Ilustrasi Pantai Karanggadung. Sumber : Internet |
Crita diwiwiti nalika sing ngasta pamarentahan kraton Mataram Kanjeng Susuhunan Sayidin Panatagama, kang mrentah nalika taun 1601M. Kraton Mataram nalika kuwi nguwasani laladan brang wetan lan brang kulon, kayata Kadipaten Pucang Kembar kang disesepuhi dening Adipati Cipta Kusuma, Kadipaten Bulupitu kang disesepuhi dening Raden Jaka Puring, lan Kadipaten Karang Gumelem. Ana ing crita iki kang dadi underaning lakon yaiku saperangan laladan brang kulon.
Nalika semana Adipati Pucang Kembar nduweni putri kang sulistya ing warna arane Dewi Sulastri. Adipati Bulupitu kang asmane Raden Jaka Puring dikenal minangka pawongan kang nduweni kasekten kang sekti mandraguna ananging durung duwe sisihan lan dheweke uga nduweni ciri/cacad yaiku ing lambene kandel sesisih utawa mengrot, krungu menawa ing Kadipaten Pucang Kembar ana putri kang ayu rupane putri saka Adipati Citra Kusuma, ndadekake Raden Jaka Puring nduwe krenteg kepengin mbuktekake lan nglamar dadi garwane.
Sawise Raden Jaka Puring weruh kasulistyane Dewi Sulastri, dheweke banjur nglamar putri mau, nanging durung ditampa utawa isih disumenekake sauntara wektu awit Raden Jaka Puring sawijining pemuda kang nduweni ciri utawa cacad, mula saka iku dheweke diaturi supaya nunggu lan diprayogakake supaya manggon sauntara ing Pucang Kembar. Ora antara suwe dumadakan ketekan pemuda kang bagus rupane saka Kadipaten Karang Gumelem kang arane Raden Jono kang duwe karep kepengin golek pagaweyan ing Kadipaten Pucang Kembar, sinambi golek sisik melik bab dununge kadang sedulure kang arane Raden Wira Kusuma. Ananging Sang Adipati Citra Kusuma bingung awit ora ana pagaweyan kanggo Raden Jono mau, nalika kuwi bebarengan karo metune putri Sang Adipati Citra Kusuma yaiku Dewi Sulastri, weruh pemuda kang bagus rupane mau atine kumepyur banjur ketarik lan matur marang kanjeng rama supaya Raden Jono ditampa nyambut gawe ana ing Kadipaten Pucang Kembar.
Sidane Sang Adipati nampa panglamare Raden Jono minangka juru taman ing kaputren Dewi Sulastri. Awit saka asring sapatemon antarane Raden Jono kalawan Dewi Sulastri ndadekake thukul rasa tresna kekarone kaya unen-unen “witing tresna jalaran saka kulina”. Sauntara kuwi saka panggonan anggone ngenteni, Raden Jaka Puring wis bosen anggone ngenteni wangsulan saka Dewi Sulastri. Dheweke banjur nduwe panyakrabawa marang sesambungane Dewi Sulastri karo Raden Jono, mula Raden Jaka Puring banjur kongkonan Pangeran Usmono Usmani (rayi saka Dewi Sulastri) supaya ngawasi tindak-tanduke Dewi Sulastri lan Raden Jono. Miturut panyawange, Pangeran Usmono Usmani banjur menehi palapuran marang Raden Jaka Puring menawa saktemene Dewi Sulastri wis duwe sesambungan tresna kalawan Raden Jono. Krungu palapuran kang kaya mangkana Raden Jaka Puring banjur rumangsa kagepok atine (tersinggung) lan nduweni panduga menawa dheweke ditolak awit Dewi Sulastri ana sesambungan tresna kalawan Raden Jono. Raden Jaka Puring banjur nesu sabanjure kedadeyan perang tandhing antara Raden Jono lan Raden Jaka Puring. Cekaking crita perang tandhing kang ora setimbang kuwi mau andadekake Raden Jono kalah lan mlayu ndhelik ana ing pesanggrahan Pring Ori (kang sabanjure dadi desa jenenge desa Ori ing tlatah Kecamatan Kuwarasan). Raden Jono njaluk pengayoman marang Kyai Karyadi lan dikon ndhelik ana sajrone lumbung banjur ditutupi nganggo kapuk. Ora antara suwe ketekan Raden Jaka Puring sowan Kyai Karyadi saperlu nggoleki dununge Raden Jono mau, ananging Sang Kyai ngapusi lan ngandhakake menawa Raden Jaka Puring ora ana ing Pesanggrahan Pring Ori kono. Sabanjure Raden Jaka Puring mulih menyang Kadipaten Bulu Pitu.
Sawise Raden Jaka Puring lunga, banjur Raden Jono ditokake saka sajrone lumbung lan dtakoni apa sebabe Raden Jono dioyak-oyak dening Raden Jaka Puring. Raden Jono nyritakake lelakone marang sang Kyai menawa lungane menyang Pucang Kembar sekawit arep nglamar pegaweyan sinambi nggoleki papan dununge sedulure kang arane Pangeran Wira Kusuma. Satekane Pucang Kembar banjur ditampa minangka juru taman ing keputren lan ditresnani dening Dewi Sulastri. Sauntara kuwi Raden Jaka Puring kang nalika kuwi lagi ngenteni wangsulan panglamare, saka Dewi Sulastri ora ditanggapi lan sakjane ditolak awit nandang cacad. Ananging rumangsa ora tega menawa kandha apa anane menawa nolak awit saka cacade Raden Jaka Puring mula panglamare disumenekake lan supaya nunggu jawaban kanthi cara diprayogakake manggon sauntara ana ing Kadipaten Pucang Kembar sinambi nunggu wangsulan saka Dewi Sulastri. Ananging awit saka Dewi sulastri wis kebacut tresna marang Raden Jono, mula andadekake Raden Jaka Puring kebrongot atine/cemburu lan dadi perang tandhing antarane Raden Jono lan Raden Jaka Puring nganti sidane Raden Jono kalah lan mlayu tekan Pesanggrahan Ori kanggo nenimba ngelmu ana ing pesanggrahan, sahingga bisa kanggo ngalahake Raden Jaka Puring lan mboyong Dewi Sulastri minangka garwane.
Midhanget wangsulan sing kaya mangkana saka Raden Jono sang kyai mrayogakake, kanggo nggayuh tujuwane mau Raden Jono supaya lelaku semedi (tapa) ana ing sangisore wit benda lan wit mau dumunung ana ing laladan kang angker, nanging uga anggone nglakoni semedi kudu kanthi ati kang tulus, wening, suci lan sabar. Raden Jono miturut apa kang dadi dhawuhi sang kyai, dheweke banjur semedi kanthi sabar lan ati kang tulus, sahingga anggone mertapa ngetokake asile saka Sang Maha Kuwasa, yaiku entuk pusaka awujud keris arane Bungkul Kencana. Sabanjure Raden Jono bali menyang Pucang Kembar sapatemon karo Dewi Sulastri. Nalika kuwi Raden Jaka Puring wis ana ing Pucang Kembar saperlu nakokake wangsulan saka Dewi Sulastri saka panglamare mau. Dewi Sulastri menehi wangsulan menawa dheweke gelem dipek bojo saka sapa wae, ananging dheweke nduwe panjaluk/bebana awujud adon-adon/giri patembaya (sayembara berupa pertarungan) antarane Raden Jono kalawan Raden Jaka Puring. Mula dadi perang tandhing kang gawe eram saka kekarone, lan dimenanake dening Raden Jono, Sabanjure Raden Jono didhaupake karo Dewi Sulastri lan Raden Jaka Puring mlayu lan bali menyang Bulu Pitu.
Bebarengan karo dhaupe Raden Jono kalawan Dewi Sulastri, Adipati Pucang Kembar nampa nawala (surat mandhat) saka Susuhunan Sayidin Panatagama saka Mataram supaya mbrastha kraman (berandhal) ing Gunung Tidar. Pungkasane Adipati Pucang Kembar Citra Kusuma mrentahake putra mantune yaiku Raden Jono minangka bukti lelabuhane kanggo mbrastha kraman ing Gunung Tidar mau utawa minangka duta pamungkas. Mula sanajan abot sanggane awit kudu ninggalake sisihane, Raden Jono sida mangkat ngayahi jejibahan minangka Duta Pamungkas saka Panjenengane Susuhunan Sayidin Panatagama (Raja Mataram) menyang gunung Tidar lan uga minangka bukti lelabuhane marang maratuwa lan negara.
Krungu crita menawa Raden Jono diwenehi mandhat minangka Duta Pamungkas, Raden Jaka Puring percaya menawa Raden Jono mesti tumeka ing tiwas lumawan gerombolan kraman saka gunung Tidar, mula Raden Jaka Puring tumuju menyang Pucang Kembar kanggo nemoni lan ngrebut kanthi peksa Dewi Sulastri. Ana ing kahanan Dewi Sulastri dhewekan tanpa sisihane diruda paripeksa dening Raden Jaka Puring supaya nglanggati penjaluke Raden Jaka Puring supaya dadi bojone. Nanging minangka putri kang setya marang sisihane dewi Sulastri ora gelem ngladheni penjaluke Raden Jaka Puring, lan banjur digawa mlayu kanthi peksan metu saka keputren.
Sauntara kuwi Raden Jono tekan ing gunung tidar nalika tengah wengi lan nunggu jumedhule gerombolan kraman mau. Ora antara suwe gerombolan kraman kang ditunggu kuwi teka ana papan kono lan banjur nuwuhake paprangan antarane Raden Jono lumawan gerombolan kraman kang terkenal wengis lan sekti mandraguna kuwi. Ananging awit saka kasektene lan niat suci lelabuhane marang negara lan wong tuwane sarta pusaka piandel saka asile semedi Bungkul Kencana sidane Raden Jono bisa ngalahake gerombolan kraman lan merjaya pimpinane nganggo keris Bungkul Kencana. Sajrone kahanan keris tumama ana ing wetenge, pimpinan kraman mau nyebut-nyebut sedulure. “Aduh, Dhimas Jono ana ngendi sejatine kowe saiki, sawangen iki kangmasmu lagi sekarat lan adoh saka kadang sedulur”. Krungu pesambate kraman mau Raden Jono kaget lan banjur wangsulan. “Aduh Kakangmas Wiro Kusuma, paringana pangapura rayimu iki sing ora mangerteni menawa sing dakpateni kuwi Kakangmas Wira Kusuma”. Raden Jono ngrangkul Raden Wira Kusuma sing nandang sekarat banjur kekarone padha tetangisan sinambi padha nyuwun pangapura, sidane Raden Wira Kusuma mati ana ing pangkone Raden Jono. Banget sedhihe atine Raden Jono mikirake lelakon uripe kang kudu ngayahi jejibahan negara lan ninggalake sisihane kang banget ditresnani lan malah kanyatane kudu mateni kangmase, kadange pribadhi kang sasuwenene iki tansah digoleki ana ngendi dununge.
Raden Jono banjur mulih menyang Pucang Kembar nggawa kemenangan nanging uga kasedhihan awit kudu ngorbanake sedulure sing tansah ditresnani lan digoleki. Ananging awit saka lelabuhane marang maratuwa lan negara. Satekane ing Pucang Kembar atine judheg awit mangerteni menawa Dewi Sulastri wis digawa lunga dening Raden Jaka Puring. Sajrone kahanan kang kaya mangkana Raden Jono banjur ngumbara nggoleki dununge Dewi Sulastri, nganti tekan laladan pesisir/kisik sisih kidul. Sauntara kuwi playune Raden Jaka Puring nggawa Dewi Sulastri uga tekan pesisir/kisik sisih kidul. Sadawane dalan Raden Jaka Puring tansah mbujuki Dewi Sulastri supaya gelem ngladheni ananging awit saka tresnane marang Raden Jono tetep mbeguguk ora gelem, nganti Raden Jaka Puring kentekan kesabarane lan banjur dewi Sulastri ditaleni/kaiket ana ing sawijining wit pandhan. Prastawa iku bebarengan nalika Raden Jono teka ana papan kono, ananging sadurunge Raden Jono weruh lan sapatemon kalawan Dewi sulastri, dumadakan Raden Jaka Puring nyerang luwih dhisik sahingga dumadi paprangan utawa perang tandhing antara Raden Jono lumawan Raden Jaka Puring. Nalika kuwi Raden Jaka Puring kedhesek lan kalah banjur mlayu tumuju arah sisih lor. Raden Jono banjur nemoni Dewi Sulastri kang isih kaiket ana ing wit pandhan. Ana kededeyan kang gawe eram/ ajaib awit wit pandhan papan kanggo ngiket utawa naleni Dewi Sulastri banjur owah warnane dadi kuning. Sedhenge wit pandhan liyane isih tetep ajeg wernane ijo. Mula dening Raden Jono papan mau kanggo tetenger dijenengi Pandhan Kuning (sabanjure papan kono katelah Pesanggrahan Pandhan Kuning).
Ilustrasi Suasana Mistis di Pesanggrahan Pandan Kuning. Sumber : Internet. |
Prastawa pangeram-eram dumadi maneh nalika Raden Jono ngluwari iketane Dewi Sulastri, awit kekarone banjur ditemoni dening Nyai Rara Kidul lan widadari saka kayangan kang arane Dewi Nawang Wulan. Dening Nyai Rara Kidul Dewi Sulastri dikon supaya mulih menyang Pucang Kembar kanthi pengayoman saka Nyai Rara Kidul lan Dewi Nawang Wulan, dene Raden Jono dikon supaya ngoyak playune Raden Jaka Puring nanti tekan laladan sisih lor. Lakune Raden Jono ngoyak playune Raden Jaka Puring tumeka laladan sisih lor banjur mlebu sajrone alas ketel kang isine akeh wite gadhung kang akeh erine, minangka papan pandhelikane Raden Jaka Puring. Ana ing saben jangkahe Raden Jono tansah kesrimpet-srimpet wi gadhung, sahengga meh kabeh awake utawa pori-porine tumancep eri saka wit gadhung, sahengga andedekake getihe metu dleweran saka awake. Mula dening Raden Jono alas kang isine kebak wit gadhung iku diwenehi tenger Karanggadhung (sabanjure dadi desa Karanggadhung).
Playune Raden Jaka Puring terus mangalor, nanging Raden Jono banjur kelangan lacak, ora ngerti menyang ngendi arah kan dituju Raden Jaka Puring mau. Mula saka iku nalika jumangkah/mlaku ing saben jangkahe tansah mangu-mangu (ragu-ragu). Mula saka iku ing saben wiwit lumaku sajangkah banjur mandeg, mlaku maneh sajangkah lan kandeg maneh mangkana wola-wali sinambi menga-mengo arep terus mlaku mangalor apa mangidul apa mangulon apa mangetan. Anggone ndindakake mlaku banjur kandeg lan mlaku maneh mau ndadekake Raden Jono menehi tenger kanggo papan iku kanthi sebutan Manga Mangu kang tegese swasana ati kang lagi bingung tansah mangu-mangu (ragu-ragu). Suwe saya suwe desa papan kana katelah desa Munggu. Nanging pungkasane Raden Jono mutusake anggone ngoyak playune Raden Jaka Puring mau mangalor, sahingga pawongan loro mau ketemu maneh lan banjur nuwuhake perang tandhing kang rame banget. Wong loro mau padha-padha kuwate lan malah kalorone nduweni papan kanggo ngimpun kakuwatan utawa benteng pertahanan kang mengkone papan mau katelah Beteng lan Petanahan. Ing wektu saiki jeneng Petanahan iku isih lestari lan tilas panggonan Beteng mau uga disebut Beteng.
Kalorone terus bae nindakake perang tandhing sinambi oyak-oyakan sahingga ana ing sawijining panggonan wong loro mau banjur krasa kesel lan krasa ngelak banget, nalika arep ngombe banyu ana papan kana banyune ngganda banger utawa bacin kang disebabake saka wangke/raganing manungsa kang wus mati nanging ora dikubur, lan duwe daya kang gawe eram amarga bisa nguripake manungsa kang wus mati mau. Mula papan kana katelah Grumbul Banger Desa Padaurip kang mengkone disebut Desa Padhaurip. Anggone oyak-oyakan iku dibacutke maneh mangalor nganti tekan papan kang akeh wite jati lan kahanan para warga desa ing papan kana katon reja utawa mulya, sahingga papan kana mengkone katelah Desa Jatimulya.
Oyak-oyakan lan paprangan kalorone isih terus dumadi malah kepara saya adoh mangalor. Nuju sawijing dina paprangan mau tekan panggonan kang akeh wite gedhang, mula saka iku mengkone papan kana disebut Desa Karanggedhang. Saka Desa Karanggedhang wong loro mau mlayu tumuju mangulon nganti ngliwati kali, kang nalika iku akeh wong-wong kang lagi ngguyang ingon-ingone raja kaya sahingga papan kana disebut Guyangan. Pangoyake Raden Jono lan uga perang tandhing kalorone antara Raden Jono karo Raden Jaka Puring terus bae lumaku nganti ngancik papan ing sakulone kang awujud alas utawa grumbul kang arupa suket alang-alang kang amba bawera, mula papan kana banjur katelah Alang Alang Amba utawa Desa Alang Alang Amba.
Nalika pangoyake Raden Jono tumuju mangidul ing papan kana kalorone sajak krasa kesel lan lemes banget nanging kepeksa isih bisa slamet lan waras mula papan kana banjur diwenehi tenger Kuwarasan. Kalorone isih bae nganakake perang tandhing tumuju mangidul, nganti nesu-nesu dhewe utawa muring-muring dhewe, sinambi ngaso amarga saka kesele sawise nganakake perang tandhing kang ora ana pedhote mau, kanggo pangeling-eling Raden Jono banjur menehi tetenger papan kana kanthi sebutan Puring, papan kanggo ngaso mau mengkone dadi Pasar Puring. Sanajan kahanane Raden Jaka Puring wis banget kesele nanging isih meksa mlayu golek slamet ngoncati pangoyake Raden Jono tumuju mangidul nganti tekan kisik/pasisir segara kidul, nalika kuwi dalan kang diliwati arupa wedhi kang nalika diidak dening Raden Jaka Puring wedhi mau banjur gugur/longsor, saben jumangkah wedhi kang kancik mau mesti gugur mula papan kana mengkone disebut Wedhi Gugur utawa Pesanggrahan Wedhi Gugur.
Raden Jaka Puring terus bae mbudidaya ngoncati/mlayu saka pangoyake Raden Jono. Saiki kang dituju mangulon nganti tekan sawijining papan utawa panggonan kalorone ketemu maneh banjur campuh perang tandhing olah yuda rame maneh kaya biasane, ngetokake kasekten lan kasudibyane dhewe-dhewe. Nalika kuwi Raden Jaka Puring kelakon tiba sahingga tangan kang maune arep ditujokake menyang Raden Jono ndandak luput banjur ngenani watu atos/karang nganti bolong, sahingga papan kana mengkone katelah Karangbolong.
Nanging Raden Jaka Puring isih bisa mlayu maneh arah kang dituju yaiku mangalor nganti kentekan tenaga lan nalika mlayu ana ing sapinggiring kali dheweke kurang prayitna sahingga tiba kepleset banjur mlebu menyang sajroning kali. Kalodhangan kuwi digunakake Raden Jono kanggo mungkasi kridhane Raden Jaka Puring kanthi nyudukake pusaka Bungkul Kencono lan nancepake ana ing awake Raden Jaka Puring. Kadadeyan sabanjure gawe eram amarga Raden Jaka Puring banjur owah dadi Bajul Seta utawa Baya Putih lan ngetokake sumpah sepata marang Raden Jono yaiku dheweke wis nrima kalah wurung ora bisa kasembadan anggone arep ngepek bojo Dewi Sulastri lan nampa paukuman owah wujude dadi Baju Seta/Baya Putih nanging dheweke ngetokake sepata menawa saben keturunan Raden Jono kang manganggo klambi kang padha karo kang dienggo Dewi sulastri arep didadekake mangsa/dipangan dening baya putih. Klambi kang dikarepake yaiku mbayak ijo, jarit/tapih amba lurik, lan stagen/benting tritik. Awit saka kededayan kuwi banjur Raden Jono menehi tenger papan kana kanthi sebutan Buayan utawa kecamatan Buayan mengkone.
Sumber RPJMDes Desa Karanggadung.
Terjemahan oleh agustbedhe.
0 komentar:
Posting Komentar