Iklan Anda

Tampilkan postingan dengan label Cerita Rakyat Lokal. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Cerita Rakyat Lokal. Tampilkan semua postingan

Minggu, 07 Agustus 2011

MULABUKANE DESA POHKUMBANG, KEC. KARANGANYAR

Dek jaman biyen, ana ing sawijining alas ana padhepokan papan dununge pandhita tua kang sekti lan sugih kabisan, tindak-tanduke wicaksana lan sinuyud dening tiyang akathah. Pandhita mau kagungan cantrik utawa murid kinasih kang bagus rupane katelah nama TAKALAN. Takalan mujudake pamuda kang alus bebudene lan seneng tetulung marang wong kang mbutuhake. Ya awit saka bebudene lan tindak-tanduke kang luhur mau, andadekake Takalan minangka murid kinasih lan ditresnani dening gurune kayadene putrane dhewe.

Ana ing sawijining dina, pandhita sekti  mau mrentahake menyang Takalan supaya mudhun saka partapan, saprelu ngamalake sawernaning ngelmu kang wis ditampa dening Takalan sasuwene cumondhok ana ing papan iku. Sadurunge budhal, Takalan nampa wejangan saka gurune kang wicaksana supaya Takalan migunakake ngelmune kanggo tetulung tumrap wong-wong kang mbutuhake.

“Den elinga Takalan, apa kang wus kok tampa ana ing padhepokan kene, aja banjur kok gunakake kanggo tumindak deksiya marang sapadha-padha titah, nanging kogunakake kanggo tetulung tumrap wong kang mbutuhake”, mangkana pangandikane gurune kang pungkasan nalika nguntapake Takalan.

“Inggih ngestokake dhawuh, Bapa!”



----- #ana candhake.

Sabtu, 06 Agustus 2011

DUMADINE DESA CLAPAR, KEC. KARANGGAYAM (jangkep)


Carita dumadine Desa Clapar, wewengkon Kecamatan Karanggayam, Kab. Kebumen miturut wong-wong tuwa ana kana kaya mangkene :
Ilustrasi Tanaman Tembakau yang Tumbuh Subur di Kec. Karanggayam

Diwiwiti nalika taun 1647 ana ing Kraton Mataram (Nalika samana kang mrentah ana ing Mataram yaiku Kangjeng Susuhunan Amangkurat I) ana perang rebut nagara, salah siji Pangeran kang melu ambalela yaiku Pangeran Alit rayine Kangjeng Susuhunan Amangkurat I, prastawa iki dumadi sadurunge ana ontran-ontran Trunajayan. Nalika samana pangamuke Pangeran Alit nggegirisi andadekake akeh padhusunan kang rusak bosah baseh, kalebu 12 dhusun kang salah sijine disesepuhi dening Kyai Lurah Wanaita. Akeh para patinggi desa kang nalika samana kamiweden amarga saka pangamuke Pangeran Alit mau banjur lunga ngoncati babaya golek slamet dhewe-dhewe.

Nalika kuwi Kyai Lurah Wanaita uga oncat lan mlayu golek slamet, nganti tekan sawijining alas kang banjur dibabat didadekake padhusunan. Suwe-suwe papan mau dadi rame, akeh wong-wong saka desa liya kang manggon ana kana. Awit para warga padhusunan mau racake/akeh-akehe nyambut gawe olah tetanen lan nyebar winih sawernaning tetanduran, mula desa anyar mau banjur katelah nama desa PAWINIHAN.

Desa  Pawinihan kalakon dadi desa kang reja, kabeh tetuwuhan bisa thukul ana kana. Nuju sawijining dina Desa Pawinihan ketaman sawijining penyakit kang mbebayani kang disebabake dening para lalembut utawa siluman. Wong-wong nalika samana ngarani prastawa mau PAGEBLUG. Esuk nandang lara, banjur sore utawa wengi wis tumeka ing pati. Sore utawa wengi ketaman lara, isuk banjur mati. Nganti warga ana kana meh entek ketaman penyakit mau utawa dipangan dening para danyang utawa lalembut kang ngreridhu desa Pawinihan.

Nusantara nalika samana pancen lagi akeh prakara, awit saka panjajahan Walanda. Ana sawijining paraga kang nduweni kekendelan ambalela marang Walanda yakuwi Untung Surapati kang mengkone ana sesambungane karo dumadine Desa Clapar. Miturut carita wiwitane Untung Surapati ambalela menyang Walanda kaya mangkene :
Nalika jaman samana ana ing Batawiyah utawa Betawi ana bocah umur 7 taun kang ora dimangerteni sapa jeneng asline, bocah mau minangka budak belian kang asale saka Bali lan ditemukake dening Kapiten Van Beber (prawira VOC) nalika ngayahi tugas ana Makassar, Sulawesi Kidul. Kapiten mau banjur ngedol bocal mau menyang prawira VOC liyane yaiku Kapiten Mur amarga kakurangan beaya. Wiwit nalika bocah mau dadi andhahane, karir utawa pangkat lan kasugihane prawira Walanda mau saya mudhak cepet banget. Kapiten Mur nganggep manawa bocah kang ditemokake mau kang menehi ‘kauntungan’ tumrap uripe, sahingga bocah mau banjur dijenengi Untung.
Kapiten Mur duda kagungan putri siji kang umur-umurane padha karo Untung. Jenenge bocah wadon mau Suzanne. Kapiten Mur nenuku Untung supaya anake wadon mau kang wis piatu ditinggal ibune ana sing ngancani kanggo dolanan lan guyon saben dinane. Untung bocah kang pinter srawung, sahingga ora nganti suwe bisa tepung rumaket banget karo Suzanne. Wiwit saka dina iku, bocah sakloron tansah runtang-runtung bebarengan, nalika swasana seneng apadene susah. Sesambungan kang cedhak mau pungkasane nuwuhake winih tresna antarane untung karo Suzanne, nganti bocah loro mau bener-bener ana sesambungan tresna tanpa dimangerteni dening wong tuwane Suzanne utawa kapiten Mur.  

Rabu, 03 Agustus 2011

LEGENDA WATU CEGER , WEWENGKON DESA KAJORAN KEC. KARANGGAYAM.


Wewengkon kecamatan Karanggayam mujudake dhaerah kang saperangan wujud pagununungan/pareden, kalebu ing tlatah Kabupaten Kebumen sisih lor.

Ana ing Desa Kajoran ana sawijing carita kang gawe eram, yaiku dumadine watu kang diarani WATU CEGER’.

Caritane mangkene :

Nalika jaman samana ana ing dhusun Kewao, Desa Karanggayam durung ana gunung sing gedhe. Sahingga andadekake para dewa duwe krenteg kepiye carane bisane ana gunung gedhe bisa manggon ana padhukuhan kana. Suwening suwe para dewa nganakake parepatan, ngrembug bab anggone arep gawe gunung gedhe ana desa kana. Mupakating para dewa banjur sarujuk menawa dina iku uga arep dileksanakake anggone arep gawe gunung.

Wiwit saka watu-watu kang gedhe banget diangkut/ digawa dening para dewa mau. Kang gawe eram anggone nggawa watu-watu mau ora nggunakake piranti kang samestine nanging nggunakake kayu sing diarani kayu tepus. Kayu tepus iki wujude kayadene wit laos nanging kayu tepus kang digunakake dening para dewa mau kayu tepus kang ukurane gedhe.

Nalika para dewa lagi sengkut anggone nyambut gawe nggawa watu-watu gedhe mau, dumadakan padha sanalika kaget amarga ngepasi meh wektune gagatrahina kira-kira jam 3 isuk wis ana salah siji warga desa kang tangi lan makarya kaya biasane yakuwi nenun lawe/benang sing digawe saka kapas. Amarga para dewa mau wedi kadenangan warga sing wis tangi mau, mula anggone nyambut gawe ngangkuti watu-watu gedhe mau ora dibacutake maneh. Banjur ngumpulake piranti sing dianggo kanggo nyambut gawe mau dadi siji, lan bali menyang kahyangan dene watu gedhe sing lagi digawa lan mapan ana ing satengahnig kali di tinggal semprung ngono bae.

Rabu, 06 Juli 2011

LEGENDA DESA KARANGGADHUNG, KEC. PETANAHAN LAN WEWENGKON SAKUPENGE

Ilustrasi Pantai Karanggadung. Sumber : Internet

Crita diwiwiti nalika sing ngasta pamarentahan kraton Mataram Kanjeng Susuhunan Sayidin Panatagama, kang mrentah nalika taun 1601M. Kraton Mataram nalika kuwi nguwasani laladan brang wetan lan brang kulon, kayata Kadipaten Pucang Kembar kang disesepuhi dening Adipati Cipta Kusuma, Kadipaten Bulupitu kang disesepuhi dening Raden Jaka Puring, lan Kadipaten Karang Gumelem. Ana ing crita iki kang dadi underaning lakon yaiku saperangan laladan brang kulon.

Nalika semana Adipati Pucang Kembar nduweni putri kang sulistya ing warna arane Dewi Sulastri. Adipati Bulupitu kang  asmane Raden Jaka Puring    dikenal   minangka  pawongan   kang nduweni kasekten kang sekti mandraguna ananging durung duwe sisihan lan dheweke uga nduweni ciri/cacad yaiku ing lambene kandel sesisih utawa mengrot, krungu menawa ing Kadipaten Pucang Kembar ana putri kang ayu rupane putri saka Adipati Citra Kusuma, ndadekake Raden Jaka Puring nduwe krenteg kepengin mbuktekake lan nglamar dadi garwane.

Sawise Raden Jaka Puring weruh kasulistyane Dewi Sulastri, dheweke banjur nglamar putri mau, nanging durung ditampa utawa isih disumenekake sauntara wektu awit Raden Jaka Puring sawijining pemuda kang nduweni ciri utawa cacad, mula saka iku dheweke diaturi  supaya nunggu lan diprayogakake supaya manggon sauntara ing Pucang Kembar. Ora antara suwe dumadakan ketekan pemuda kang bagus rupane saka Kadipaten Karang Gumelem kang arane Raden Jono kang duwe karep kepengin golek pagaweyan ing Kadipaten Pucang Kembar, sinambi golek sisik melik bab dununge kadang sedulure kang arane Raden Wira Kusuma. Ananging Sang Adipati Citra Kusuma bingung awit ora ana pagaweyan kanggo Raden Jono mau, nalika kuwi bebarengan karo metune putri Sang Adipati Citra Kusuma yaiku Dewi Sulastri, weruh pemuda kang bagus rupane mau atine kumepyur banjur ketarik lan matur marang kanjeng rama supaya Raden Jono ditampa nyambut gawe ana ing Kadipaten Pucang Kembar.

LEGENDA GUNUNG WURUNG, KEC. KARANGSAMBUNG

Gunung Wurung  Desa Parang, Kec. Karangsambung

Gunung Wurung mujudake sawijining gunung cilik kang ana ing wewengkon desa Parang, Kecamatan Karangsambung Kabupaten Kebumen. Katitik saka wujude gunung iki kalebu ‘unik’/aeng amarga saka dhuwure kang udakara  mung 80 meteran lan ora nduweni  ‘puncak’ kang paling dhuwur.  Miturut masyarakat sakupenge kana, gunung iki digawe dening para dewa saka kahyangan.  Nanging sadurunge rampung anggone gawe gunung mau wis konangan manungsa sahingga para dewa banjur murungake anggone gawe gunung mau. Jangkepe crita legenda Gunung Wurung mangkene :

Nalika samana ana ing tlatah kang saiki kalebu wewengkon kecamatan Karangsambung ana desa cilik kang mujudake wewengkon awujud lemah kang lempeng utawa datar, ora ana siji-sijia punthukan utawa gumuk kang katon ing sakupenge kana.

Nuju sawijining wengi kang sepi nyenyet, lan swasana kang tintrim mau, para sesepuh desa katon nglumpuk nyawiji ndedonga menyang para dewa  ing kahyangan. Kanthi khusuk para sesepuh mau njaluk supaya digawekake gunung kang manggon ana ing sacedhake kana.  Ora kenyana panjaluke para sesepuh desa  mau dikabulake dening para dewa.  Malah miturut para dewa mau anggone arep nggawe gunung mau bakal diwiwiti dina sesuke lan bakal ambutuhake wektu sawengi. Nanging kanthi syarat/perjanjen ora kena sijia bae manungsa utawa warga ing desa kana kang kena meruhi nalika gunung mau digawe dening para dewa. Para sesepuh mau banjur nyaguhi syarat/perjanjen mau. Dina sesuke para sesepuh mau banjur ngumpulake para warga lan menehi kabar kang nyenengake mau marang kabeh warga ing desa kana kalebu syarat  utawa perjanjen kang kudu dileksanakake.

“Eee, para wargaku kabeh! Mangertia lan nuruta apa kang bakal tak prentahake marang kowe kabeh, menawa wiwit mengko sore wayah suruping srengenge, mlebua ana ngomahe dhewe-dhewe lan ora dikeparengake sapa bae kang metu ngomah nganti srengenge njedhul dina sesuke!” kandhane salah siji sesepuh desa kana.

“Nuwun sewu Bapa! Perkawis utawi alangan punapa ingkang badhe nemahi dhusun kita? Kenging punapa para wargi dhusun boten kenging medal saking griyanipun piyambak-piyambak” pitakone salah siji warga desa kanthi swara groyok lan bingung. 

“Mangertia para warga desa kabeh menawa para dewa kepareng arep nggawekake sawijining gunung kanggo awake dhewe  lan sijia ora ana kang dikeparengake meruhi anggone para dewa mau nyambut gawe nyipta gunung mau,” wangsulane saka sesepuh desa liyane.

Sedang Membaca

free counters

Iklan Anda