Iklan Anda

Senin, 18 Juli 2011

BABAD ARUNGBINANG pupuh 11 dumugi 12

PUPUH DURMA
(11)
 1.    ngetan ngaler ngambah siti palataran, ing watu lawang prapti, lumangkah wiwara, angipat asta kiwa, kadhaton ilang wus kekasi, ancala purna, bulupitu lir nguni.
2.    menggok ngidul anjog, bumi kali pethak, trus mangilen tan tebih, mangu manguneng tyas, ketang kang kantun rupa, pring ori tinempuh angin, gumrit swaranya, kadya jriting pawestri.
3.    sru memalad kayat nandoning ngasmara, gya ngidul dreng lumaris, keh jalma kapapag, mire eram tumingal, tigas uninga semangkin, bingung panarka, ika manungsa ngendi.
4.    angajrihi nyangking bedhil balimbingan, estha wong arsa jurit, yen arep peranga, lah dene tanpa rowang, menawa uwong negari, ing Kartasura, minggat kena prakawis.
5.    nyimpang ngadoh andulu sangking mandrawa, wau ta kang lumaris, Surawijaya, prapta desa ngabeyan, Honggayuda nuju linggih, apakempalan, pawong mitrane sami.
6.    tiyang kutho kathah nusul mring ngabeyan, liyane wonten ugi, wong lundhong suwaran, winong bunder kambalan, kedhung tawon lan kacepit, prapta kempalan, samya bingung prihatin.
7.    denya dhusun kutho sampun ing ngebrokan, demang wirawigati, kewuhan pakirtya, lenger lenger sedaya, tan ana kang budi wani, lumawan ing prang, ajrih tataling jurit.
8.    patrajaya penangise megap megap, sesambate drewili, jalaran estrinya, taksih kantun kedhindhal, kuwatir tinemu maring, pethut kacangan, pesthi den uli uli.
9.    Honggayuda anyerngeni patrajaya, kesaru prapta deki, sang Surawijaya, lampahe sigra sigra, asta kanan nyangking bedhil, kagyat kang mulat, oyag ngadeg pra sami.
10.  ting kudangdap tekade arsa lumajar, nyana wirawigati, kang prapta anglinggar, Honggayuda trataban, Surawijaya wus linggih, ki Honggayuda, gugup denya nakeni.
11.   inggih anak ing pundi dalem sampeyan, kang tinanya nauri, soma gedhe kula, wasta Surawijaya, mugi sampun salah tampi, pan dede mengsah, sedya tetulung mami.
12.  sakeh tiyang anulya linggih sedaya, batos taksih kuwatir, sang Surawijaya, alon ing aturira, kawula miyarsa werti, inggih sampeyan, kinuya kuya dening.
13.  pun prawirawigati demang kcangan, angrayah angebroki, padhusuunan kitho, sampeyan kapelajar, ki Honggayuda mangsuli, gih estu anak, mekaten kabar yakin.
14.  tandya Surawijaya matur pranata, kula adunen jurit, lan demang kacangan, angling ki Honggayuda, keh wadyane wiragati, tyang pekacangan, sedaya julig julig.
15.  lamon anak badhe ngunduraken mengsah, pinten rencange ugi, tyang kula sedaya, tan kena ing ngaben, boten nate ulah jurit, biasanira, aming deres lan ngarit.
16.  nulya matur wau sang Surawijaya, tan sulah mawi kanthi, ming ijen kewala, miwah akalih nambang, prajurit wiragati, kula tan ulap, yen sampeyan ngideni.
17.  Honggayuda wecana inggih sumongga, yen sampeyan kedugi, lamon kelampahan, wirawigati kalah, mangke kula angabekti, dhateng sampeyan, lan nyelehken lelinggih.
18.  linggih demang kula pasrahken sampeyan, dados saanak mami, anak kang pangarsa, anak kula sedaya, kula purih angabekti, dhateng sampeyan, mengkana ujar mami.
19.  ya ta Surawijaya pamitan, ngetan ngaler lumaris, kyai Honggayuda, parentah tiyang kutho, iya padha tuten wuri, sangking kadohan, kaya pa nggone jurit.
20.  dene liwat deladah ambeg prawira, apa bebalung wesi, kulit tetembaga, otote otot kawat, sungsum gegalan sayekti, Surawijaya, nadyan mengkono ugi.
21.  wong sawiji kinembulan mring wong atuan, ajur tan mongga pulih, mundak saya ndadra, nepsune wiragatya, padha den awas sireki, Surawijaya, yen mengko uwis mati.
22.  nuli enggal lumayua temu ing wang, ingsun pan arsa ngalih, sangking ing ngabeyan, ngupaya budi daya, kang kinen sami lumaris, jejampang lampah, ningali sangking tebih.
23.  wau Surawijaya ingkang lumampah, sampun ngingseni bedhil, pun naracabla, andreng angetan nerak, sawah dhusun kutho prapti, ingkang kocapa, demang wirawigati.
24.  lagya linggih anjenengi ngaben sata, pethut katri neng ngarsi, botoh keh atarap, surak ambata rebah, dumrojog tumameng ngarsi, Surawijaya, ngadeg sru denira ngling.
25.  iya endi rupane demang kacangan, si prawira wigati, anjengek saurnya, demang ing pekacangan, lah iki manungsa ngendi, teka deksura, ora bukak pawarti.
26.  andon prungon lamon demang pekacangan, wong saleksa sawiji, punjul ing ngapapak, mrojol ing krep sanyata, yen sira lamur tan eling, lah iya ing wang, demang wirawigati.
27.  balik kowe wong ngendi angajag ajag, sumaur iya mami, ran Surawijaya, srayane Honggayuda, saguh nigas ndhasmu mangkin, sun gawe unclang, kalanira miyarsi.
28.  demang wirawigati muka ngrebabak, netra ngatirah andik, pethut tiga pisan, Surapremati miwah, Surabinarong tanapi, Surababaya, ngadeg ngarsa malang kerik.
29.  si penyakit serayane Honggayuda, culeng sira sayekti, ngalap upah apa, maring si Honggayuda, wong lumaku dijejuwing, cinacah cacah, wong datan ngeman urip.
30.  nora susah sira mungsuh lan mas demang, aku bae ngijeni, payo wetokena, dayanira ngalaga, dumeh perabotmu becik, bedhilmu dawa, kokira aku wedi.
31.  botoh kathah sami bubar mire tebah, jago datan pinikir, kasaru brawala, wawan wawanan sabda, wong kacangan amiranti, nyandhak gegaman, sudhiya mung anganti.
32.  parentah ing lulurah demang kacangan, ki prawirawigati, asru wuwusira, kabeh padha mundura, kadar pira wong sawiji, mendah memirang, kinembulan jurit.
33.  pethut tiga mundur ngadeg neng tebihan, angling wirawigati, eh Surawijaya, sira kaprenah apa, lan si Honggayuda yekti, nauri sugal, tan ana prenah neki.
34.  nanging pantes wong tetulung kasusahan, sira karya durniti, angrerusak desa, wus kokum pinatenan, wirawigati sru runtik, dubilah setan, kaya lanang pribadi.
35.  payo sakarepmu Surawijaya, bok arep wruh sireki, mring kasektening wang, apa main sanjata, apa ngadu tumbak keris, ngedu karosan, ngong uja sira precis.
36.  gora sabdanira sang Surwijaya, sun tan arsa dhingini, sarta nora nganyang, apa sakarepira, awan bengi kita wani, saya bremantya, demang wirawigati
37.  payo maring tegal sakiduling desa, ngadu budaya bedhil, sumaur prayoga, wirawigati sigra, nyandhak bedhil den ingseni, agem pun rondha, lumampah ngidul kalih.
38.  wadya pekacangan atut wuri tebah, sawega ing ngajurit, lir yun ngaben sima, minengsah lan maosa, wau prawirawigati, manggen ing wetan, ngilen arepi reki.
39.  ingkang manggen neng kilen Surawijaya, ngetan arepi reki, sapambedhil adohnya, denya ayun nayun, sru angling wirawigati, payo bedhila, manira yun nicipi.
40.  dyan sumaur becik sira dhinginana, ingsung kang amalesi, ngling wirawigatya, eh si Surawijaya, ngantepi prawira neki, iya rasakna, mongsa wurung bilahi.
41.  demang pekacangan gya nyipat senjata, sarya amatak aji, budaya sirwenda, pinesu pinapuja, pelore dipun janjeni, Surawijaya, aja sira pateni.
42.  gegilanen bae di dimene tobat, kabeh drijining sikil, lan drijining tangan, pricilan sadaya, nging Surawijaya uwis, pasang panolak, soroting dat kang munggying.
43.  nging banteran bantul nistureng budaya, sawastu mracihnani, wirawigati mesat, sanjatanya pun rondha, jumebret mimis tan mijil, sangking sanjata, sinuntek tibeng siti.
44.  langkung ngungun ing galih demang kacangan, ngudung saya sru runtik., esmu kawirangan, pelor cinandhak sigra, senjata ngingseni malih, pinesat munya, pelor lumepas bali.
45.  kadya tawon ngubengi gya tibeng kisma, demang wirawigati, angros kasoran, lingsem saya bremantya, manguwuh asru denya ngling, payo malesa, Surawijaya nuli.
46.  nyipat bedhilira pun naracabala, pelore den janjeni, kinen ambesmiya, rasukan jro kang tiga, ing jaba aja kabesmi, jebret lumepas, mimis mukmeng kulambi.
47.  tandya murub rasukan jro tiga kobar, dangu geni tan mati, demang pekacangan, niba agelangsaran, wutuh rasukan jawi, kang jro kewala, tinunu dening mimis.
48.  ngolang ngaling sesambat dheriwit tobat, wong pekacangn sami, geger apuyengan, wruh lurahe glangsaran, mangsah arsa kiwul jurit, Surawijaya, sigra ngayati bedhil.
49.  ajrih mundur lilimbangn sangking tebah, jorog jinorog genti, sami rowang ngira, kocapa tiyang kutho, kang ningali saking tebih, eram tumingal, tingkah nganeh anehi.
50.  samya mara gumrudug tumonton solah, ira wirawigati, sang Surawijaya, mrepeki aris ngucap, tutugna wirawigati, sakarepira, wirawigati nangis.
51.  kula tobat turun pitu tedhak pastha, gya sirep punang geni, gesang sariranya, tinon langkung nelongsa, wadyane den awe prapti, pepethut tiga, dadi pangarep baris.
52.  demang wirawigati undhang mring bala, kabeh ja wani wani, aku uwis kalah, sira maning wania, ewa mangkona menawi, kasih ngong tiga, ya Surapremati.
53.  lan si Surapakiwuh binarong sira, sukur yen wani, asakarepira, wau pethut tetiga, ndhodhok lambene ngebibir, sompyoh brengosnya, kelop kelop nelithik.
54.  swara erek geroyok matur prasaja, ki lurah kula malih, aran bebarongan, yen cathuk cathuk ngarsa, nggih ing wuri kipit kipit, mung manut sirah, mlayu tumut lumaris.
55.  nulya ngrangkul wau sang Surawijaya, mring demang wirawigati, dhuh demang kekakang, sampun awalang driya, tulus samitra mami, jamak ing titah, kanggenan lali eling.

1 komentar:

kadeemlaneve mengatakan...

Ford Transit Connect Titanium - TheTianiumSolutions
Ford Connect Titanium. black titanium ring The best way to titanium white octane connect your car to your titanium engagement rings for her home. In this article, titanium properties we discuss this titanium automatic watch great experience.

Posting Komentar

Sedang Membaca

free counters

Iklan Anda