Iklan Anda

Rabu, 13 Juli 2011

BABAD ARUNGBINANG pupuh 21 dumugi 22


PUPUH MIJIL
(21)
1.    wadya bala tata gyan lumaris, sung carya kang anon, sinung ngarsa layuban derane, wadya carat ingkang nambungi, predongga kang munggying, wurining lumaku.
2.    sinambungan prajurit turanggi sabalad tan awor, sikep tumbak sulam gegodhine, neka neka busana wadyani, lir ancala sari, rarasing lumaku.
3.    tatelukan ing tengah lumaris, sapontho kagolong lir kunjara jajar penjagane, tandya para priyayi kang wuri, mager sari ngiring, rahaden tumenggung.
4.    yudanagara jajar tan tebih, munggeng kuda karo, lan sang Surawijaya mitrane, nulya patih lan sakanca neki, kang para priyayi, neng kuda sedarum.
5.    songsong ambyur sumunar tulya sri, samarga keh nonton, mijah miyat unggul bendarane, mengsah keraman sampun kajodhi, kalih pisan mati, murdanya pinugut.
6.    winadhahan ing kendhaga kalih, jinajaran uwong, tan winarna ing margi lampahe, prapta sedayu mondhokan sami, bujana nutugi, wusnya kalih dalu.
7.    budhal marang banyumas nagari, lan sakeh rerepot, solah tinon lir ngarak penganten, urut marga keh jalma ningali, ing banyumas prapti, malbeng dalemipun.
8.    Surawijaya den sawegani, manggya neng dalem jro, pra priyyi wangsul sayasane, dyan tumenggung mene ari latri, nambrama tetami tansah nguyu nguyu.
9.    mangun kaharsan mahya punagi, arjaning lalakon, pan cinandhak nenggih raroncene, tigang dina neng banyumas nagri, Surawijaya mit, arsa budhal wangsul.
10.  nenggih dhateng kartasura nagri, sowan ing sang katong, dyan tumenggung yudanagara ge, ingkang badhe binekta rinukti, sirah kraman kalih, kang jajari sampun.
11.  sinudhiyan sarta kang pekathik, mikul sirah roro, kawandasa prajurit kathahing pekathik, lan itu prajurit, tyang kuthowinangun.
12.  sedayane samya pinisalin, myang arta sinangon, Surawijaya enjing budhale, sangking banyumas datan winarni, lampahira prapti, ing kuthowinangun.
13.  pinanggih lan ingakang yayah umi, sukeng tyas duk anon, kusung kusung samitra wangsane, denya antuk phalal ywang suksma di, urdining Nrepati ing ngayuda unggul.
14.  munah satru dalem kareman dwi, murdanya pinotong, kulawarga umageng pujine, mugyantuk kaganjaraning aji, bangkit ta ngayumi, ing sa akrabipun.
15.  tigang dina kendelnya ring panti, kutho nulya bodhol, lumaksana mring kartasurane, cinendhak ing ngenut ginupit, wus prapta negari, gya lajeng tumandhuk.
16.  ing ngarsane jeng raden dipati, ngaturken cariyos, reh ing nguni dinuta sang rajeng, katur purwa madya amekasi, tan kirang tan luwih, saniskaranipun.
17.  langkung suka myarsa dyan dipati, ngirid sowan katong, tiyang sangking banyumas sakehe, klilan wangsul wau dyan dipati, malebet ing puri, sampun canthel atur.
18.  gya ngandikan sowan dyan dipati, ngabyantara katong, angunjuki kirtyas liring reh, Surawijaya gebal nerpati, sapunika prapti, yudanipun unggul.
19.  murda karaman tinigas kalih, ka unjuk sang katong, lalu trustha prabu pamarsane, Surawijaya kinen nimbali, gya gandhek umijil, nimbali sowan wus.
20.  byantara sang nata mangenjali, muka konjem tinon, Surawijaya bukuh silane, ngandika rum
kangjeng Sri Bupati, geng tarima mami, ing pekenirestu.
21.  sira atur kabungahan mami, ilang kliliping ngong, nembah matur sipat darmi rajing, tyan lyan sangking prabawa Nrepati, ingkang ngulun pundhi, ing sadangunipun.
22.  jeng sinuwun angandika malih, paman patih yektos, teka sipat pethekira kuwe, Surawijaya guna undhagi, putus prameng nganggit, pinter dhasar tangguh.
23.  pantes kanggo dandanan praja di, piniyareng katong, ing sapangkat ngembat bot repote, tintheng desa iku nora asil, becik wismeng nagri, ngladeni maring sun.
24.  matur nembah rahaden dipati, leres sanga katong, Surawijaya mantep watake, boten ical ginanjara linggih, samurwating dhiri, dados sapanewu.
25.  mongka pawitan sumiweng aji, wau sanga katong, lah ta iya panewu sun gawe, bengkok kuthowinangun kang uwis, ora sun owahi, baglen kulon iku.
26.  lan sun pundhut namane kang lami, mengko karsaning ngong, Honggawongsa paring ingsun mangke, ing pangkate ya iku ngabehi, Surawijaya glis, neng byantara sujud.
27.  nuwun inggih kelangkung kapundhi, sih pitedhan katong, kang rumentah pukulun wira ge, ulun mongka jimat gung parip sih, tanapi usadi, ring jiwa pukulun.
28.  ingkang punika tan wonten malih, ming susetyeng batos, kaunjuka ing pada sang rajeng, nalika siyang tanapi latri, gesang prapteng lalis, kagungan sang Prabu.
29.  ngandika lon kangjeng Sri Bupati, lah sira samengko, sun lilani bali ing desane, rumantiya reh sira ngalih, awismeng negari, lungguhmu panewu.
30.  paman patih ya parentah mami, sirah kraman roro, pinanjero dalan mrapatane, lan undangena sakehing jalmi, supaya wruh sami, purwitaning luput.
31.  nembah sandika raden dipati, gya kalilan karo, nembah lengser sing byantara rajeng, Surawijaya ndherek dyan patih, lampahira aris, kapatiyan rawuh.
32.  langkung ngasih rahaden dipati, Surawijaya ko, pinaringan sabarang pengangge, purantine wong lumakyeng kardi, rahaden dipati, darpeng tyas tutulung.
33.  Surawijaya anuwun pamit, mring kutho rumantos, myang sung wikan ing yayah renane, miwah kadang kadeyane sami, dyan patih ngideni, tandya mangkat sampun.
34.  ya ta wau rahaden dipati, anulya matah wong, manjer sirah keraman karone, pinthanahken parapatan margi, lan undhang keh jalmi, niskaring luput.
35.  data tita ing kartasura di, kuneng cinariyos, Surawijaya prapteng wismane, desa kuthowinangun pinanggih, lah kang yayah umi, myang kadang sedarum.
36.  sumawana sakehe wong desi, sinungan pawertos, yen semangke kapatedhan sihe, dening gusti sang Sri Narapati, pinaringan kardi, alinggih panewu.
37.  bengkok kuthowinangun ing nguni, kang uwis kelakon, linulusken jeng Sunan dhawuhe, nanging wismane dumunung nagri, sadaya kang myarsi, mumudya jumurung.
38.  kyai Honggayuda wecana ris, sukur kempal sih aning rajeng, bisa ngayumi kadangmu sami, tan lyan ngong mumuji, arjaning tumuwuh.
39.  wang wang ingkang putra matur aris, kawula samangko, sinalinan nami karsa rajeng, Honggawongsa apangkat ngebehi, sanggya suka myarsi, wus umyang misuhur.
40.  marang jalma desa caket tebih, yen samangke kenthol, Surawijaya kinathik rajeng, wit katrima pakaryane jurit, nigas karaman kalih, kang gawe dahuru.
41.  nagri banyumas ngendhih bupati, gulune pinotong, dening Surawijaya kenthole, mengko sinalin pangkat ngebehi, Honggawongsa nami, wismeng praja gung.
42.  angabehi Honggawongsa mangkin, sukarsa titinjo, mring garwa ing bulu saptane, ponakawanira kinen ngiring, pun dipawongseki, gya umangkat sampun.
43.  prapta bulupitu ki ngebehi, miyak wrana panon, bulupitu nir sipat alase, byar katingal kadhaton tulya sri, neng wiwareng jawi, kang garwa wus methuk.
44. dhinerek ing parekane sami, kusumaning sinom, nyandhak astaning kekekanthen, malbeng pura sakaliyan linggih, kang garwa ngesemi, sarya neblek pupu.
45.  kamayangan ki omah pan uwis, intuk sih sang katong, mendah gene ki omah angkuhe, mongsa emute mring awak mami, wus pangkat ngebehi Honggawongsa newu.
46.  wecana rum wau ki ngebehi, mokal kang mengkono, kita amung lumaksa sapangreh, sangking masmirah saliring karti, upamane lali, amumurung tuwuh.
47.  kusumayu bulupitu angling, lah ya den waspaos, rehning sira wis kinathik rajeng, ika lagi ginawe murwani, wite sangking cilik, menek bisa ruhur.
48.  lara lapa wong suwiteng aji, sarta luwih abot, akeh wigar anggagar karyane, lamon nora lepas ing pakarti, mongsa sring tinari, ring penggawe prelu.
49.  dedalane kadrajatan pesthi, sangking tyas mangretos, sinantosa slamet dhedhasare, wong suwita yen kerep tinari, anggusthi prakawis, maring sanga prabu.
50.  cepak undhake lumakyeng kardi, rinuwiyeng katong, ki ngebehi Honggawongsa linge, saenggane baita wak mami, masmirah kemudhi, kang jujurken laku.
51.  atur wirayat  retnaning wukir, bulupitu alon, meh dahuru tanah jawa mangke, bongsa cina kang karya durniti, cinayangken widi, unggul mung sapangu.
52.  bangkit kartasura nagri, iswarane lolos, krana cina kang den angkat rajeng, iya padha terahing mentawis, pasemoning bumi, mung ginawe pupuh.
53.  nuli kendhang binuwang kumpeni, cina prange kasor, Narendra kang lolos jejeg maneh, gya prasada rusak bosah basih, lamon ora ngalih, rusake kadurus.
54.  desa sala kang becik pribadi, ginawe kadhaton, bakuh kukuh wisuda arjane, dunya sabrang keh padha ngejawi, wong jawa keh sugih, ratu run tumurun.
55.  wang wang akeh para pangran mijil, murwaning palugon, tanah jawa kelem upamane, malah telung puluh warsa luwih, prapta tengtrem nagri, panji roro timbul.
56.  sagung wirayating tanah jawi, kabeh cinariysa, dening retna bulusapta mangke, winayahken mring raka ngebehi, ingkang gaib gaib, tinutur sedarum.
57.  angebehi Honggawongsa uwis, sakalir waspaos, nora samar saobah usike, purwa madya puwareng nagari, ing sabilik bilik, winursiteng dangu.
58.  sawisira etang tigang rtri, denira ngadhaton, munggeng bulupitu mong kamukten, mangun raras nului karesmin,. awit ki ngebehi, Honggawongsa wangsul.
59.  mangayu bagya retnaning wukir, jurung karahayon, angebehi Honggawongsa lengser, dipawongsa lumiring ing wuri, lampahira prapti, ring kuthowinangun.
60.  angempalken para akrab tuwin, sakathahe kang wong, samandhala kuthowinangune, denirarsa wau ki ngebehi, mangsung boga maring, pra mitra sedarum.
61.  ri sampuning prapta wektu ari, kempalan sumados, pepak sanggya kula mitra andher, tistheng kuthowinangun cumawis, sawegan mepeki, ondrawina anutug.
62.  mukul gongsa astama mamain, gumrah swaraning wong, samya tayub surak surak use, wong ing kutho wijah wijah ngenthi, kang para taruni, beksa ngugung kayun.
63.  genti genti medharing kundhisi, ingkang cinariyos, mangsung pudya maga maga mangke, lestariya mandya yu ngebehi, Honggawongsa nenggih, winisudheng ratu.
64.  malak mandar intuk wimbuh sangking, pasihan sang katong, kadrajatan kang tumrap jasade, ing samurwat sapantes dumadi, dadiya palupi, mring kang kantun kantun.
65.  saur peksi jumurung ngastuti, use surak ing wong, yayah guntur gumuntur gora reh, nutug enjing palasteng pakarti, wau ki ngebehi, tata angkatipun.
66.  wus samekta waragad lumaris, gancanging cariyos, budhal maring Kartasura age, ingkang milya mulung sawetawis, reh semangke lagi, bebakal pilungguh.
67.  prapta kartasura sowan aglis, kapatihan mangko, tinetepken karya pepancene, sarta sampun angyasani panti, pan ing lami lami, sangsaya kadulu.
68.  dening gusti Narapati, pan duk ing pangertos, nora kewran agal lusing pangreh, nadyan pakarti dereng kalahir, keh kan den weruhi, sujanane punjul.
69.  krep ngandikan mring panepen aji, agunem bot repot, obah usiking praja labete, barang weca tansah den titeni, mring Narapati, tarsiwah sawastu.
70.  sumawana pakaryaning jurit, dibya katong ton, angluwih asesama samane, mila Sang Nata saya wimbuh sih, gya inggahken linggih, kliwon sarkara wus.
PUPUH DHANDHANGGULA.
(22)
1.        nama tetep paring paring dalem lami, nenggih angebehi Honggawongsa, linggih minggah dunung kliwon, data tita winuwus, kartasura kataman rungsit, praja gung mandangkara, purwita dahuru, bongsa cina kang awisma, tanah gondariya sewu ing batawi, lan kumpeni sulaya.
2.    kinuya kuniya dening kumpeni, temah nekad umadeg karaman, lan kumpeni aprang rame, cina sor ngungsi umur, ing Narendra Kartasura di, nanging Kangjeng Susunan, tan karsa tutulung, sarta datan karsa ngrusak, mareng cina jalaran tan darbe sisip, ing Sang Narendra Jawa.
3.    sumawana upama nulungi, marang cina datan kapotangan, sedene dudu bangsane, Nata tan milu milu, brawalane lawan kumpeni, nanging ta Sri Narendra, lan kumpeni uwus, mimitra sae kapraya, ing samatra biyantu marang kumpeni, amung semon darana.
4.    amung patih ingkang biyantoni, kanthi martapura garobogan, angandhemi sasolahe, wong cina biniyantu, nulya wau raden dipati, nata kusuma sigra, kajantaka tanduk, rinenggep dening welanda, gya binucal ing selong laku prihatin, martapura grobogan.
5.    wawelutan angraman pribadi, tiyang cina ngangkat trah mantaram, jinunjung mandhiri rajeng, sunan kuning jujuluk, raroncene datan ginupit, mung mendhet gancarira, ing kartasureku, binedhah dening wong cina, jeng Sunan kisisan wadya ngoncati, sangking prasada kentar.
6.    sunan kuning kang madeg Nrepati, datan lami cina kasor prangnya, lan kumpeni anulya ge, sunan kuning kapikut, sinebrangken katelah nami, nenggih susunan kendhang, kartasura wangsul, ing Narendraning lama, jeng Susunan Paku Buwana ping kalih, anging kadhaton risak.
7.    dene kang gumanti papatih, dyan dipati pringgalaya prenah, ipe kalawan sang rajeng, kalih patih jro juluk, dyan dipati sindurja nenggih, kumpeni kang kawasa, ngemong sanga prabu, baron ohendhorep nama.
8.    Ngabehi Honggawongsa tanapi, sira angabehi cakrajaya, sampun jinunjung linggihe, sinengkakaken ing ruhur, dening kangjeng Sri Narapati, pan bupati wedana, numbak anyar sewu, tanah baglen linggihira, pan pinaro Honggawongsa kang sepalih, sepalih cakrajaya.
9.    jeng sinuwun samar kyarsa ngalih, kadhaton gya kumendhan ngandika, baron ohendhorep saos, ngandika jeng sinuwun, adhi mayor karseng sun mangkin, ngalih gya ning prasada, ing ngendi kang patut, sira dhi pikira lawan, patih karo myang punggawa kang mengreti, milih papan prayoga.
10.  tuwan mayor ohendhorep mijil, prapta loji nimbali punggawa, miwah kyana patih karo, prapta byantara mayur, adipati pringgalayeku, dipati sindureja, lan tiga tumenggung, Honggawongsa pusparana, mangkuyuda pinaring parentah sami, bab dhawuhing Narendra.
11.  tuwan mayor ohendhorep angling, dhawuh dalem kangjeng Sri Narendra, akarsa pindhah kadhaton, kula kinen lumaku, lan andika amilih siti, pundi patut kinarya, lah daweg lumaku, gangsal umatur sandika, tuwan mayor lumampah samya kairing, lan wadya sawetara.
12.  wetan praja siti kang pinilih, dening mayor papane prayoga, kadipala ing ngarane, patih kalih wus sarju, pusparana mangkuyudeki, biyantu pamilihnya, ring komendhan mayur, nging tumenggung Honggawongsa, tur wirayat menggah kadipala bumi, yen dadosa kedhatyan.
13.  enggal risak pinasthi tan lami, nulya milih malih amangetan, wetan bengawan pinileh, ran bumi Sana Sewu, papan bagus wera tur radin, Hoggowongsa aturnya, awon watakipun, benjing yen dadya nagara, sana Sewu sagung abdi dalem jawi, murtad tukar lan rowang.
14.  boten jenjem manahe tyang jawi, mayor angling lah endi prayoga, tuduhna kang sira pileh, Hoggawongsa gya matur, dhusun Sala kilen benawi, punika kang prayoga, dinamel kadaton, jangkanipun saniscaya, kukuh bakuh karta karti loh jinawi, pan boten kinging risak.
15.  tiyang jawi benjing sami sugih, nulya sabrang kathah angejawa, winestu kangjeng gupremen, tulus saeka kawruh, ratu jawi lawan kumpeni, eram mayor miyarsa, priye pangawruhmu, desa Sala papan rancah, sira pilih lan maneh ponggok benawi, umatur Hoggawongsa.
16.  papan awon kenging den dandosi, wangsul lamon sampun watak ala, kadya pundi panolake, mayor lingira arum, ya sun matur jeng Sri bupati, iku telung panggenan, endi kang kinayun, anulya wangsul sadaya, tuwan mayor lajeng lumebet jro puri, sowan jeng Naranata.
17.  sarta priyantun gansal lumiring, tuwan mayor tabelan Sang Nata, priyayi gangsal wot sinom, tuwan mayor umatur, kula sampun amilih siti, kang badhe kangge praja, kalih nggen mangguh, sana sewu kadipala, abdi dalem patih kalih mupakati, tuwin kalih punggawa.
18.  pusparana mangkuyuda sami, mupakat pamilih kawula, aming Honggawongsa sanes, ingkang pinilih dhusun, sala ing sakilen benawi, turipun Honggawongsa, siti Sana Sewu, menawi dados Negara, sami murtad abdi dalem tiyang jawi, kerengan sami rewang.
19.  kadipala yen dados negari, boten lan temtu enggal risak, ming dhusun sala kang sae, bakuh kukuh rahayu, karta karti lan loh jinawi, dunya sabrang ngejawa, saniswara rukun, lan kumpeni ekapraya, abdi dalem tiyang jawi sugih sugih, mengkaten kang wirayat.
20.  kangjeng sunan ngandika mangsuli, adhi mayor kang manira tuta, Hoggawongsa pamilihe, lah ta rakiten gupuh, desa Sala karya nenagri, mayor matur sandika, tabe mijil sampun, priyayi gangsal manembah, milya lengser andherek dhumateng loji, rembag yasa nagari.
21.  tan winarna reroncenig kardi, kang rinipta cendhake kewala, gyanipun yasa kadhaton, niskara rina rampung, rinumpaka sabilik bilik, tinon kalangkung listya, uparengganipun, prabu wus pindhah prasada, tistheng Sala raning nagri ing ngelih, Surakarta diningrat.
22.  miring swara winayanging bumi, sinengkalan pindhahe sang Nata, ananging wektu semono, negri taksih dahuru, para pangran kathah kang mijil, sing praja murwa aprang, angriwuki dhusun, pan sami trahing mentaram, tunggil dharah lan kangjeng Sri Narapati, pangeran buminata.
23.  ingkang rayi kangjeng Sri Bupati, kalih ira pangran singasekar, plunan nata pangran pamot, lan suryakusumeku, pangran mangkudiningrat tuwin, pangran mangkunagara, kadangipun sepuh, sunan kendhang batawiyah, pangran mangkunagara sisilih nama, sunan adi prakosa.
24.  raden martapura kang ngemongi, tanah sokawati wus kancikan, marang martapura kareh, jeng sunan tyas magiyuh, pra sentana sanggya tinari, kinen birat gung kraman, angriwuki dhusun, datan ana sumanggupa, denya martapura glaring prang munthalit, angel winaseseng prang.
25.  tuwin pangran mangkunagareki, watak gora godha glaring yuda, bebayaning yen kelangke, mungkang rayi Sang Prabu, Pangran Harya amangkubumi, kang sagah ananggulang, nirnaken ririwuk, wang wang sampun kaleksanan, pangran amngkubumi kang ingagya mijil, nglurah ririwuk proja.
26.  para pangran ririwuk kalindhih, tanah Sokawati wus karebat, nulya ginanjarken kabeh, bumi kang tigang ewu, dhateng pangran amangkubumi, wit karsanya kang raka, nenggih jeng Sinuwun, tanah Sokawati mongka, lalenggahe pangran Harya Mangkubumi, senadipa ngayuda.
27.  data tita lingira ing nguni, raden adipati pringgalaya, akarya corah penggawe, ngrembagi tuwan mayur, ohendhorep inggih supadi, matur ing jeng Susunan, myang dhateng gupernur, karsa ngelongana lenggah, Sokawati dhaharipun mangkubumi, kang kalih ewu karya.
28.  winangsulken kang darbe rumiyin, abdi dalem karah kekirangan, sanalika tuwan mayor, kapaelu turipun, pringgalaya dipun turuti, nuju rawuhing jendral, jeng baron panemuk, putus kang ponang bicara, ngelong lenggahipun pangran mangkubumi, dwi ewu Sokawatya.
29.  Sri Narendra byar asta ngastuti, pangran mangkubumi sawusira, pinotong bumi lungguhe, Sokawati dwi ewu, sekel ing tyas lingsem tan sipi, nekad yun murwa aprang, mbalela ing ratu, suksa ripu lan welanda, ingkang abdi sedaya sampun ginangsing, lolos sangking nagara.
30.  sikara resing obah pretiwi, pangran Harya Mangkubumi kala, mbalela lan jeng gupremen, wawu galedhug guung, ing merapi umahnya geni, dumunung sokawatya, sawega prang pupuh, sadaya para pangeran, kang ngririwuk tundhuk marang Sokawati, susatya bayantaka.
31.  yen kang magol winasesa jurit, soring yuda tandya lumaksana, mring mangkubumi liring reh, kathah praja pinukul, tumenggunge teluk sumiwi, kang magol kateragal, kang kukuh ginempur, sanadyan para welanda, kang lumawan ngayuda tan mongga pulih, tuhu jinajayeng prang.
32.  sampun kathah punggawa nireki, juluk senapati ing ngalaga, pramuka jayeng palugon, ing bumintara kasub, paman Harya Amangkubumi, sumbaga wirutama, wasistha pasang graita, tangguh tatag sonta budya sih ing dasih, linuyut wadya bala.
33.  pangran Mangkubumi kaambil, putra mantu pan saekapraya, dyan martapura rumojong, kinarya pinisepuh, ambaboni sagung bupati, dene punggawa ingkang, minongka gul agul, dipati Suryanagara, rongga wirasantika jaya nir jeki, lawan mangkudiningrat.
34.  jawi nata ngayogya sumiwi, sinung nama dipati janingrat, akathah yen winiraos, punggawa kang nung nganung, kaneracak surayeng westhi, tuwin kang para kadang, anem miwah sepuh, pangeran adiwijaya, pangran purubaya mangku kusumeki, pangran mangku diningrat.
35.  pangran pamot pangran singasari, tuwin pangran suryadikusuma, binage bage karyane, kang mangilen pangeran katri, pangeran purubaya, nenggih kalihipun, pangeran mangkukusuma, pangran Suryadikusuma etang katri, bagelen wus kancikan.
36.  wau pangran Arya mangkubumi, gung prabawanira ing ngayuda, undhagi waskitha ing reh, kumpeni kang tumangguh, ing prang pilih amongga pulih, tumpes ngasmareng ngala, bugis bali tumpur, mandura mekasar sirna, ripu jawa kedek kales kapalipis, apes madyaning yuda.
37.  temah getun pangageng kumpeni, kerep kirim srat amanora, pinurih wangsul lama neh, praja gya nireng dangu, bang ngebange para rat peni, yen ta karsa wangsula, sinungan lulungguh, acacah bumi saleksa, anging pangran mangkubumi saya runtik, wus tinemah anekad.
38.  dadya kaku tyasireng kumpeni, tinemenan ing prang pinrih sirna, datan pinanggya apese, malah sangsaya agung, Surakarta sampun kapipit, kinemput dening mengsah, ngenes sapraja gung, wau ta kang winursita, ing nalikanira pangran mangkubumi, bina bina keh wadya.
39.  pra sentana myang para bupati, pangran ngaturan madeg Narendra, aywa tanggel pakaryane, jeng pangran dereng ngayun, lamon dereng kaliyan dening, wujud ingkang nistura, gung dera manekung, aneges karseng ywang suksma, kang linanglang wawaler sangker dumadi, mungguh reh ngalam arwah.
40.  dupi sampun amaladi ening, sapunika sampun trang ing driya, kawistara tongtonane, kalilan adegipun, byar raina pangeran mijil, pinarak ing pandhapa kadhaton mentaram, pangeran mangkunegara, ing ngandikan lan ngirida pra dipati, pangran sowan manembah.
41.  sampuna glar sentana dipati, angandika arum jeng pangeran, eh kulup wruhamu mengko, miwah kakangmas iku, lamon ingsun sing aturi, sentana pra dipatya, kang padha anjunjung, adeging sun Naranata, mung den padha maklum padha den ngawruhi, sakehing kaluputan.
42.  ya kerana ratu neng wanadri, pangran mangkunagara sumongga, sentana dipati kabeh, matur kukila umung, angling pangran amangkubumi, kulup padha rasakna, paning bisuk isuk, beneri tanggal sapisan, bener nuju sasi sura taun alip, yogya ngadegken nata.
43.  nanging ora nuju senin kemis, tanggal pisane nuju jumungah, payo rembugan ing ngokeh, para dipati sepuh, ngangge tanggal ature sami, ingih kalawan dina, malah tanggalipun, amareng ri jumungah, anut sanggya sentana myang pra dipati, jumeneng tanggal pisan.
44.  wus mupakat kang para dipati, badhe patih pangulu lan jaksa, ing benjing enjing adege, jumungah dinanipun, pangran mangkunagara mijil, lawan sagung sentana, tuwin punggawa gung, lajeng dhateng kuwonira, pangran mangkunagara dipati, pra sentana rembagan.
45.  pra dipati kinen animbali, pradikan kang tistheng tanah pajang, nenggih kuda nawarsane, umesat dutanipun, animbali perdikan sami, ing wongga lan kajoran, myang pacalangipun, majasem konang tembayat, kembang ngarum pasucen astana wedhi, bengi bengi praptala.
46.  ingkang tanah mantaram pra sami, samya praptaa enjing kewala, wus samya mateng rembage, ing dalu tan kawuwus, enjing sagung kang pra dipati, seba bekta barisnya, sagung pra tumenggung, miwah ingkang pra sentana, sabarise neng alun alun mentawis, pan kadya garebegan.
47.  wiyosira pangran mangkubumi, ing sakontha konthaning karajan, kaprabon upacarane, samekta lamenipun, kang ampilan kanan kering, upacara karajan, apraba ngunguwung, sapraptaning panangkilan oreg kabeh sentana para bupati, supenuh ambelabar.
48.  nulya rawuh wangunan pengrawit, pinarak munggeng amparan denta, pangeran rongga kilene, ya pangran ngadilangu, munggeng kursi jajari linggih, lan sayid ngabdurrahman, dadya pinisepuh, pangeran mangkunagara, kinejepan ngadege lere tuwan sayid, umah hya undhang ngundhang.
49.  yen kang rama umadeg nerpati, nama Susunan paku buwana, senapati ngalagane, iya ngabdurrahamanu, sayidina panatagami, saha khaliphatullah, ing nungsa jaweku, wadya gung saur kukila, kang pradikan neng wurine tuwan sayid, ngiswreni sarta donga.
50.  gya munya drel mariyem mawanti, monggang muni barung lan senjata, gumuruh swara gora reh, kadya giri gumuntur, ngalun alun senjata muni, dangu kendel kang swara, bedhil monggangipun, kang madeg nata parentah, anjenengken patih ngiras senapati, pangran mangkunagara.
51.  patih kuwasa amasesani, bang bang ngalun alun ing nagara, kang kinarya pangulune, ki ngabdullah puniku, gih pradikan ngastama wedhi, geng ruhur wandanira, pinaringan juluk, ki pangulu dipaningrat, nenggih ranawijaya namanireki, ingkang kinarya jaksa.
52.  wus jinunjung lalenggah reki, nama tumenggung sasmita sastra, rampung sanggya niskarane, ya ta ingkang kawuwus, tuwan ohendhorep ing nagri, Surakarta diningrat, wus minggah pilungguh, jumeneng idlir samarang, dene ingkang gumanti jagi nrepati, ing nagri Surakarta.
53.  linggih uprup tutlomondhe nami, mangke sang Nata anandhang gerah, kelangkung sanget gerahe, dyan pringgalaya rembug, lawan uprup ngaturi uning, mring idelir samarang, uprup abiyantu, gya dipati pringgalaya, karya surat katur idelir semawis, wus anuding caraka.
54.  bekta surat praptaning semawis, surat tinampan sinukmeng driya, tur priksa Nata gerahe, tuwan idlir gung ngungun, duta nulya kalilan mulih, idelir mangke arsa tinjo sanga prabu, denya idlir sampun saudara yekti, lan kangjeng Sri Narendra.
55.  nging kesaru idlir duk pinanggil, mring Batawi ing reh sareputan, sarta amral tanah kuse, sarenga praptanipun, jendral langkung denira runtik, aprakara pangeran, mangkunagareku, nguni katur wus pralena, mangke meksih malah ambedhah mentawis, mayor Vor rowange prang.
56.  dhingin ngirimake sirah kalih, ya sirahe pangran prang wedana, lan sirahe pangran pamot, para rat pen kumpul, jendral mangke karsa mundhuti, pengwasa pilenggahan, pangreh ing wadya gung, myang sagunging parentahan, jinabel lan ature para rat peni, prayogi pinariksa.
57.  idlir prapta ngarsaning rat peni, sami andhawuhaken duduk, nguni dora tur ature, sirah kekalihipun, mengko ingkang winastan mati, misih urip sadaya, amukul mentarum, mayor vor rowange aprang, mengko ohendhorep kena ing bilahi, gya ngaturi katrangan.
58.  kula nguni inggih anglampahi, ing parentahipun tuwan jendral, mukul ripu nyirnakake, mangkunagara mungsuh, sakadange kula purugi, lan kula tinindhihan, pun mayor tenangkus, ambubujung saenggenya, duk kecandhak ing paprangan rame jurit, mangsah rowang keh pejah.
59.  wonten siji warnanipun pekik, lok ing kathah lah iki pangeran, tyang jawi sami saure, mila mustakanipun, kula tigas katur maringi, ing mangke yen dedeya, kawula tan weruh, kula dereng ambubudhak, mring pangeran prang widana dereng uning, lan dereng akekancan.
60.  pae pangran harya mangkubumi, lami kekancan lawan kawula, mongsa panglinga wardane, sirnaning mengsah sampun, apan sami risak ing jurit, aprang lawan kawula, aprasasat lampus, saengga sampun wontena, pangungsene pangran harya mangkubumi, kang nulung dadi waras.
61.  sami kelar madeg baris malih, pangeran mangkubumi panutanya, mangke mengsah sakathahe, umanjing balanipun, ing pangeran amangkubumi, kang tan purun kabala, buminata mantuk, bali marang Surakarta, kabeh jaba kabawah ing mangkubumi, kang ambaboni mengsah.
62.  tandya sirep sagunging ratpeni, tur prayogi ing gurnadur jendral, sampun pinanjang raose, cinupet nulya sampun, bibingungi pikir puniki, mangkubumi angredi, kang raka sang prabu, Surakarta sanget gerah, ohendhorep ing ngapura klilan mulih, atinggal keh prakara.
63.  malah tuwan jendral amuwuhi, pangawasa saliring pakarya, sinrah sanggya ruruwede, bumi pajang mentarum, yen sang nata praptaning janji, ya nuli rampungaa, banjur putranipun, dipati anom madeg, narapati aja nganggo wancak galih, wus telas kang pitungkas.
64.  deler wangsul sangking ing batawi, tigang dina praptane samarang, anulya lajeng lampahe, ing Surakarta rawuh, atutuwi sang narapati, saya sanget gerahnya, prateng jangji surud, reroncene tan winarna, idlir tandya anjunjung pangran dipati, anom gumantya Nata.
65.  ponca pandhita rasaning bumi, sinengkalan adeging narendra, juluk kadya sudarmane, palasta idlir mantuk, mring samarang ngrembag prekawis, jalaran surakarta, wus kakemput mungsuh, pangran mangkubumi ngreda, malah mangke madeg nata ing mentawis, ran Sunan kabanaran.
66.  tanah baglen wus kabawah dening, pangran purbaya mangkukusuma, suryadikusuma trine, idlir tyas gung magiyuh, prejanjine datan pinanggih, sagah nirnaken mengsah, malah saya wuwuh, mangke wonten sreping driya, de Narendra Surakarta sepuh lalis, ginantyan Sri taruna.

0 komentar:

Posting Komentar

Sedang Membaca

free counters

Iklan Anda