yen
      waras, ki jaka gya anggrayang, jasade sakojur alus, katrap wus sirna sadaya.

26. dupi byar baskara mijil, surat pranawa katingal, estu wus purna katrape, tilase nora ketara,
       pra galba soteng jiwa, ki jaka mumudya sukur, pitulung hyang kang murbeng rat.

27. tuwuh nistuda mangesthi, kayatnan sireng dumadya, mangoneng ngeningken panon,
      menggah rih pambudidaya, kang yowana linakyan, apa kentar apa mantuk, yen malih tanpa
      paedah.

28. mongsa wurung den ngis engis, sanak kadang kangastama, ujar tan ana tinolah, ora
      bandha ora pakra, nadyan ana ngropeya, mung anganggep ala nganggur, uripe prasasat
      kewan.
 

29. amur ta lunga angaji, ngaji angajap akerat, kadonyan pira lawase, amung sagebyaring kilat,
      tan langgeng ananira, akherat datan paitung, caritane santri wignya.
30. jan becike ngong angalih, jenenging bocah ngong buwang, salin jeneng tuwa mengko, ki
      jaka dangu ngupaya, nama ingkang cinarya, binudi tandha wis manggih, peparab
      surawijaya.

31. nulya kentar sangking beji, ngaler nekuk ngilen nabrang, pasidhatan jog pepereng, pereng
      wukir bulu sapta, ngaler katiwang tiwang, nurut sapinggiring gunung, marga lit rungkud
      sinerang.

32. rangu rangu gyan lumaris, de kongsi nedyeng wardaya, ing bojong sari pesantren, nguni
      wus miyarsa warta, guru ngaji kasudra, ran kyai Mukhamad Yusup, anjenengken pariwara.

33. yeka pinelenging galih, sumuksa ngaji bebadah, Surawijaya tekade, mengo karameyan   
   dunya, angesthi tepet loka, dupi wanci leres bedug, lampahnya tumurun ngetan.
 

34. umiyat kali wewening, kendel siram ing narmada, sarya masuh kawacane, sinjang rasukan
      lan  dhestar, wit tilasing ngalara, sedangune tan winasuh, mangkyarsa binersihan.

 35. busana kaepe tegil, tinunggu kungkum narmada, ri sampun aking sinjange, mentas dandan
       lumaksana, mengaler ngilen minggah, wukir candhi jati purus, kangsi luk rungkud sinerang.

36. ongga kaborang ri bandhil, kasangsang ing tarulata, salir bebaya tan tinon, darpa ring tyas
      murwa brangta, riyolat manting raga, sangking kumedah maguru, artine sarak ibadah.
    

37. wus angancik igir wukir, tumurun wimbaning arga, nusup nusup ngaler ngilen, kali sru
      ni sinabrangan, wong ngadus tinakenan, sanak pundi dalemipun, kyai guru bojong sekar.

38. tinedahken gya lumaris, prenahing pesantren prapta, pinuju lingngih neng suroh, kiyai lagya
      mumulang, santri angaji kitab, Surawijaya andheku, ing latar ngandhap tritikan.
 

39. cingak keh santri mangeksi, tiyang ndhodhok ing tritikan, kyai guru lingnya alon, pundi
      jengandika anak, pun bapa kekilapan, ingkang tinanya lon matur, kawula tiyang ing kitha.

40. pun Surawijaya name, sedya sowan jeng sampeyan, kiyai guru nulya ge, ngacarani kinen
      minggah, Surawijaya minggah, kaduk tebih linggihnya, ingawe kinen majenga.


Naskah Babad Arungbinang, koleksi pribadi penulis.(Sebagian naskah yang sudah rapuh/rusak)
41. sawusira majeng linggih, neng kering sang muniwara, kyai guru lingnya alon, anak
      ngapunten  andika, kula dereng kacekap, lan andika imbal wuwus, saweg ewed amumulang.
 

42. ketanggelan kantun kedhik, anak den sekeca lenggah, umatur sarya ngrerepeh, inggih
      sumongga sakarsa, nuwun kalajengena, mangkana kiyai guru, nglajengken denya
     mumulang.

43. kitab usul nahwu tafsir, takarub mantek jur miyah, lapal maknane tineteh, kinetrek tumeka
      murad, santri keh gantya gantya, lulurah kalih ambandhung, mangsungka kacaryan kang
      mulat.

44. denya pratela marnani, niskara tembaya kitab, ya ta wau sadangune, Surawijaya myar
      saksa,  makna murad ing santri, kasebut parentah Rasul, miwah dalil kang lawiya.
  

45. saya sengkud jroning galih, geleng gumolong panyipta, ngibadah pendhenging batos, salir
      ing  reh nora ketang, antara wus palasta, pamulange kyai guru, santri mundur pamondhokan.
  

46. kiyai guru manggihi, tatamu Surawijaya, gya mijil pasugatane, wedang saka purantinya,
      nambrama mangun mitra, wecana kyai guru, anak ngong Surawijaya.
 

47. praptanipun wisma mami, punapa ingkang kinarsan, damel gupita tyas ingong, denten
       tetigas  kawuryan, nedha kajawarnana, Surawijaya umatur, pramila kawula sowan.

48. ngarsa sampeyan sang yogi, rehning kawula punika, angraos kelangkung bodho, dereng
      pisan  sumerapa, lampah sarak ngibadah, kang dados wajib tumuwuh, setyaangaji kawula.
 

49. nungku ing pesantren ngriki, anuwun barkah piwucal, kiyai manthuk delinge, lah sukur
      mengkaten anak, inggih sami sarayan, ya ta wau kyai guru, sadangunira tumingal.

50. serandunireng tetami, pinanduk sangking pirasat, myang piyapati pasale, lapli maknawi
      kawangwang, tuhu manungsa tama, mung during mangsaning tuwuh, ing tembe mangsa
      wurunga.

51. tansah ngunandikeng galih, iki wong genep petheknya, pinter tur kendel dhasare, pantes
      mbekakas negara, dudu murwating desa, dungduman santri ya dudu, anulya ris sabdanira.
  

52. gih anak langkung prayogi, sumuksa ngaji babadah, nungku tumameng pesantren, napa
      malih ing ngupaya, ngatase tiyang gesang, gih amung talabul ngilmu, ujar kang sampun
      mupakat.

53. mupakate tiyang santri, prelu pinurih ngupaya, ngilmu kang dadi wajibe, nanging temah
      kekilapan, ngilmune tan pinanggya, mung angaji muluk muluk, anjajah kehing kitab.

54. lapal makna sehat terkib, yen sampun saged winastan, niku kang wujud ngilmune, sarta
      sembayange rasa, putus tan malih ngucap, tur niku satemenipun, lan ngilmu dereng
      benthikan.

55. anak den sabar ring kapti, barang reh aywa kasesa, sisikune kaupados, yen ugi sampun
      pratela, mangsa wurung ing karsa, nging mangke kendel rumuwun, angayemana sarira.

56. anata nata penggalih, neng ngriki wis makawula, binjing ngampil gampil tiyang ngaos, yen
      sampun tawajuh ing tyas, wau Surawijaya, nut kersane kyai guru, gya sinung pondhok
      pribadya.

57. dumunung neng kering panti, ri sampuning tigang dina, sinalinan busanane, kelangkung
      denira  tresna, kyai guru tumingal, wit sangsara semunipun, mila gung winimbasara.

58. tan winarsa kehing santri, lamon bakdanya mumulang, sekssana lenggah karoron, kalawan
      Surawijaya, seneng imbal wecana, jalaran kiyai guru, Mukhamad Yusup wus wikan.
 

59. surating maya kaeksi, Surawijaya niscaya, beneh jalma pere pere, pesthi terahing ngutama,
      sarta sampun kawang wang, pan duk tesmanireng semu, kendel kretarta antepan.
60. ki guru sedyaning kapti, yen pinareng sarta kodrat, yun angurip urip mangke, dhumateng
      Surawiajaya, alon wijiling sabda, Surawijaya sutengsun, ywa susah kita ngajiya.

61. sinau caraning santri, kaloreyan tanpa wekas, kasep pengarep arepe, umatur Surawijaya,
       kula
karya  wisma, lakar taksih wadungan, lamon tan bangkit angelus, lan ngadon adoni
      lakar.

65. keh bekakas tanpa dadi, pating jalempah kewala, tangeh yen ngadeg wismane, lah
     semanten   malih kitab, lapal anjaluk loat, loat minta muradipun, murad aminta sarasa.
 

66. sarasa aminta tretil, tretil punika tatrapan, yen tan bias natrapake, ngajiya kitab sayuta,
     amung  tibeng gilingan, mubeng mubeng temu gathuk, ngibarat bali ngibarat.
 

67. pundi kang den ngibarati, dadi anggep ngayawara, mengkaten ing salakone, nanging ta
      santri  wus kaprah, mredi wigyaning kitab, kranten milik asilipun, paitan ngupaya boga.

68. lire kadi kula niki, tinub sakathahing jalma, awit sangking pinter ngaos, parentah wong tan
      kewedan, gampil praptaning boga, napa jengandika ayun, madeg dadi kapruitan.

69. Surawijaya mangsuli, pan inggih kula tan sedya, kepengin dados paguron, cekap kangge
      piyambak, kyai guru lingira, gih mulane kula tutur, tan susah angaji kitab.

70. dika dede calon santri, dede cecalon sudagar, calon tani inggih dede, pinasthi calon satriya,
      kapriyayen utama, lamon kongsiya kebintur, pratengkahe santri nistha.

71. pinten kadare wong santri, andum bathi dagang tuna, becik tingkah kapriyayen, brekat
      mupakat tur babar, mleberi kadang mitra, tumeka satedak turun, menawa dadi jalaran.

72. nanging kangelan sayekti, wong ngurip urip darajat, lara lapa pitukune, sanadyan lara lapaa,
      yen tumpang sapanyipta, myar pangawruh wowor sumbu, lara lapanira muspra.

73. wurung mukti sida mati, sida tapa wurung tampa, marmane nak ingsung angel, priyayi
    angulah praja, lan inggih ngulah badan, sami ugi pajunipun, menggah tatraping sarasa.

74. anapon sinau santri, puniku reh lalampudan, sangking tan conggah badane, karya miranti
      darajat, murih away kapiran, wong ngurip kapiranipun, kurang sandhang kurang pangan.

75. aluwung dadiya santri, dimen pinecraya ing lyan, supaya kandel uripe, lan dadi pangulat ulat,
     mutawatiri praja, mengakaten sajatinipun, umatur Surawijaya.

76. lamon mengkatena aming, kirang prelu menggah kula, nungku ngaos neng pesantren,
      pinten warsa warsa talab, kanggone ming kinaryo, ing ngriki mangertosipun, inggih bangsa
      ngalam donya.

77. mangka niyat kula inggih, ngupados amal akherat, mila yun kumedah ngaos, sapinten
       lamining  dunya, langgeng wonten akherat, criyosipun para kaum, ngupados sangu palastra.

78. kyai guru wecana ris, carita datan pinanggya, angawur awur kimawon, ngaji ngajap ngajap
      swarga, swarga jaman akherat, akherat bisuk nek lampus, sangking pundi pambidinya.

79. lah mbok rinasa pribadi, kepripun gone amarna, jaman pati luwih elok, lagi marna jaman
      gesang, kewala tan kacekap, srsn wong cebol anggayuh, lintang mangsa kaleksanan.

80. wong lumpuh arsa ngideri, ing jagat mangsa teles, lunga seeking kang angesod, gumujeng
      Surawijaya, ing galih nora nduga, ring sabda kyai guru, nanging ta ana empernya.

81. kyai guru angling malih, mungguh babagan akherat, boten kenging cinariyos, pan aming
     wallahu aklam, Allah kang langkung wikan, dene kang kena rinembug, masalah urip neng
     dunya.

82. niku kang kula weruhi, marga becik lawan ala, bener luput ing penggawe, awit tingal
      tiningalan,  rasa risi karasa, sumantan tiru tiniru, sami tiyang ngalam dunya.

83. saya kerasa jro galih, Surawijaya miyarsa, kyai guru wirayate, kawula nuwun sumangga,
      iang  sakarsa mrediya, nadyan bentusna ing gunung, jegurena ing samudra.

84. sakit pejah tan gumingsir, lan inggih sampun precaya, ulun lumiring sapangreh, kyai guru
     wecana, sukur setya ing kula, lah mangke carita ingsun, bongsa gelar myang ngibarat.

85. milane sun ngibarati, jatining makripatullah, tan kena kawruh ambelok, sangking ing netra
      kapala, amung sangking sarasa, sarasa pangawruh putus, lan sangking dalil nistura.

86. krana santri sami ngaji, amrelu makripatullah, ngiket lan jur pakartine, pu8wara kalunta lunta,
      kayungyun terkib sakhat, kaliwatan ing pangrungu, ruruba gung kang pinanggya.
  

87. Surawijaya tur neki, kang mengkaten pariwara, punapa tan nedahake, babaku kang ing
      ngupaya, temah kalingga nata, wecana kyai guru, yekti guru wus amawas.
 

88. jembar rupeke kang lagi, ngupaya bisaning basa, tan kenisi nami kang wong, lamon guru
      boten nimbi, momotaning wawadhah, angger wong bae jinuju, arane wong siya siya.

89. pama cindhil den wenehi, pangane padha lan gajah, mangsa kuwata tutuke, sumawana kadi
      desa, cilik kanggonan raja, nora mulya malah ajur, milane ngangge timbangan.

90. yen kita yun angawruhi, jejere makripatullah, ingkang samya pinipadon, dunung wiwitan
      agama, anak langkung prayoga, nanging den awas ing kalbu, sesirikaning makripat.

91. ati linyok ati sakit, katrine ati palastra, lan makripatullah adoh, wijang wijange sun jarwa, ati
      linyok adarbya, wong kang munapek sedarum, munapek bangsaning khewan.

92. dadine manungsa lapli, khewan maknawi tegesnya, nyata manungsa wujude, ananging
      pambekan khewan, tangeh wruh kira kira, nyerkutu sumingkir ngurus, dene mungguh ati lara.

93. wong pasek ingkang darbeni, pasek bangsa mina setan, manungsa lapli larane, setan
      maknawi kawangwang, nyata wujud manungsa, pambekane setan wutuh, karem sasar
      ambelasar.

94. anapon ran ati mati, wong kapir ingkang kanggona, khewan lan setan bangsane, insane
      akis kawistara, nyatu wujud manunga, ambek khewan setan juhut, drengki dakwen
      panastenan.

95. ana dene ingkang sidi, ati tawajuh nisthaya, wong mukmin salih kang duwe, iyeku bongsa
      mukhamad, ingkang kawawa tampa, sasmitanireng Sukmagung, pracihna makripatullah.
 

96. yen bisa bengkas ing tyas tri, wruh pembabaring kasidan, lestari trang panuggale, dat kang
      sumorot ing ngalam, sarta dat kang nistura, ywa andika salah surup, ingngriku kalangkung
      pragya.

97. lamon sisip nyekuthoni, sotaning dat kang pratistha, yen tan wruh wijang wijange, akeh
      madeg   kapruitan, wejange tuna dungkap, siswane nora anggayuh, jejering dat kang
      samep.

98. edate loatipun urip, tan catinatrap sarasa, yen mengkana uripa ingong, iku sanyatane Allah,
      lah iya urip kita, anane dumunung wujud, yen mengkona wujud kita.

99. kanyatahan Maha Suci, mengkoten penganggep salah, sulaya lan pathokane, yekti tan
      pinanggyeng ngakal, kiyammubin napsiha, Allah jumenenge tamtu, pribadi tan lawan liyan.

100. mummasalah lilkhawadis, prabeda sakeh kang anyar, eh anak den ngatos atos, kaliwat
       pakiwuh gawat, doning makripatullah, yen uga kabeh rinengkuh, jejer wong kejaba riyah.
   

101. yen datan ngrasa duweni, niku jejer kadariyah, lamon parengan rengkuhe, dumadya wong
       mutajilah, Surawijaya myarsa, jedheg kewedan jro kalbu, umatur paran kang yogya.

102. nuwun pamulang kang pasthi, kamantyan limut nistuda, ambebana anggen anggen, kyai
        guru lon manabda, keh ngibarat trangena, kang tumiba ing pandulu, gandhengen lan
        budinira.
PUPUH KINANTHI
(4)
1.     mangka panginjening mahluk, ring kahanan dat sajati, aran dat patang prakara, kang murciteng wujud wungkim, kang dingin dat wujudiyah, ngaraliyah kaping kalih.
2.    baimmah dat kaping telu, rokhayat pingpatireki, pan sangking dat uluwiyah, yaiku ingkang nyoroti, dat uluwiyah niscaya, ingkang tetep dat gingsir.
3.    dene kang awarna catur, winestu araning jirim, jirim iku dating ngalam, ngaral puniku mamardi, dumunung sipating ngalam, ran ngalam kang kongan gingsir.
4.    ngadam tanapi maujud, dungdumaning ngalam yekti, wang wang sinungsun ing johar, mulane darbe pangreti, ran johar alusing ngalam, kang datan kena binagi.
5.    jejere kita lan ingsun, dungdumaning wujud mungkim, perange patang prakara, bakda ngadam kang sawiji, bakda wujud ping kalihnya, sayujan etang ping katri.
6.    kaping pat ngalimallahu, annahulayujad nenggih, tegese dhingin tan ana, lan nuli ana semangkin, wangsule mring dat ana, sayujad mardine ugi.
7.    tinemune ngadam mojud, kaping ngepate mungkasi, pan ngalimallahu ana, ulayujad pinrih maring, ana tinemu ing sarak, miwah kang dat pinanggih.
8.    ing sarak ngalam tan weruh, mung Allah kang ngudaneni, wajibul wujud nistura, yeka ingkang asma kadim, langgeng nora owah-owah, masesa ing ssahir kabir.
9.    lan yegya wruhana khukum, kang rumerab ari latri, mongka ngukum miji wanta, gyaning makripatullah, gih khukum tigang prakara, ngakal sarak ngadam asthi.
10. ngakal latri kang winengku, wajib mokal lawan jais, wewangkone khukum saraka, prelu sunat makruh tuwin, khalal atanapi kharam, de khukum ngadat mengkoni.
11.  wujud kang dumunung wujud, lan ngadam dumunung enir, wujud kakembulan ngadam, myang wujud pratistheng enir, lungguh tangi lan lumaksa, away tilar khukum katri.
12. yen tilar temah dahuru, pangrat buta jroning ngati, sutengsun Surawijaya, suwawi dika
tinggali, inggih kang sewu jembangan, kabeh ingsenana warih.
13. kaleres ing wanci bedhug, ing ngriku sajroning warih, punapa wonten sedaya, wayangan kula ndaragni, kelamonta wangamokal, tur niku enten warih.
14. dede baskarane wastu, mung wayangane kang eksi, ujwala sisiring uga, mengkaten ngibarat neki, teng swaning dat uluwih, kang sumorot wujud mungkim.
15.  mungguh dat wajibul wujud, tan ana agnyemburuhi, nora warna nora rupa, tan gatra sapmata tanpi, datan enggon data rah, ngandika datan palathi.
16. ora swara myang tan khurup, tan anetra aningali, pamyarsane tan pakarna, nanging ta anane pesthi, sasmita ngebeki jagat, lamon dinumuk tan keni.
17. Surawijaya kayuyun, miyarsa wirayat sidi, kawula nuwun pitedah, sajatosing wujud pasthi, kyai guru wecana, lah den sareh suta mami.
18.  menawa sarta lan wahyu, mangsa wandeya mangerti, nging tan keni binedhagal, bok bilih kayatnan seling, jajal jamal kamal kahar, sangking pangluwed pribadi.
19.  tan kena ngandelken wuruk, wuruk mung upama wiji, kang winuruk pama papan, sanadyan wijiya becik, lamon tan durna ing sela, watune datan pasiti.
20.  katamana truh lan mepu, mongsa tuwuha pun wiji, yen intuk papan prayoga, wijine tuwuh andadi, nanging yen pinarag ama, wurung dadi sida mati.
21.  lah suwawi padha metu, palesiran turut margi, Surawijya sandika, kalih gya sami lumaris, madya latri wancinira, anuju purnama sidi.
22.  sadangu nira lumaku, kyai guru ngibarati, sagung ingkang kawistara, myang swara swara kapyarsi, minongka pangimbir cipta, panginjening dat sajati.
23.  jalaran lantip jro kalbu, Surawijaya nampeni, lir pariwara ngibarat, mung kantun lenge kang pasthi, ri wusnya winawas-awas, sanggya prelambang tinampi.
24.  nulya nyikep kyai guru, mejangaken wujud pesthi, sanalika trep nistuda, byakta ing tyas anampani, lir satutistheng rimbagan, yayah sasongka dadari.
25.  jajahaning rat kadulu, lukita lumeket yekti, pamejangnya sinampe, purwa ghaibul ghuyubi, lening ghaibul ghaiwah, martabat sapta mungkasi.
26.  samandhala wus kacakup, myang sirnaning dat kang munggying, ngarallimah tinarbuka, antarane bilik-bilik, tengran sapta bab kababar, munggyeng sipat wujud wajib.
27.  nugrahaning ywang Suksmagung, Surawijaya sampuni, rinarabwara nirmala, kadyanggane bedhah nagri, amboyong lalengka ningrat, birat salir walangati.
28.  muhung panarima mungguh, gagal agul agul ening, tatag tanggon nrang wiweka, kukuh abakuh nglingguhi, dungdumaning ngaralliyah, waswatir kentas wus kentir.
29.  rampung pamejang gya ucul, panyikep samana glis, Surawijaya ngrasana, ling ngira sang maha muni, sutengsun Surawijaya, pamejang ngong mring sireki.
30.  tarek sekawan kapungkur, kang tumiba para santri, satariyah khalwatiyah, bastiyah lan akisbandi, pama den yitna kewala, reh kang bebayani budi.
31.  kibir riya sum ngaujub, den samar samun pangliring, sabar tawekal noraga, wicaraning lyan sakalir, sikepen ywa sinulayan, jer kita sampun mangerti.
32. samangke manira dhapur, paraboting satriya di, kabudayan mangun laga, ngilmu jaya wijayanti, tunggal sesoroting edat, nging beneh karkating kapti.
33.  banterane munggeng bantul, jejere kita pribadi, endi kita niyatena, bantul obahena nuli, rumambat tistheng banteran, campuh lan sedyaning galih.
34.  nulya kyai guru muruk, sabalad balad ing ngaji, sampun katampen sadaya, purwita madya mungkasi, tuwin ngilmu manjing jiwa, myar panolak sanes jinis.
35.  du king wanci bangun esuk, sakaliyan samya mulih, byar kenyar sami sembayang, subuh dumunung ing masjid, bakda salat gya mumulang, kyai mring para santri.
36.  wanci tabuh nawa rampung, mundur sakeh para santri, kyai guru kantun lenggah, lan Surawijaya aming, kalih samya paguneman, masalah sarasa ngelmi.
37.  wutah wahyaning pangawruh, samya seneng ngira kalih, kang mumulang lan kang tampa, tineteh putus patitis, Surawijaya tan kewran, nimpuna salir pangreti.
38.  saenggo puspita kudhup, semangke mekar gon damrit, wangi jaba ing jro ngambar, wreksa cendahana upami, pantes pamatining basa, antara lami tri sasi.
39.  Surawijaya neng dhusun, bojong sari mredi ngelmi, tan kirang pamulasara, kiyai guru mageng sih, alon denira wecana, Surawijaya nak mami.
40.  jengandika ywa ketungkul, lah kita wangsula nuli, dhateng tanah desa kutha, malah sageda angabdi, ing panjenengan narendra, ing ngriku bok dadi margi.
41.  drajat kapriyayen timbul, matur sandika ngastuti, mugi angsala pandonga, pukulun sang maha muni, kyai guru sabdanira, kula dongakena ugi.
42. Surawijaya mit sampun, salaman nulya ngabekti, kentar sangking bojong sekar, denira lumaris aris, wirandhungan mangoneng tyas, ketang tresneng guru nadi.
43.  ngangen angen jro lumaku, kadi dereng nedya mulih, mring sayasa tanah kutha, cinipta datan piasil, apadene suwitaa, ing panjenengan Nrepati.
44. sapata kang gelem nanggung, entheng wawrate wong ngabdi, mung kanggo gawe arahan, miliki sandhang sasuwir, lawan pangan sakeledan, angur nglanguta wak mami.
45.  enget pawarta ing dangu, ing selang ana ngulami, awas ta kyai jaiman, sumedya badhe dipun panggihi, mula lejang lampahira, ngilen gya mangidul prapti.
46.  dhusun selang prenahipun, pitaken wus den tedahi, wismane kyai jaiman, Surawijaya lumaris, malebet pekarangan, ki jaiman nuju linggih.
47.  pribadi nglekor neng lebu, Surawijaya ngadhepi, munggeng ngarsa tinakonan, sampeyan kandha ing pundi, kula dereng nate pirsa, Surawijaya mangsuli.
48.  kula tiyang kitha dhusun, pun Surawijaya name, sedya umarak sampeyan, inggih badhe niyat ngaji, anuwun wulang sampeyan, kyai jaiman ling nya ris.
49.  ngaji punapa maring sun, boten bisa emring emring, kabeh wus kadarbe uga, maring manungsa sejati, tandhane ngesat segara, tinekan sabarang kapti.
50.  enggal jengandika wangsul, tan susah ngaji mring mami, jengandika sampun kebak, angluwihi kawruh mami, kantun pangluluhing badan, genihara mendhem bumi.
51.  kula mumuji jumurung, Surawijaya nulya mit, kadya ginugah tyasira, duk sinung sasmita  deling,  ketang tan wangsul mring kutha, lingsem ing kadange sami.
52.  cipta mangsana kang ngrengkuh, mundhak angrerudah ati, nadyan mulih mring cukilnya, kelamon datan paasil, puwara kabuya buya, tanggung tanggung luwung mati.
53.  agung rinasa jro kalbu, lajeng denira lumaris, mangidul ngambah banarja, baskara tambis tumiling, mepu riwe mara wayan, cinipta jenu usadi.
54.  nabrang narmada wus langkung, bumi urut sewu prapti, ngetan anjok pejuritan, ketrek mulat milang miling, ana pomahan bawera, samun semune wus lami.
55.  krena taruna mumbuk mumbuk, pala kitri ragas agring, labaet datan piniyara, wreksa bendha geng sauwit, Surawijaya nglon cipta, ing kono patut den nggoni.
56.  mertapa mongsa ma weruh, yen bisa ngluwat jro bumi, nanging kewuhan tyasira, sapa kang sun kang akardi, nuju ana bujang liwat, duk sangking andhudhuk gasir.
57.  pacule juga pinanggul, pan sarwi anyangking kepis, Surawijaya tetanya, adhi ngriki desa pundi, lan pomahan kidul nika, samun sinten kang duweni.
58.  pun bujang aris sumaur, pejuritan inggih ngriki, nika kang gadhah pemahan, awasta ki Nalagati, gih saweg ginanjar lara, tyang serayat sampun lami.
59. Surawijaya lingnya rum, adhi minta praya mami, dika damelken keluwat, ajeng kula angge guling, adhi tulunga sedhela, pun bujang dumadak gampil.
60. pundi gone kang adhi nuwuk, Surawijaya ngecungi, nika sangking soring bendha, kalih nulya amarani, damel kaluwat wus dadya, Surawijaya nglebeti.
61. ngadhi nuli dika tutup, mung ngangge tabag kariyin, nunten urugan lemah, kang kinen sigra ngulati, antuk tabag wus tinatrap, lajeng ingurugan siti.
62.    wus rampung tinilar gupuh, melnag-melang jroning ngati, kocapa Surawijaya, kang
         angluwat jroning bumi, yekti datan cipta gesang, sinangaja megatruhi. 
PUPUH MEGATRUH
(5)
1. samantuke bujang nora tutur tutur, sinamar ajrih menawi, kang nglewat tumekeng lampus,
    mbok 
dadi seksi prekawis, mengkana ciptaning batos.
2. nadyan mati jer karepe pribadyeku, inyong mung darma nuruti, angger aja na wong weruh,
   
mongsa ta inyong tinarik, kuneng ingkang winiraos.

3. wau Surawijaya kang ngajab lampus, tapa ngluwat jroning bumi, pejuritan gyaning dhusun,
    estu 
datan malih kapti, tekad anggeleng gumolong.

4. anglanglangi wilangan lingling wulangun, nguni pariwara sangking, kyai Mukhamad yusup, lan

   
kyai jaiman warsit, tinemen ngluwes suraos.

5. ya sarasa ngusakara kara murub, kang rumarab ngirib irib, rurupan bang reng pingul, kundhi

   
kuning pinanduk kenapi, tegese brastha tan tinon.

6. krana rusak mungguh saka kehing luk, amung wajahe ywang widi, langgeng ing kahananipun,

   
iyeka isbat kinesthi, enir paningal pasal ro.

7. jroning ngurip lir panjutaba swareku, tistheng kundha gedhah rempid, datan kanginan
    sapangu, 
sayekti datan maletik, wisuda denya mencorong.

8. pencoronge amandeng wajibul wujud, byukta pamejang rumiyin, kyai Mukhamad yusuf,

   
atarkumusiwalahi, illalah panuksmaning den.

9. dupi sampuning sal tri dasa nem dalu, pitulunging ywang mranani, pracihna bawa tumanduk,

   
mring sujalma kang darbeni, pomahan sinasmita non.

10. swara sidi murcita jroning ngaturu, eh eling eling den eling, nalagati yen sira yun, ilang

     
nggonira asakit, entasen jalma kang ngandon.

11. nglawat aneng karangmu sasirih kidul, ngingsor bendha ageng inggil, wimba saranen
      satuhu, 
dadi serana usadi, purna jiwa anak bojo.

12. nalagati kaget tangi tyas gegetun, apa ta andara dasih, sajroning turu ngong krungu, swara

     
pitutur dumeling, ing kono kidul ana wong.

13. tapa ngluwat dak delenge alanganggur, sukur yen temen kang kempi, baya pitulung ywang

     
agung, menawa iya sayekti, ketara sariraning ngong.

14. ngrasa entheng kyai naladipa gupuh, dandan pacule cinangking, lendhang lendhang kesah

     
ngidul, ngingsor wreksa bendha prapti, ana siti anyar katon.

15. kang kinaryo ngurugi luwang wus temtu, bungah kyai Nalagati, andara dasih impenku, nulya

     
urug urugan siti, binuwang wonten sayektos.

16. jalma siki angluwat tinon wus layu, sawang layon wondha putih, Nalagati lon matur, shuh
      sang 
mangun tarak brangti, lilanana sarira ngong.

17. yun mondhonge sampyan kula bekta mantuk, mring wisma kawula inggih, lan boten niyat
      cipta 
dur, ming sangking mirma ningali, menawi kelajeng layon.

18. sawusira matur gya ingangkat mantuk, sinarekaken aririh, ing amben sayana alus, kajang

     
sirahnya rumanti, datan usik sang wirangrong.

19. nulya kinutugan kukus sekul biru, lathi kinecer jruk bayi, palaling ywang dangu dangu,
      purneng 
bayu wus bisa sik, sang tapa gya lenggah alon.

20. Nalagati sanalika sakitipun, waras lan saanak rabi, samya ngadhep munggeng ngayun,

     
Surawijaya ngling aris, paman lir paran kang wados.

21. mangke badan neng ngriki dumunung, lan paman sinten kang nami, alon denira umatur,

     
kawula pun Nalagati, pemahan ngriki kang manggon.

22. nuwun pirsa sampeyan sinten jujuluk, nauri kula tyang miskin, Surawijaya nganingsun,
     
ambelayar tanpa panti, ngupaya marganing layon.

23. ngasih asih nalagati aturipun, angger sampun ngajap lalis, limrahing titah tumuwuh,
      nandhang 
papa sawetawis, menawi karya panyepo.

24. sinten priksa kamulyan tembe pinangguh, mila sayogya ginalih, kang amurih reh rehayu,

     
pinuwun kawula mangkin, wontena ngriki kimawon.

25. amulihken sarira ing risakipun, sakadar kula tyang alit, sakuwaos kados gaclug, ngladosi
      saka 
puranti, kamirahan ywang sukmanon.

26. lamon sampun purna sumongga sakayun, kawula jumurung puji, Surawijaya ngling arum, gih

     
paman tarima mami, kawlasan dika maring ngong.

27. moga Allah paring wales tyas kang tuhu, karahayon ngawal akhir, luwih kapaotangan
       ingsun, 
gih pinten bara ing benjing, bisa mangsulken tyas batos.

28. ya ta lami Surawijaya dumunung, pejuritan ngusadani, risake sariranipun, nalagati jalu estri,

     
sanget nggenira gumatos.

29. winursita kalih condra pulih sampun, sarira seksana amit, akarsa nutugen laku, nalagati

     
managastuti, sarta ngaturi pisangon.

30. werni karan winadhahan usus usus, kolor saruwal rumanti, manis jangan tunggilipun, kayu

     
legine sakedhik, saruwal sigra ing nganggo.

31. nulya mangkat Surawijaya lumaku, mangilen angambah tegil, tindakira kapirangu, yatneng

     
tresna nalagati, ngungut sanget ing gumatos.

32. nekuk ngidul anjog kisik samudra gung, setya dereng niat mulih, mring kutha sayaseng
      dangu, 
kacaryan reh ta kitaki, tumutur telenging batos.

33. malak mandar wimbuh ardanireng kayun, sumuksa mertapeng wukir, sedene gutho
      kasamun, 
mangayu bagyanig budi, dadiya lena linakon.

34. nurut kisik mangilen lumampah darung, ngemut karag tomba salit, surating baskara mepu,

     
wanci madya lir gesangi, sangsareng jiwa tan tinon.

35. langkung denya amemati raganipun, wus liwat ing cingcing guling, trus pasthi maminggah

     
gunung, anrang pringga wukir kancik, kathah kapranggul buburon.

36. sato wana anggiwar tan ana ganggu, sarpa lodra jalu jalu, kapethuk nyimpang lumayu, mong

     
bantheng menjangan kancil, katerak malumpat bekos.

37. yen kaleson reren sangisor wreksa gung, yen arip turu gumlinting, ngangge karang ngulu
      watu, 
jroning tyas cinipta guling, sanengti lampus pakaot.
38. sota nikmat mahywa panarima mungguh, tangi turu gya lumaris, tan ngangge milih
     
delanggung, nasak wit saparan sikil, mungguh tumurun jurang jro.

39. murang marga angambah kang siluk siluk, kesangsang sangsang penjalin, tarwiyang
      tansaya 
wimbuh, giranging tyas tandu ngancik, laladan ing karang bolong.

40. kehing guwa guwa den ungak sedarum, tan ana den kasenengi, karya asrama manungku,
     de 
guwa ngungkung udadi, dedalane gawat elok.

41. guwa karangbolong writ angker kelangkung, keh durbiksa mrih durniti, gegodha memurung

     
tuwuh, yen wantah sayekti baring, binabidhung ing gendruwo.

42. rehayune keneng mala budheg bisu, suwung ati tuna budi, badan kurus weteng busung,
      bosok 
kulit daging mamring, kari tulang dadi jrangkong.

43. nanging mungguh manungsakang ingsi ngelmu, ngelmu makripatullahi, dhasar nistuda

     
tawajuh, binusanan tarak brangti, tarbukeng tyas waskitheng don.

44. sinung kalis durmalaning setan juhud, sasedyanira lestari, prabawa bakuh tumangguh, was

     
ketir ketir swwuh enir, nerak pringga baya wutoh.

45. lajeng denya lumaksana alas rungkud, ing blang konang den unggahi, dangu lumingling

     
mangkya wruh, guthoko jro tinon dani, wenimbuken kencana los.


PUPUH MASKUMAMBANG
(6)


1. aran guwa menganti sinawang edi, wiwara bawera, anulya dipun lebeti, margane rumpil
     kabina.


2. pan tinurut ginagap gagap ing sikil, lelumut kumeclap, kadi tan bangkit lumaris, padhas

   
dhedasaring marga.

3. sanalika Surawijaya manganggit, darpa nrak babaya, yen wania maring gampil, jrih angel

   
wurung panyipta.

4. esthining reh sngel atanapi gampil, kaantep sajuga, ing purwa punapi, jer kita kang
     bedakena.

 

5. dadya saya sengkud denira lumaris, rarasing pandriya, binudi dadya mranani, malar mimbuhi

   
subadya.

6. wusing prapta jro guthoka amiyarsi, ywah amara wayan, nanging ta datan kaeksi, sangking

   
limut lamat lamat.

7. mung pengrasa kang karasa mracihnani, nian sidyanira, Surawijaya mertapi, munggeng sela

   
sumayana.

8. tapa linggih amadhep karseng suksmadi, asta kering kanan, tumumpang ring pupu kalih,

   
mresing tyas anglebur rasa.

9. iya rasa kang angraras asma kalih, kang purwita jasad, linebur kinarya urip, uripe linebur

   
mongka.

10. rasa prelu tandya linebur kinardi, susmaya samepa, susmaya linebur dadi, jisim latip kang

     
lawiya.

11. ri sampunya geleng gumolong pangesthi, wa gyut ngalad alad, surating dat angebeki,
      subadya 
amot wasesa.

12. jro wisesa amot ing purba sejati, Surawijaya trang, titika sabilik bilik, tarbuka ning
       matyastama.

  

13. kuneng ingkang lagya ngeningken pangeksi, neges karsaning sang, dumunung guwa

     
menganti, mangke mangsuli carita.

14. duk nalika pangran puger lan kang rayi, pangran Martasana, miwah pangran Singasarri,

     
kairing sawadya bala.

15. wangsulipun sangking tanah tirta rukmi, tinuduh sudarma, ngrebat negari mentawis,
       mengsah 
lawan Trunajaya.

16. ing pasisir kidul ingkang den margani, saben mesanggrahan, narubken para ngabei, lan

     
patinggi desa desa.

17. sowan sarta sudhiya kartala jurit, rumojong karya prang, sanggen mesanggrahan gusti,
       saos 
saos sanaos wega.

18. dupi lajeng mangetan wong agung katri, patinggi ing ngagya, binage bage karyeki, ana
       kalane 
binekta.

19. lajeng ngetan kang badhe ing ngaben jurit, saweneh tinilar, kinen sami pacak baris, patinggi

     
desa kerigan.

20. ya ta wau pangran puger lan kang rayi, kendel mesanggrahan, neng desa wawar pasisir,
      ing 
wismane wreganaya.

21. kang nguyuni wong desa wawar pasisir, demang wreganaya, keringan macapat jalmi,
      jalaran 
daya berbudaya.

22. kanan kering patinggi samya suwiwi, marang desa wawar, sumambita ngarseng gusti,

     
samekta busananing prang.

23. sapta dina denya mesanggrahan nenggih, ngabei kerigan, tanapi para taruni, kang wanter

     
maju pakaryan.

24. jeng pangeran puger milihi sujalmi, ingkang winursita, ki Honggayuda semangkin, ing kutho

     
pinuju lagya.

25. tilik dhateng desa wawar krana dening, Honggayuda dadya, suta mantune pangarsi, kyai

     
demang wreganaya.

26. jeng pangeran puger uninga langkung sih, andangu mring demang, werganaya sapa iki,
      kang 
ngladeni saben dina.

27. marang ingsun tapsilaning luwih becik, werganaya nembah, gih punika mantu siwi,

     
Honggayuda dhusun kitho.

28
. pangran angling iya mantunira iki, cekel gawe apa, werganaya angot sari, dereng cepeng
      
pendamelan.

29. wonten kitho aming inggihnya nyepahi, ing mitra wangsanya, jeng pangeran gya nimbali,

     
Honggayuda sowan ngarsa.

30. ngandika rum eh Honggayuda semangkin, wit parentah ingwang, sira dadia patinggi,
       anyekela 
desa kutho.

31. sarta desa sakiwa tengene ugi, kang nyekel prentahan, sira ingkang mituwani, iki sun
       paring 
tondha.

32. ora susah sira ndherek laku mami, becik bali kutho, ing kana pacak baris, tarubena wong
       ing 
desa.

33. tandya sujud Honggayuda awot sari, pukulun sandika, amundhi sabda jeng gusti, jeng
       pangran 
gya budhal ngetan.

34. Honggayuda wangsul mring kutho wismeki, natrapken parentah, gancanging carita uwis,

     
ambwah disa sadesa.

35. amung cacad jro jaman dahuru maksih, esuking ngesukan, singa kang rosa pakolih, desa

     
kathah tetukaran.

36. mene gancaraken terahing mentawis, sang sunan mangkurat, kang madeg prabu ing tegil,
       ing 
budhalipun mangetan.

37. pasisir ler wau ingkang den wiyosi, kedhiri jog ira, anglarag Trunajayeki, reroncene tan

     
winarna.

38. amung mendhet gancare ingkang kinawi, tempuh ing ngayun, trunajaya wis kajodhi, nagri

     
mentaram kapegat.

39. jeng susunan mangkurat tandya nglenggahi, prasada mentaram, nguyuni kang rayi rayi,
      nagri 
arja karti karta.

40. wang wang kraton pindhah sangking ing mentawis, nenggih kartasura, semangke
      prasadanaji, 
tulus panjenengan Nata.

41. ri sampune surud kanjeng Sri Bupati, mangkurat ginantyan, ing putra pangran Dipati, juluk

     
Sunan Mangkurat Mas.

42. datan lama jalaran selir widyasthi, karaton ginantyan, dening kang paman sudarmi, jeng

     
pangran puger sudibya.

43. jenengipun sae kapraya kumpeni, kasub kaoningrat, jujuluke Narapati, jeng sunan mengku

    
buwana.

44. pan sinigeg mangke carita mangsuli, kang amanting jiwa, tapa neng guwa menganti, tan

     
kawruhan laminira.

45. krana sangking peteng tan wruh rina wengi, marmaning ywang suksma, kang ngasipat
      rahman 
rakhim, ngudaneni setyaning tyas.

46. jroning karna yayah lir kadi pinetik, Surawijayenggal, yatna ring sawiji wiji, panaul pan wus

     
luwar.

47. ngungun astanira anggegem cumethi, tinurut ginrayang, satuhu wonda penjalin, laras
       sotaning 
sarkara.
 PUPUH DHANDHANGGULA
(7)
1.   mijil sangking jro guwa menganti, prapta jawi ing padhang hawa, baskara tembe mencorong, amyang sunaring mepu, kadya ngebang ebang kang lagi, oncat lawanging guwa, bela tranging kalbu, bangun kadayan wiraga, lesah brastha burbuwah yayah kabesmni, dening geng tarak brongta.
2.   kanang camethi dipun tingali, langkung listya sukur ing ywang suksma, lumampah mangetan alon, ngambah jujurang trejung, alas pringga wukir kang inggil, tinerajang lumaksa, keh swara karungu, unining taksaka lodra, sato sato ting garopyak kanan kering, tuhu solah ngrubeda.
3.   Surawijaya kacaryan ngancik, wana rungkud keh wreksa goraya, pan ing kono alas moros, wingit angker kelangkung, pasthi datan kaambah jalmi, sanadyan sato wana, tan bangkit lumebu, ing moros kabina bina, panggonane jajah lanat banaspati, berkasakan lalembat.
4.   jalma ingkang mara mara mati, sato mara bali yen ameksa, tinruh ing setan kong kang, Surawijaya mangsuk, alas moros den dalajahi, kodrating ywang reharja,  setan nora ganggu, Surawijaya graita, iki alas hawane beda pribadi, tinimbang lan kang liya.
5.  baya iki unggyaning  dhadhemit, dene datan ana sato kewan, siji kang saba marene, mung manuting kelabruk, warna warna awera wiri, yen ta aja alasa, ran udyana pangut, lah ya sun cobane uga, kaya ngapa satemene alas iki, dene semune beda.
6.  Surawijaya kendel alinggih, sarya bukti kembarag samatri, sedya anyipengi kono, mangke baskara surup, gara gara kathah dhatengi, ilu ilu janggitan, banaspati mungup, ana weneh warna pukang, tanpa gembung kang gembung tanpa sikil, weneh bau kewala.
7.  ana sirah kewala gumlindhing, geter pater erawati ngakak, kadya pinusus wreksa sol, ting baledhos karungu, bumi obah yayah ginunjing, tuhu kaliwat gawat, ing moros alas gung, sajeg tan ana wong ngambah, pan ing kono udyananing lembut wasi, nujum Sri wanodya.
8.  inggih wasta kumbang ali ali, geng ngaruhur kalih gajah, sudibya sidik tingale, kang darbe taman santun, alas moros marma sru werit, wau ta sang tarak brongta, genira tapakur, andungkap bangun raina, godha sirna lir sinapon maruta ris, raras mangsung ngastama.
9.  wau nujum kumbang ali ali, yus cangkrama mring moros udyana, dupi meh prapta lampahe, kaget sang among giyuh, denya myarsa swara ngrinuhi, kadya kombang awen wran, tan antara dangu, anjanggeleg neng byantara, rupa jalma jenggot rawis godheg wok bris, untu seta gumilap.
10.  netra mancereng tinon ngajrihi, Surawijaya ngunandikeng tyas, lah apa iki jinise, baya kang darbe kuwu, alas kene drubiksa ejim, tandya pasang penolak, lalengkaning ismu, jaba ing jro sinampurna, gora sabda nujum kombang ali ali, lir geludhug swaranya.
11.  eh manungsa ing ngendi sireki, wani ngambah ing ngudyananing wong, apa bosen urip kowe, sajeg siji pan durung, kambah jalma mung sira wani, ngancik tan paikara, lah ngakuwa gupuh, aja sirna tanpa aran, sun danguwa sira tunua wor bumi, jalma tingkah deksura.
12. Surawijaya mendhak mangsuli, estu boten sungaja, deksura sangking tyas bodho, lumaksa tingal kuwur, puwareng don ngambah ing ngriki, rumaos ageng lepat, mung inggih nenuwun, sreda wlas aksama tuwan, kang semanten sumangga ngukum ing dhiri, rila prapta ing lena.
13.  gumuywa ngling kumbang ali ali, eh manungsa sira prameng basa, wruh ing tata paitane, sun ngapura sira wus, kita uwis weruh sayekti, myang asal usulmu, tan susah sireku pajar, wruhananira ingsung kumbang ali ali, nujum Sri wanodya.
14.  hiswara gung samudra nglungguhi, iki alas moros tamaning wang, aja si sira asale, yen tan weruh aningsun, nadyan karti kang durung lair, lire durung kalakyan, uga kita weruh, asalira desa kutho, aran Surawijaya kentarmu awit, kena lara katrapen.
15.  sinikang mring kadangira sami, temah sira ngayam ayam lena, apa bener batanging ngong, Surawijaya deku, estu leres tan wonten sisip, lembut nujum lingira, lamon sira ayun, pawong mitra lawang ingwang, bokmenawa keh wimbuhira pangreti, pangawruh panujuman.
16.  Surawijaya matur mlasasih, kadya pundi wiyanga kawula, upami sinudirape, sukur saleksa sukur, tug tan cala satang jaladri, mongsa wonten manggiya, bagyaning tumuwuh, sisiring jasad kawula, rinuwiya ring sang maha muni, musthikeng jaladiyan.
17.  Sasat paduka nguripken pati, mangsung wijah wijah kesusahan, lebdajiwa pinanggihe, mugyes tuwa sang ngulun, mronawaken limuting galih, sumangga sariramba, sapa ngreh tumutur, dadya saya sih umiyat, sanalika jinujum kumbang ali ali, marang Surawijaya.
18.  gya mahyaken ghaibing pangaksi, alas sirna katon taman sekar, linuwih uparenggane, tareman sri anglajur, puspita jreh tur adi adi, bale bangunan juga, Surawijaya duk, uninga kadi supena, lalu eram umiyat saka puranti, wangunaning ngudyana.
19.  Surawijaya den ajak linggih, munggeng bale bangunan tembaga, wang wang agunem miraos, eh mitra ingsun tutur, bakal ana ratu kekalih, purwane pangrat buta, tanah jawa bisuk, dahuru tri dasa warsa, para pangran kusuma terah mentawis, sapta kang amurwa prang.
20.  nanging mung kalih iku kang dadi, pangran kang lima karyane lebar, titenana lelejeme, sangking gelaring pupuh, lan wewatak muna myang muni, santosa wirutama, wanter ring prang pupuh, tan ulap kurugan mengsah, datan wani lamon angurugi tandhing, berbudaya sih ing wadya.
21.  yeku pasthi kang dadi Nrrepati, tanah jawa sinigar semangka, dene kang siji bakale, dadi sosoran ratu, ya ke bawah marang Nrepati, anging ora kaprentah, milya reh gurnadur, mungguh wewataking yuda, kadya singa lodra krura gegilani, nanging iku mung gelar.
22.  lamon mungsuh teteg nanggoni, nadyan ngerob bana wikel sapta,datan sida panempuhe, temah ngelamparang mundur, yen mungsuhe ginretak wedi, pasthi yen banjir bandhang, nempuh amba rubuh, bisuk sira suwitaa, mring Narendra milya pasamuan jurit, dadi prajurit tama.
23.  saenggone yen sira kapipit, nuli ingsung undangen glis prapta, sun tuturi papatike, yen wus ngundang katwengsun, tumbakira degna ing siti, sun prapta ngancik tumbak, warna wernara gung, sun alingi badanira, wau kumbang ali ali muruki, papetik cintathetan.

24.  langkung nuwun nuwun kang sinung sih, kumbang ali ali lon mecana, wis mitra sun arsa muleh, lap sampun tan kadulu, taman sari ilang kaeksi, alas kadya duk mula, Surawijayeku, sukeng tyas marwata suta, kentar sangking moros lampahira aris, ngetan nabrang bengawan.
25.  trus mangetan angambah kekisik, saben sungapan we sinabrangan, nurut kekisik lampahe, meksa dereng yun wangsul, tanah kutho kacaryan dening, wirayat nujum kumbang, ali ali wau, ciptanya Surawijaya, tembe lamon milya pasamoan jurit, ywa kuciwaning karya.
26.  suksaningtyas Surawijayeki, ya senapatining prang, kinanthi swara gedhe, marma saya anggregut, dera mredi jaya jayanti, kaluwihan ngayuda, maha janeng kewuh, malar dadiya darsana, myang miwiti kaharjan sawuri wuri, mungguh dumdyeng dunya.
27.  lamon enjang mangetan lumaris, prapta baskara wanci samadya, yen surya gumingsir ngilen, mangilen trus lumaku, kadyanggane angon hyang rawi, dahat amanting jiwa, cipta kudu kudu, sinembadan dening suksma, lamon arip saunggyan unggyan gumlinting, tangi nulya lumakya.
28.  pinetangan antuk madya sasi, denya ngetan mangilen lumampah, nulya kendel wukir brecong, lering samudra kidul, gunung alit pinggir jaladri, pinendhem sariranya, pasir wates gulu, sareyan sirah katingal, ngeningaken pandulu brongta semadi, maneges karsaning ywang.
29.  dupi antuk kalih dasa ari, winursita kyai naladipa, desa gunaman wismane, lumaksa sedya adus, mring segara amung pribadi, samarga ngura ura, lan tabuhan tutuk, prapta ing brecong tumingal, ana jalma badane kapendhem pasir, sirahe katingalan.
30.  pinrepekan den iling ilingi pandugane jalma wus palastra, sareng waspada tingale, pratela dereng lampus, nayadipa micareng ngati, baya iki wong apa, semune mlas yun, muka ireng kasorotan, ing baskara wetaraningsun wis lami, ngong tulunge menawa.
31.  kelawasan menek prapteng pati, nayadipa wangsul gegancangan, denya yun adus sinande, praptaning wisma gupuh, suta kalih dipun bisiki, payo maring segara, padha atutulung, jalma kaurugan kisma, anggawaa lincak pikulan wong kalih, suta dwi tan lenggana.
32.  gya rumanti lincak tri lumaris, lampahira dangu sampun prapta, panggonane kang mrih layon, ngadhep ing raganipun, nayadipa umatur aris, anak ngapunten dika, kula tan niyat dur, mung setya tulung kelaran, mangke anak seja kula bekta mulih, dhateng dhusun gunaman.
33.  nulya dhinudhuk sang mangun garing, tanpa polah dyan sinungken lincak, wastra mongka pepayone, sigra pinikul mantuk, prapta dhusun gunaman munggying, wisma sinarekena, kinutugan sekul, biru lan kinecer jeram, parmaning ywang kadayan timbul anglilir, lenggah yatneng nistuda.
34.  nayadipa jalu estri tuwin, suta kalih angadhep neng ngandhap, angladosi toya benter, dinuga purna sampun, nayadipa umatur aris, angger tigas kawuryan, sinten kang kujuluk, nian ing pundi kawuntat, gih pun bapa nuwun apunten geng sisip, lumancang sangking karsa.
35.  lon nauri wau sang mangun gringadhuh paman kalangkung tarima, setya welas mring wak ing ngong, kapotangan saestu, pinten bara bangkit malesi, mung Allahutangala, kang ngasipat kayun, mokal yen kasamarana, wa annahu inalaha lahaniyi, laesaka misliha.
36.  enggih asal tiyang kutho mami, delap kang sami sudi angundang, Surawijaya raningong, ki nayadipa matur, sukur angger mredi subrangti, calon jalma utama, anyenyadhong wahyu, apan sampun dados ngadat, singgih sugih panumbase lara pati, mengkaten sedyan dika.
37.  Surawijaya mangsuli angling, adhuh paman daya mengkatena, mikati wahyu dunuge, sasat kinging kinayun, anak putu sawuri wuri, dene wit kula nekad, kudu genjah lampus, sangking tan saged ngrasakna, kasangsaran kumprung ati tuna budi, nglalu angur matiya.
38.  urip amung ginuyu akeh jalmi, nayadipa gumujeng tur ira, yekti tan pinanggyeng raos, yekti yang kumprung pengung, tuni budi boten darbeni, kaniyatan subrongta, lan nyuwungken wadhuk, nadyan ginuyu keh jalma, miwah lamon kasengsaran aming ngangis, peng pengane bebriman.
39.  inggih agger amurih prayogi, ing semangke kendela wismeng wang, mulihken slira risake, ywa kuwatos ing kalbu, menggah sandhang tanapi bukti, kamirhan hyan suksma, ing sakadhar cukup, benjing yen sampun waluywa, pan sumongga karsa pun paman jurungi, ngastuti sang subrongta.
40.  winursita sadangunireki, Surawijaya aneng gunaman, tan kirang wimba sarane, nglairken setyeng kayun, nayadipa angangken siwi, asal kamulanira tinutur sedarum, angger kawula puniki, sangking wawar asli kula duk rumiyin, pindhah wonten gunaman.
41.  yen den angken kadang misan inggih, lan pun kakang demang wreganaya, pun nayadipa raningong, kalanira angrungu, pan kumepyar sotaning galih, nenggih Surawijaya, kalingane iku, nayadipa prenah misan, lan si kaki wreganaya wawar desi, lan sun kaki temenan.
42.  mendah lamon belakaa mami, ngaku putune ki wreganaya, kayangapa kusung kusunge, sun simpen becikipun, ywa kawedhar memurung kapti, gampang katemu wuntaka, yen padha rahayu, ya ta nyai nayadipa, saben ari lalu denira gumati, niskara sinawekara.
43.  denya masak masak salin salin, ulam dharat miwah mina toya, pinurih eca buktine, wau kang among giyuh, mung ngecani sarak gyan bukti, cegah eca astama, amangesthi tuduh, tuduh ing tyas mula buka, sapangutan lali wayah wus angulit daging tumusing tulang.
44.  lan anyathet wirayat nguni, sangking kumbang ali ali wipra, nadyan lir kamukten mengo, mene sagyeh kadulu, sumawana nikmating bukti, samatra tan karasa, malah malad kalbu, reh nyikep ambek satriya, sinasaban barukut ywa katupeksi, sinamur pagujegan.
45.  kuneng wus sira intuk sesasi, sang mangun gring pamit yun lumaksa, anutugaken niyate, nayadipa anggandhul, nyemayani dwi ari malih, jalaran wus ubaya, purnane ing bisuk, nayadipa yun anyadran, ngempalaken tyang sadesa angluwari, pratigya boga misra.
46.   sang wira ge nuruti punagi, nayadipa wus maragat domba, sarta kathah belanjane, kumpul sagung nak putu, kadang mitra dipun ulemi, wong sadesa kempalan, nglancak sanes dhusun, cepak saupakaranya, pira pira asahan segane putih, becek wedhus nonoman.
PUPUH SINOM
(8)
1.    lawuhan keh warna warna, sadaya pepak rumanti, nayadipa ngujudena, nyadran aminta basuki, anak kang mungun gring, tineknan barang kayun, arta wajib tigang wang, kaume bungah nampani, suka miyat ambenge geng ageng pethak.
2.    andonga ngelantur cetha, paningale mondar mandir, ngungak ungak ambeng kathah, ing batin bungah kepati, emut kang kantun panti, mengko saanak bojone, wareg amangan brekat, wetenge padha balendhing, iki uwong nyadran ora ketanggungan.
3.    pesthi luhure sedaya, saurute kang wus mati, padha intuk kanugrahan, neng swarga amangun mukti, panganan adi adi, teh cengkuweh gula batu, turu kasur genderan, kemulan deg kaapit guling, penggawene ya si adhi nayadipa.
4.    iki pantes tiniruwa, maring anak putu sami, lamon anduweni ajat, aja padha ngeman dhuwit, wekasan nora becik, siya siya mring luluhur, kaum nama dulajabar, wegig dhasar bangkit ngaji, mila kathah sorahe mangsung wirayat.
5.    mring kang padha kekepungan, nyaritaken dalil khadis, kang kenduren ting kecapah, jangan becek wus dinagi, warata angijeni, takir ponthong dhawahipun, sasenenge kang mangan, beneh beneh karem neki, weneh nguyup nutul ngokoh sinangaja.
6.    mangan sambi brol ebrolan, saur sinauran genti, nyaritaken lampahan, wang wang kyai nuridin, obrol sinambi bukti, nutul becek ngamuk amuk, iki kenduren misra, ora ngilangaken kardi, agi dina wingenane nyong cilaka.
7.    nyander nganam anam tampah, diundang pamane jungkar, jawabe ajat sidhekah, anyatus dina kang mati, nyong gugup ninggal kardi, mongsa wurung weteng mlenthu, brekat maregi rayat, kalingane luput teksir, ambneg siji kinepung wong wolulas.
8.    deya segane putiha, abrang jembrang tur amrisil, lawuhe mung kelubanan, duljabar nambungi aris, lah ika pane jungkir, terang ing kitab kasebut, gaweya ya marang, pamane kang wus mati, aneng kubur mesthi pinipit ing kisma.
9.    ginada mring malaikat, malah nganti kapecirit, ora kodag kodag sidkah, lah mbok aja dilakoni, agawe cuwa maring, kang diundang ting kejumut, udan wudak tinerak, wekasan ora ngudhili, kathah sami gumuyu wong miyarsa.
10.  wonten kang usul tetanya, mring duljabar niti niti, napa estu mengkatena, kaum duljabar nauri, lah iku uwis pesthi, wong mati kang aneng kubur, li warise kang gesang, yen akeh sidekah neki, maring kaum sumawana aweh lenga.
11.  kubure padhang nerawang, lan wareg datan pabukti, seger bregas kuwarasan, samya ngungun kang miyarsa, kathah lamon winarni, kang saur sinaur wuwus, rampung kenduri nulya, pating kurangsang ambagi, brekat samya binuntel ing gimponira.
12.  kantun bubare kewala, sadaya wong medhar deling, mangastuti jaya jaya, kamulyaning sang mangun gring, tinekana sakapti, mangastuti kang sinung wuwus, langkung tarima kula, panjurung ngira pamuji, kehing jalma gya ngangkat brekat bubaran.
13.  pating kecikuh lumampah, Surawijaya nulya mit, kentar angaler sineja, wirandhungan mandheg mulih, yatneng sih mitraneki, dhasar krabat testuhu, moga ywang maha purba, aparing wawales ing sih, malak mandar winestu weng lebda jiwa.
14.  kapungkur dhusun gunaman, trus ngaler Kebumen prapti, anekuk lumaksa ngetan, nguladara tinon kadi, layangan singsal sangking, tetali kabur katawur, ing niyat dereng sedya, wangsul mring kutho wismeki, sarpa sarpa nglajengaken masuh jiwa.
15.  mangenget enget wardaya, denira yun taki taki, milih panggonan asrama, dupi lampah ira prapti, kali salam ing ngali, sri genggenging bulupitu, yatna kojah wong tuwa, jroning bulupitu wukir, ana ingkang ngedhaton jalma kajiman.
16.  wanodya yu mahambara, lan ratu kidul meh siring, kebite tunggal pinongka, pejajaran trah Nrepati, sami kadang dyah adi, nawang nging ngrat ingkang sepuh, kang anom nawang wulan, wanodya kalih berbudi, gora ing tyas suksa munjuli sesama.
17.  gya mretapa gunung kombang, sangking genturing mretapi, nging dereng wrin ngilmu rasa, rasa rerasan kang jati, pisah kumpuling jinis, kesusu tapa anjungkung, kerut karti lalembat, bali manungsa tan bangkit, puwareng don dadya manungsa kajiman.
18.  linggare siang gunung kombang, kang sepuh jumeneng ngaji, samudra kidul prasada, kang nganem ngedhaton alit, ing bulupitu wukir, mangkana caritanipun, sangking kebit niscaya, Surawijaya mangkyosik, anginggahi mretapa ing bulusapta.
19.  yen pinareng karsaning ywang, minitra lengkaning wukir, lamon tan pinujweng sedya, suka nemahana pati, gya nimpang ngaler kedhik, tandya mangetan anerus, prapta suku ancala, tinon pakewuh linuwih, ketrek mangu mangoning ngulati marga.
20.  kebekaning tarulata, gelagah tarlengis lengis, puyengan myang ngayangan, lir sung wiyang kang lumaris, rukem rukem ri bandhil, dhedheg malilit gumandhul, ngrembyuk predapa wreksa, apindha dwaja tulya sri, pring ngori grit yayah surak maguting prang.
21.  maruta musus manampyak, wor swara kukila muni, kadi menggak menggak lampah, wangsula kang ajrih brangti, bulupitu sru wingit, keh bebaya mugut tuwuh, kadya mangkana uga, esthi swara kang kapyarsi, wang wang Surawiajya wimbuh gambira.
22.  mendah darma kamandaka, miris sapringganing kardi, upama wangsula merang, mumurung reh taki taki, dyan mangsah anginggihi, miyak galagah kang tepung, kesangsang lata sinrang, anganciki curi curi saya gora tyasira Sutrawijaya.
23.  ngetan mengaler sumengka, kumyuswe angga umijil, arda mepuning baskara, mempenge kulandaragni, ilining riwe yekti, cinipta jenak majenu, malah karya astama, maberawa ngusadani, doning raga ngethok kinupina purna.
24.  sangeting salit rikala, ngemut kekerag sakedhik, kayu legi manis jangan, timbul kadayan ngranuhi, ngangsen denya lumaris, bayuning jiwa tumimbul, urdining pariwara, kyai guru bojongsari, winestu ring kyai jaiman selang.
25.  mongka kondhanging subadya, nujum kombang ali ali, katri pisan witaredya, saranane amranani, Surawijaya ngesthi, ambirat iwuh pakiwuh, kuneng wonten kang prapta, kidang sji kempis kempis, gubel suku tinon lir ngrubeda lampah.
26.  jalaran kidang binedhag, sarpa jaler yun binukti, tinut saparaning kidang, pelayune niba tangi, dupi wruh wong lumaris, ngruket semu minta tulung, Surawijaya mulat, ingkang dang datan andugi, nulya ana swara kumresek kapyarsa.
27.  sarpa lanang geng sapucang, ngakak tantara dhatengi, Surawijaya graita, lah iki babaya prapti, nyata werit linuwih, yaning gunung bulupitu, apa sarpa temenan, apa drubiksa memedi, yen drubiksa sukur ngong tumekeng lena.
28.  sarpa magut naut jaja, gumilir datan nedhasi, ngulet arda banting jiwa, molah lir alun jaladri, Surawijaya angling, sikara si ula jalu, bremantya gya anyandhak, cangkeming ula sinebit, wus suwak brak sarpa sirna kapisanan.
29.  kidange lumayu ngithar, Surawijaya lumaris, meh ngancik madya ancala, ngupaya enggon prayogi, nasak amilang miling, dereng manggih kang  sinarja, dyan sumengka mangetan, umyang swara kapiyarsi, unine kang kukila barung maruta.
30.  manempuh wreksa goraya, pindha swaraning ngudadi, mangsung kesaring wardaya, sotaning jiwa muring ring, ringas riwe umili, lumaksana rangu rangu, ngungak mangetan mulat, jurang rumpil den edhuni, ereng wukir ana parigi kawuryan.
31.  kamantyan wening udaka, marta udangka ran neki, kakenan dumadya carya, ketrek sapinggir parigi, sigra andaut uwit, gedhang kle keluthuk sewu, tinandur mung satunggal, munggeng sandhing mangunteki, parmaning ywang wit kele tumunten gesang.
32.  lemu kadi ing ngububan, Surawijaya mertapi, saneng parigi sandhingnya, laminira tan winarni, gedhang kle amawohi, satundhun kalimis alus, matenge tut satunggal, ingkang mateng gya binukti, lami lami gedhang satundhun telas.
33.  telase satundhun pisang, Surawijaya murwani, maneges ngeningken cipta, tarkumu siwalah sidi, ngeningken sanggya napai, kewala wajibul mujud, kang pinanduk nistuda, mati sajroning ngaurip, tinumplek sok antepe Surawijaya.
34.  kocap tembayaning cetha, kiyase para mungalim, pangeran asipat murah, sipat asih khukum ngadil, wajibe mokhal myang jais, sarjana pangriptanipun, wajib wus pasthi ana, mokhale dipun mardeni, saniskara kang datan pinanggyeng ngakal.
35.  jais tegesipun wenang, Allah sakarsane dadi, murah murcita ring wahya, asih kang rumarab batin, mungguh kang khukum ngadil, tumrap ngibarat teraju, kang temen tinemenan, sapa goroh den gorohi, ageng ngalit sayekti tinemu uga.
36.  karana Surawijaya, temen denira subrongti, ening tyas ngesat samudra, nistura winales ing sih, sating samudra sahir, timbre sirna lir binesut, jisim pama tembaga, soroting dat pama rukmi, tarak brongta pama urubing anala.
37.  ngelmu rasa kawinira, tetepa ngluluh ing budi, sampurna sae kabadan, ilange tembaga rukmi, pan wus mancala werni, suwasa ing namanipun, yeka wreksa cendhana, gandane jro jaba sami, sanalika tumus susetyeng pamudya.
38.  bulupitu mandangkara, kapanduk mepu ngranuhi, kadya tinuhu baskara, saingsining alas kingkin, tanbuh solahnya ngungsi, tan antuk marta sapangu, myang cethi pri kajiman, kepanasen kontrang kantring, kaget mulat kusuma lengkaning ngarga.
39.  salah graita wecana, apa ta wadine iki, beneh lawan adat saben, gya busana sang retnadi, maneka neka dani, dasa sarwana luwih ayu, kusuma nawang wulan, tangeh ana memper mirib, pan wus ganjarane manugsa kajiman.

40.  anom nora kena tuwa, kretarta sumbaga sekti, putus ulah dhesthi guna, erus ing paningal sidik, murtining ngarga mijil, dhinerek parekanipun, sayekti datan samar, yeka kang pratistheng beji, ingkang karya prihatin ingsining ngarga.

41.  pinethak manungsa tama, cihna tinarimeng widi, karsanira pinanggihan, sapraptanira ing beji, gupita sang mangun gring, duk mambet gonda tulya rum, sampun ngira wardaya, iki lalengka kang prapti,trandya pasang panolaking ponca baya.

42.  mapan tapakur linggihnya, ya ta kusumaning wukir, ambuka kijab paningal, kawistara munggyeng ngarsi, eram denya ningali, sang tapa usik jro kalbu, apa ta iki uga, kang kocap tembaga kebit, ran manungsa kajiman ing bulu sapta.

43.  sajeg ngong durung umiyat, rarasing won datulya di, lah punapa waranggana, dene teka liwat luwih, yen tetakona mami, menawa kelajok luput, becik meneng kewala, gampil yen wis den wiwiti, wang wang ngliring kusumaning ngargapura.

44.  lir madu tumetes kilang, gumriyeng manis menuhi, sarta pamedharing prama, kabudayan guna dhesthi, sang tapa wruh ing ghaib, panolak campuh amusus, lebar tan paikara, pareng bangkit lir pangesthi, sang dyah ayu wecana anilakrama.

45.  dhuh manungsa kang subrongta, jinarwanan sun iki, andika sinten sinambat, lan pundi wisma kawuri, teka kaliwat dening, amemati raganipun, punapa tan sumelang, menawa temahan lalis, gya nauri tapsila Surawijaya.

46.  gusti dewaning kumala, pun dasih anuwun runtika, sasetu cotho matura, lamon dereng den bukani, ing tyasma geng satistis, tumus ing paningal limut, bok bilih kaprabawa, ing sang memba sitaresmi, lawung inggih kusumayu mrasajakna.
47.  rumiyin mongka usada, getering tyas kang nglimuti, mesem kusumaning ngarga, si jenat malang ngateni, lah nggih kula dhingini, ambaresaken pamuwus, kula ran nawang wulan, kang ngedhaton wukir ngriki, bulupitu nguyuning saingsinira.
48.  milane semangke prapta, inggih sumedya manggihi, mring sarira jengandika, yen pinareng lawan kapti, niyat mimitran mami, saeka praya tumuwuh, anging paminta kula, andika luwara brangti, murih purna saingsining bulusapta.
49.  pasthi wus karsaning suksma, andika mitra lan mami, jalarane lak pratandha, manungsa gentur mretapi, suksanireng pangesthi, sayekti amrih pinunjul, kaluwiyan manungsa, upakaraning dumadi, saranane wanoh lan bongsa lalembat.
50.  ywa susah andika pajar, kita ugi wus udani, lalampahan jengandika, purwa madya amekasi, asal kutho sireki, Surawijaya jujuluk, malah dika wus mitra, lawan kumbang ali ali, nggih nujume kakambok ratu wanodya.
51.  samudra kidul prasada, kumbang ali ali sidik, weruh sadurung winarah, sartane sudibya sekti, sawastu datan enir, nggon andika lunga nglangut, subroto manting jiwa, sasedya ndika pinanggih, dene sampuh gambuh lan nujum samudra.
PUPUH GAMBUH
(9)
1.     suka marwata sunu, Surawijaya myarsa pamuwus, ngraos byakta sangking panyiptaning galih, pakirtya angsal pitulung, ing ywang keng maha kinaot.
2.     umageng mudya sukur, ya gusteng sun Allah maha luhur, kang asipat mukhalafatulil khawadis, pasthi tan ana nyekuthu, beda lan akeh kang katon.
3.     tan wetan kulon kidul, elor miwah ngingsor tengah dhuwur, tan dumunung yen dunungna kupur kapir, karan wus pipadunung, pribadya ing dat ywang manon.
4.     alon medhar pamuwus, dhuh nah angger boten nyana tau, kita karawuhan papakuning wukir, gri murtining bulupitu, tur mangsung pandaning batos.
5.     ngusadani wulangun, andayaken sarira sru ywar nuh, timbale kang kabyatan jiwa lan gring, semangke badan sakojur, juren sakarsa kelakon.
6.      ming kang kula yun ayun, mugyes tuwa sreda kusumeng ngrum, bayantaka kewala srah karseng gusti, Surawijaya dupi wus, mah hyaken setyeng wiraos.
7.     ingsining bulupitu, purna kadi mula bukanipun, sang dyah dewi ngengaken wiwaraning jim, ilang sipat wukir bulu, pitu gya sipat kedhaton.
8.     Sri upa rengganinpun, laleyan seta nglajur amunggul, sakethenge respati pinacak suji, kinarya sipat manguntur, palataran listya tinon.
9.     amba njeng kalpataru, taremanduk sedhenge rumembun, jroning pura kathah wisma wisma dani, myang dalem ageng pinunjul, maweh kacaryan kang anon.
10.   tangeh winarneng tembung, parenggane pura ya ing gunung, yekti sampun pinansthi dening ywang widi, lamon jejering lalembut, neng dunya kinarya onjo.
11.   onjo kamuktyanipun, sumawana langening pandulu, yen sujalma sanadyan kang insan kamil, miwah gung ngagunging ratu, kalawan bongsa jim kaot.
12.   jim pri prayangan iku, wiwilangane tunggil lalembut, nanging mungguh kanugrahan jaman akhir, manungsa kinarya unggul, dening ywang maha suksmanon.
13.   mengkono uga lamun, bener pakartinireng pangawruh, duk tumitah dina dunya ngalam salir, yen luput umanjing ngitung, sipat jim setan gendurwo.
14.  sawusira tinemu, sekaliyan sarasaning kayun, wau Surawijaya lan sang retna di, tumulya kinanhti kundur, manjing sayasa kedhaton.
15.   lenggah ing palowanu, cethi sewaka ngarsa myang pungkur, saya eraming ngali saka puranti, saosan majeng lumintu, kundha kencana sumorot.
16.   wecana lengakaning nglum, dhuh sang tapa setyane tyas ingsun, yen pinuju sami pinarenging kapti, ywa tanggel mong mitranipun, dados sasae karaos.
17.   krana purwaning dangu, datan beneh kita lawan ingsun, asal sangking manungsa kula puniki, terah Narendra pinunjul, pejajaran kang kedhaton.
18.   karan mertapa ingsun, sareng sareng lan kadangong sepuh, kudu kudu linuwih sesami sami, neng gunung kombang manungku, dupi wus gentur tyang roro.
19.   sedya wangsul wor sagung, kadang mitra manungsa sedarum, wola wali nanging meksa datan bangkit, kelajeng jinis lalembut, kadang sepuh mangke dados.
20.   ratu samudra kidul, kula ngedhaton ing bulupitu, lah mekaten kula mresajaken angling, semangke inggih pinuju, pinaring kanthi lalakon.
21.   wus sangka yasa tuhu, jengandika ngratu bulupitu, kula ingkang ngapen napeni sekalir, tan ana sangsaranipun, ing reh tan luput ginayoh.
22.  Surawijaya muwus, inggih mirah saklangkung panuwun, pinten pinten sang kusuma ngrupeyani, ring jiwa kang sasat lampus, tansah kapotangan ingong.
23.   punapa karya saur, mung kewala setya susetyeng sun, wisudaa masmirah nganggep pekathik, mung inggih pamintaning sun, dipun awora ywa kawor.
24.   wore sabarang rembug, masmirah kang mugareni mring sun, menggah jinis manungsa kalawan peri, kalihe maksiya wutuh, kadi nguni kang kacariyos.
25.   gusti jeng sultan agung, mitra lawan nyai ratu kidul, malah sampun pinanjingken garwa yekti, jinise datan kacampur, mung pinasrahan bot repot.
26.   kranten manusa wau, lamon boten kinaruh lalembut, kirang jaya pakaryaing mangun jurit, lan inggih dereng pinunjul, taksih limrah sakehing wong.
27.   ngling retna bulupitu, dhasar mengkaten sajatenipun, ingayuda yen ta angamungna sangking, kulit daging  otot balung, tegese kabeh kang katon.
28.   wong siji mengsah sewu, mongsa wurung kasor remak rempu, nadyan otot kawat bebalunga wesi, yen datan kanthi lalembut, kinarubut ing prang bobrok.
29.   kula inggih tumutur, mangayu bagya sakarsanipun, kadhaton ing bulupitu kula dermi, nenggani sadangunipun, jengandika keng kuwaos.
30.   winursita sang ngayu, sung sasmita liring ning pandulu, ya kang mamrih memalad asmara gati, keclaping netra pinanduk, yayah pan juta sumorot.
31.   Surawijaya wus, prameng lukita soteng pidhudhuk, dhadhakane satriyadi mredi ing sih, pamanohara binaud, udangkarane katongton.
32.   menyat sangking pilungguh, nyandhak astanira kusumaneng nglum, dhuh gustiku kang asawang sitaresmi, manirarsa temen weruh, tilam puspa ring kalangon.
33.   sang dyah ngastuti kayun, kanthen asta umanjing jinem rum, wantu kalih saeka praya tar seling, tumanduk makaron lulut, karkating kakung tinanggon.
34.   bedhahing bulupitu, lir amangun wului sawegung, duk ambabar gandaning kasturi jati, tan ana sesamenipun, palastha lesah aroron.
35.   sare tutug sedalu, enjang sawusnya siram alungguh, pan seneba para cethi atapwuri, saosan di adi penuh, dahat sih siniyan karo.
36.   among mutya boga gung, mutyasmara tan pisah sapangu, wau Surawijaya lan garwaneki, kusuma yu bulupitu, lir mimi mintuna tinon.
37.   yen kuling ling dedulu, dulur kang ndherek parekanipun, angling langi patamanan sari sari, sinigeg ing bulupitu, kuneng genti winiraos.
38.   dhekti sareng ing wektu, amung genti pamatraping tembung, desa pekacangan wonten jalma luwih, lilinggihe demang dhusun, kasub kaonang jalma tos.
39.   deksura kaduk punggung, dedek prakosa ulat basengut, apeparab demang prawiragati, keringan macapat dhusun, sugih bandha tur melontong.
40.    ngingu papethut catur, pipilihan dhug dheng teguh timbul, kang sajuga sinung ran surapremati, kalih ran surapakiwuh, tiga ran surabinarong.
41.   surantaka kang catur, kapat pisan gagalagul agul, kendel dregil waris karya ngecu maling, lamon penedhang gumuyu, yen sinuduk lenggok lenggok.
42.   binedhal banjur mungkur, sagunging wong kekel tanpa bayu, yen pinarag pethut papat salah siji, binalojodan purun, sumarah sirah sinotho.
43.   wiragati ngrungu, pekabaran trang ing ngurut sewu, angabehi bocor puniku darbeni, curiga aran ki pandhu, tuwa wutuh dhapur sinom.
44.   wesine luwih bagus, mangke prawira wigati ayun, ngagnya pethut surantaka amalingi, keris kang aran si pandhu, surantka kinen sagoh.
45.   pan wus sinungan sangu, arta surantaka gya lumaku, tan winarna marga desa bocor prapti, sedheng wanci lingsir dalu, masang sirep pulosiyo.
46.   ngabei bocor turu, sarayate kepati lir lampus, penanjake pulosiyo tuhu mandi, lawang binukak wus mangsuk, pun pandhu kena cinolong.
47.   bungah nulyeng gal wangsul, lampahira kendel tistheng dhusun, kuwarisan laladan ing kutho
nenggih, ngaso neng pawismanipun, ki suradiwirya kang wong.
48.   wantu wong wutah wuwus, aneng kono obrol mabrul mabrul, nyaritaken dheweke tas lunga maling, ngambil kris aran si pandhu, ing ngriku sami tinong ton.
49.   nyata curiga bagus, tuwa wutuh wesi memed alus, wau suradiwirya melik jro ngati, ngupaya budi wus nemu, surantaka yun cinorok.
50.   wedang winor kecubung, wus rumanti gya kinarya nyuguh, surantaka bungah nora nggraitani, nyeret sarya medang bubuk, suwe suwe banjur nglosod.
51.   rinampas kerisipun, surantaka ginebug alu, tinon sampun pralena binuwang tebih, dupi kang buwang wus wangsul, kapungkur goning lalayon.
PUPUH PANGKUR
(10)
1.     nglilir pethut surantaka, getuning tyas gumuling aneng tegil, ilang kabeh prabotingsun, ki pandhu milya ilang, wus anyana tan liya penggawening pun, kiyai suradiwirya, nanging yen sedya mangsuli.
2.     wong siji bongga sepira, nadyan otot kawat balunga wesi, kinaroyok wong sadhusun, pesthi yen remuk rempak, ngur muliya tur priksa bendaraning sun, mongsa wurung tinandangan, anulya brangkang lumaris.
3.     ngabehi bocor kocapa, sareng enjing tangi denira guling, opyak kalebetan pandung, wektu dalu kang kena, kyai pandhu curiga kagawa pandung, kelangkung pangungunira, rencange sinebar sami.
4.     ngupaya titik curiga, ingkang ngical singa pikantuk titik, ya ta malih kang winuwus, lampahe surantaka, sarya brangkang garundelan, urut dlanggung, lah ya bisuk rasakna, bendaraning ngong malesi.
5.     pembrangkange gegancangan, suwe suwe bisa lumaku kesit, prapta pekacangan pangguh, lan prawira wigatya, kaget mulat surantaka kumud kumud, barundhul kathok kewala, sru garap denira angling.
6.     apa khabar surantaka, nulya matur dera merbes mili, kawula sampun ing ngutus, amandungi curiga, darbekipun ngabei bocor pun pandhu, kenging sampun kula bekta, kendel kuwarisan wingi.
7.     wismane suradiwirya, anyugata wedang lan madat nenggih, kula supe kadya wuru, enget wus ngalih prenah, gumalinting wonten tegil kulah awu, sandhangan dhuwung tan ana, prawira wigati myarsi.
8.     muka bang kadya pawaka, iku pesthi penggawene si precis, onggayuda ta iba su (?), pantes wong pinelandang, dudu suradiwirya kang duwe kayun, dak pethek si honggayuda, sigra amepak prajurit.
9.     pethut tiga pepak ngarsa, sureng kewuh miwah surapremati, surabinarong katelu, para perabot desa, miwah jalma nom noman kang teguh teguh, minongka prajuritira, samekta tumbak lan bedhil.
10.   wirawigati  bedhilnya, wastanira pun rondho angluwihi, mila pun rondho ranipun, tatal ginawe nyidra, ing manungsa dadi rondho estrinipun, dhasar prawira wigatya, limpad pamawasing bedhil.
11.   penganggone janur wenda, lan sirwenda bangkit janjeni mimis, apa saprentahe nurut, mila kabina bina, kuwanene prawirawigati punjul, wus busana prajuritan, numpak turangga geng inggil.
12.   napas madu ulesira, wus sumekta wadya kabeh winilis, tumbak satus bedhil satus, banat dwi dasa ngarsa, nulya budhal sangking pekacangan dhusun, gumrebeg pindha wong ngarak, ing penganten tinon asri.
13.    tan winarna lampahira, pan meh ngancik tepis iringing desi, kuli angaturi weruh, mring demang honggayuda, langkung ngungun tan wikan purwitanipun, teka linurugan ing prang, gugup anedya ngoncati.
14.   denya wus kajan priya, lamon demang pekacangan sinekti, semangke asoroh amuk, sapa ta kang kuwawa, apa dene kaca kuthok gelaripun, durung kongsi predandanan, kaselak pinagut jurit.
15.    tangeh yen angudhilan, ngur lunga asingidan nggoning asepi, tantara praptaning mungsuh, pangarsa nglurug banat, surak umung alok alok payo amuk, iki wadya pekacangan, kudu arep jambal ati.
16.   atine wong desa kutho, byar sumawur wong kutho samya ngili, lanang wadon rare sepuh, ting garewal lumajar, honggayuda sarayat sampun lumayu, angilen anjog bekuka, abeyan jurang den ungsi.
17.    wong kacangan malbeng kutho, angrayahi barang kang sami kari, honggayuda kudanipun, binandhang wong kacangan, demang wirawigati cuwa ing kalbu, honggayuda tan pinanggya, desa kinen ngosak asik.
18.    tanapi suradiwirya, ken ngupaya sedya den alap pulih, sinalasah tan katemu, wus rumiyin lumajar, selindhutan umpetan neng ampih dhusun, jer sampun karaos dosa, playune nungsang jumpalik.
19.    puyengan jalma ing kutho, ting salebar lumayu rebut urip, pekacangan pethut telu, surapremati miwah, gih pun surabinarong surapakewuh, solahe lir singa lodra, ngalor ngidul angrayahi.
20.    weruh pawestri lumajar, nini paing kebat dipun tututi, mring pethut surapakewuh, kecandhak neng papringan, gya cinadhak sirampas gendhonganipun, kekandhi ingsine beras, sandhangane den blojodi.
21.    nini paing ngaruhara, mlayu sarwi asru ngujar ujari, si pongkrang di pangan ngantu, dirajang kaya bawang, si dirujak banget temen wong punikiu, tapih wis gombal rinebat, mung arep agawe isin.
22.   surapakewuh sru latah, giyak giyak suka denya ningali, jembe wong elek sathopruk, baline garundelan, ora nyana ika wong duweke kapuk, bejane kang duwe somah, pasthi lamon dikaremi.
23.   kasaput latri kang ngrayah, kendel sami mondhokan milih panti, pethut tiga merah meruh, nyereya sarya jejegang, aliyangan bantal ngreyab ucul sabuk, medang kopi macit kluwa, netrane amerem melik.
24.   demang prawira wigatya, honggayuda wismaneng kang den broki, siyang dalu jalma rubung, botoh kinumpulena, keplek kecek gimer atanapi dhadhu, adu jago lamon siyang, gumrangsang swaraning jalmi.
25.   wijah wijah wong kacangan, botoh kutho kang ngili kathah bali, milya keplek ngadu adu, dhasar bobotoh kutho, yen aweruh pengadon lali pakewuh, sumlonong tan ngitung papan, sangking karem dolan dhuwit.
26.   kuning genti winursita, kang ngastama ing bulupitu wukir, Surawijaya mangkya duk, linggih lan garwanira, sinewaka pawongan ing ngarsa pungkur, tansah denya paguneman, wedhar winedhar prejanji.
27.   retna ning wukir lingira, dhuh ki omah ujar wirayat ing jim, tanah jawa meh dahuru, panji roro timbulnya, purwitane prang gedhe tanbuh kang mungsuh, ananging tan sanes darah, sami terahing mentawis.
28.   sun puji dika ki omah, amilya apa samoan ngajurit, kinathik kaiswara gung, menawa kaleresan, murih dadi wasiyat satedhak turun, nampani sreda derajat, jengandika kang bakali.
29.   uger prayitna ring teng swa, aywa tilar babaku kang netepi, Surawijaya ling rum, lah ya kepasang yogya, karsanira yayi saplek karepingsun, mulane kepati ing wang, manting jiwa taki taki.
30.   ya kepengin rinuwiya, mring Narendra kalebuwa ing wilis, penggawean aprang pupuh, malar dadia kondhang, lah sumongga masmirah sung apitutur, endi kang pantes linakyan, lan endi ingkang siningkir.
31.   pun kakang darma lumaksa, saniskara yayi kang mugareni, pama baita katengsun, kamudhine masmirah, tandya angling kusumayu bulupitu, ing benjing wapadakena, para pangran ingkang mijil.
32.   pundi kang ngucireng yuda, karem among suka pesthi tan dadi, denten kang cecalon ratu, tatag tanggon ing ngaprang, sonta budya kinalulut ing wadya gung, prasaja gelar subadya, amunah ripu kumpeni.
33.   emonge sakarsanira, anging sampun tilar prentah kumpeni, yen tilar nyuresken turun, krenten bongsa welanda, karsaning ywang tetep panguwasanipun, manggalani tanah jawa, ambaboni ratu kalih.
34.   malih lamon wonten pangran, glaring ngaprang santer kendel munthalit, tinangguh nglewer lumayu, mulet anggebrak nunjang, purnaning prang dadya sasoraning ratu, kabawah datan kaprentah, macung mring jendral pribadi.
35.   ywa girang reh ing wiweka, dera ngemong marang Narendra kalih, katiga kumpeni baku, yen luputa pangebab, temah lebar anggagar karyanireku, angkara manggya sikara, benjing yen wus prapteng kardi.
36.   manira mongsa tegaa, kula jampang sunggyan dika jurit, Surawijaya lon muwus, dhuh mirah pujaning wang, asih temen mrih dasihe geng wulangun, apa kang sun walesena, tan lyan mung susetya mami.
37.   kang garwa malih wecana, saged dika wisma karyakna mami, gon sajuga ingkang samun, ywa kacampur tyang liya, lamon kula panggih lan dika neng ngriku, kang raka alon sabdanya, lah iya sun eling eling.
38.   pasthi sun turut karsanta, angling malih kang rayi arga puri, semangke andika kundur, dhumateng tanah kutho, sangking ngriki dika lumampah angidul, anjog jujurang ngabean, panggiya lan kang sudarma.
39.   kranten kyai maratuwa, honggayuda neng ngabeyan andhelik, kinuya kuya mring satru, demang ing pekacangan, si prawirawigati ngebroki dhusun, kutho rinayah wus risak, puniki kula tur bedhil.
40.   nami pun naracabala, lan bekakas sendawa sarta mimis, sakarsanira tan luput, dadi saciptanira, ingsenana mimis sepuluh rong puluh, mencok prenah kang cinipta, yen wonten karsane ugi.
41.   adamel pangeram eram, sapituduh pelor pasthi nuruti, yen dika nimbali ingsun, mangkaten artikelnya, ingkang raka wus winulang petikipun, sukeng tyas Surawijaya, nimas geng tarima mami.
42.   kajaba iku masmirah, beji ingkang sun gawe amretapi, unggyane sun wei juluk, soma gedhe samangkya, awit marga gedhene tyas kita wau, sinaroja sira mirah, ing dina soma marengi.
43.   sang retna mangayu bagya, nulya Surawijaya wus asalin, busana listya pinatut, dhestarnya cemukiran, baju rangkep tiga jaba sangklat alus, sinjang sratan parang sekar, sabuk cindhe binara sri.
44.   sangklat ijo lancinganya, panji panji palisir renda kuning, sajuga curiganipun, gandar kemalo rekta, dedeg nglukas gilig andik netranipun, carma agaring nembaga, rarawis angganteng langking.
45.   sanjata naracabala, langkung bagus balimbingan ing jawi, wuluh panjang alus turut, awet sabekakasnya, mijil sangking sayasa lajeng lumaku, pribadi nyangking sanjata, sedya manggihi sudarmi.
 
----- #wonten candhakipun.

0 komentar:

Posting Komentar

Sedang Membaca

free counters

Iklan Anda