Iklan Anda

Kamis, 14 Juli 2011

BABAD ARUNGBINANG pupuh 19 dumugi 20


PUPUH PANGKUR
(19)
1.    sukur bapa Nur mungalam, sira ingkang niyasaning reh jurit, manira srah ing sireku, lan bapa among sabda, bisuk-bisuk gelar apa ing karepmu, umatur ki nur mungalam, boten susah gelar gelir.
2.    kados wus ngurugi lawan, nunjang mawon mengsahe pothar pathir, sasat andhupaki timun, ngidek idek semongka, benjing enjing yudanagara kacakup, nunten sami lajeng ngetan, sukeng tyas pramoda kalih.
3.    ing dalu samya bujana, wadya bala nayub, gumyak maweri, nur mungalam dikir mulud, lan sagung muridira, Nur mungalam ambawa sru melung melung, trebang kinarya parikan, kuneng kang winarna malih.
4.    tumenggung yudanagara, sakancane jaksa kaliwon mantri, tanapi kyai pangulu, miwah Surawijaya, paguneman maslah iwuhing laku, yudanagara wuwusnya, lir parandayaning budi.
5.    wong prang wis karoban mengsah, kapalipis wadyane sampun miris, yen pinredi pesthi murud, keraman saya ngreda, satingkahe mongsa nemonana unggul, malah tumpes babar pisan, kepriye nggone nglakoni.
6.    ki pangulu nambung sabda, kadi pundi kraman kawon ajurit, sangking pretapan tas gurun, kabul pamudyanira, paitanya guna sekti wiring pupuh, kawimbuhan sugih wadya, tamtu jinajayeng jurit.
7.    inggih sakecaning lampah, jeng sampeyan nunten utusan malih, tur priksa kangjeng sinuwun, nuwun bantu ngayuda, inggih nadyan sampun amaringi bantu, mung satunggal rencang sapta, pan dereng pinanggih yekti.
8.    yen kelamon tyang keraman, saya ageng saya awrat sinanggi, dyan yudanagara muwus, priye kanca sedaya, ingsun jaluk pikir ira kang satuhu, apa becik atur priksa, ing nagara
kartawani.
9.    apa becik nekad aprang, nulya jaksa matur lah kados pundi, tyang nekad tan wande lampus, umur namung satunggal, yen wus mati sinten kang nglintoni umur, kembang sungsang den agancang, lumayu ngungseken urip.
10.  aluwung munjuk jeng Sunan, nyuwun bantu amesthi den paringi, wau priyayi sedarum, rempeg nuwun bantu prang, dyan tumenggung yudanagara anantun, dhumateng Surawijaya, lah sedherek kados pundi.
11.  punika priyayi konca, rembagipun nggih ngaturi upeksi, mring Nata anuwun bantu, sanak punapa rembag, yen tan rembag punapa sampeyan sanggup, mengsah kraman ewon tusan, suwawi sampeyan pikir.
12.  ngatase tyang mangun yuda, inggih yekti dede pendamel alit, kranten totohane umur, yen kasor pesthi pejah, tandya mesem Surawijaya umatur, yen menggah pamanggih kula, punika boten prayogi.
13.  upami matur jeng Sunan, nuwun bantu mongka wus den paringi, kula kang kinen ambantu, ing sarira sampeyan, kula dereng kelampah angaben sungut, upami nunten wangsula, sarta nuwun bantu malih.
14.  langkung nistha ing pocapan, ewadene denten lamon kula wus mati, lawan sarencang sedarum, punika inggih sumongga, kantenane benjing enjing kula magut, menawi pikantuk brekah, ing gusti jeng Sri Bupati.
15.  pinten awrating keraman, kadar tiyang arahan bongsa redi, adat getas manahipun, sanadyan pengagengnya, dumeh sangking mretapa banter anjungkung, saatas atasing wong tapa, atas panjenengan aji.
16.  sanes wijilan sesama, sesamaning jalma yen Narapati, ing rukyat pesthi lasipun, mila sakeh manungsa, klilan nuwun punapa sesedyanipun, nanging nuwun dados nata, punika tan den paringi.
17.  jalaran sampun pininta, ing Narendra wijining ulul amri, marma kang sidik ing kawruh, yen wundhi sabdeng raja, boten uwas anepaka gunung jugrug, nawua samudra asat, waler sangker brastha enir.
18.  parijal lan palintangan, kala mudheng penagah tali wangki, mahas sangar wus kawengku, ring sabda maha raja, lah punapa amengsah lan kraman takut, wewaha malih tikel pat, manah kula boten miris.
19.  yudanagara miyarsa, tri pandurat temah tan bisa angling, karuhuran sabdanipun, angraos kakilapan, wastu sidi Surwijaya kang kawruh, miwah priyayi sadaya, kenther kongkulan pangreti.
20.  myang sagunging wadya bala, miyarsaken wirayat kang sayekti, bener bener ring piyangkuh, mungguh suwiteng Nata, niscaya trang kadya Surawijyeku, mangkya tyasing wadya bala, tandya bangun alin alin.
21.  lir ginugah suraning prang, cipta datan ajrih miyating jalmi, dahat arda kudu kudu, among rurah keraman, gumyak medhar girang girang nggal umagut, sangking sru suksa mangrempak, ring ripu pepulih getih.
22.  tumenggung yudanagara, duk umiyat wadya tyasira pulih, sukeng driya kapiluyu, jrih ing mengsah suh sirna, wang wang mahya sureng laga sedya kiwul, miwah priyayi sadaya, talingan lir den kileni.
23.  angling dyan yudanagara, mitra Surawijaya benjing enjing, sampeyan dadya pengayun, sapratikeling ngaprang, kula miwah sawadya ing reh mung anut, ajeng unduring ngalaga, sampeyan kang mugareni.
24.  bentusna prawata waja, jegurena salebeting jaladri, kula susatya tumutur, ing sapangreh sampeyan, tandya Surawijaya nauri wuwus, Insya Allah benjing enjing, kula ingkang ngundha geni.
25.  wau sang Surawijaya,telikipun kang momor mungsuh prapti, tur priksa guneming mungsuh, sadinten benjing enjing, tyang keraman angantep pukulipun, sedyane binabar pisan, rampung prang sadinten benjing.
26.  para demang wadyanira, wus ubaya ing sapati saurip, tuwin pramoda dwinipun, angawaki ngayuda, saputusing ngayuda mangetan laju, bedhah nagri Kartasura, samargi ngirup irupi.
27.  kang dados pengajeng rembag, tiyang kalih satunggil asli pasir, Nur mungalam wastanipun, juga sing wawrat sekar, wasta among sabda boten kenging kantun, kados guru pasemonya, sabarang reh tinut dening.
28.  damar wulan menak koncar, krana malih paham ing ngiladuni, wau kang sami rinembug, criyosing jayabaya, ki seh bakir tatkalanipun katemu, semar togog wonten tidhar, kartining rat den etangi,
29.  wiyose ratu wisesa, sangking kilen pasemon tunjung putih, tan liya niscayeng wujud, rahaden dammr wulan, menak koncar tanah  jawi kang amengku, juluk sultan herucakra, prabu tusing Nabi wali.
30.  mila raden damar wulan, menak koncar goro tyas angugemi, lan sakeh patinggi dhusun, tuwin sadaya demang, estu ngandel sakalir wirayatipun, among sabda Nur mungalam, ing tembe pikantuk mukti.
31.  lan pikantuk kadrajatan, sangking dunya malah ngakherat ugi, tyang dhusun kadya jinantur, tandangipun prang ngrangsang, wang wang mesem Surawijaya duk ngrungu, yen mengkono tan piraha, wong wowor sambu pangerti.
32.  caritaning jayabaya, pan pasemon lah teka den gegeki, crita receh nora pecus, carocoh cacah cucuh, mongsa pan dak yen kaidak banjur murud, kena wawalesing murtad, agawe wutahing getih.
33.  ing dalu tan winursita, prapta enjing baskara meh umijil, neng agraning wukir mungup, surat kenyar sumunar, mah hya sangking ancala ambyur sumawur, amadhangi pramudita, lir mangsung yatna kang apti.
34.  ngadoni asmareng laga, wadya bala mawijah wus angrakit, kartala sajuru juru, atap tata pepanthan, busaneng prang bandera tuwin lalayu, kendhang gong beri samekta, para priyayi rumanti.
35.  tumenggung yudanagara, kudanira dhawuk tutul geng inggil, songsong seret panthang pingul, kaliwon mantri jaksa myang pangulu, sangga numpak kudanipun, sinongsongan amberanang, dinulu kamantyan asri.
36.  gumredeg wadya banyumas, busana bragadya banarja sari, Surawijaya pangayun, lan pajuritnya sapta, kuda kresna pun gunem kang mathi suwung, saprajurit munggeng kuda, tumbak gagamaning jurit.
37.  kang siji ngampil sanjata, nraca bala neng wuri datan tebih, winarna mungsuh ing buntu, wus budhal lir samudra, para demang bang kilen mongka pengayun, sikep sanjata myang tumbak, ngangah angah ambeg wani.
38.  titindhih ki nur munglam, among sabda maca donga drewili, dyan damar wulan neng pungkur, lan ari menak koncar, ginarebeg wong keparak agul agul, manggala dwi munggeng kuda, kalih sinongsongan putih.
39.  busaneng bala markata, bra ngrebabak yayah wukir kabesmi, daludak myang umbul umbul, katub maruta kadya, sarpa lodra rumambat ing wreksa agung, kumelab kelab kelab, mangsung kekes kang ningali.
40.  kocapa Surawijaya, ngungak mungsuh kethap kethap kaeksi, ngabani prajuritipun,
       kuthowinangun sapta, sareng denya nyamethi turangganipun, nander anglarag mring
       mengsah, ingedrel datan ngunduri.
 
PUPUH DURMA
(20)
1.     yel uyelan pangarsa tinujang mengsah, Surawijaya ngungkih, lan sapta rowangnya, neseg ngruket angidak, gacas gacos anumbaki, keh kasulayah, kraman kathah ngemasi.
2.     wong ing kuthowinangun wasis ing kuda, giwar nubruk ngakahi, senjata kaplakah, atarung tumbak pedhang, ngiwud denya mamateni, wadya keraman, kagum kaamuk ngarsi.
3.    kadya singa lodra sedenge mamangsa, tan kena den walesi, tambuh mungsuh rowang, keh mati padha rowang, wong kraman bingung katitih, Surawijaya, wuru nengah mawredhi.
4.     ting gulethak bangke kraman dasan tusan, geger kraman ing wuri, dyan yudanagara, wruh yen Surawijaya, sarowange kuwel jurit, gugup angatag, wadya kinen nulungi.
5.     eram mulat tumenggung yudnagara, Surawijaya dening, wantere wuru neng baya, wadya tumenggung aglis, ngrok pareng mengsah, kukuk anrang numbaki.
6.    caruk liwung tumenggung nindhihi yuda, lan sagung pra priyayi, Surawijaya gya, sawadya mundur wuntat, ngaso sayah dangu jurit, wong tumenggungan, ingkang gumantya ngarsi.
7.     ri wusnya so Surawijaya sawadya, ngaler nuntun ranggi, anurut uwangan, menggok ngilen seksana, numpak kuda agnya methi, nglambung pamuknya, kamuk prajurit wukir.
8.     kuthetheran pinukul kinawet ing prang, kathah kanin myang mati, mundur wong ing ngarga, pajurit kang ngarahan, para demang mangsah sami, anglandhak tumbak, rame malih kang jurit.
9.     demang lamban kedhung jurong banjaranyar, suksa suksa mapulih, pun rana prawira, prajurit desa kutho, rinebut tiga ngajurit, tandhang tan kewran, ing prang rinebut katring.
10.  demang lamban tinumbak dhadhanya bencah, gumuling gya ngemasi, demang kedhung jurong, numbak tinangkis kontal, winales gulune iring, gulethak pejah, demang banjaran pulih.
11.  yuda anumbak dininginan lambungira, kapisan wus mati, kang wuri wong rempak, nulya Surawijaya, binedhil kathah kang keni, singa kang mara, mara sinipat bedhil.
12.  tan ngluputi sanjata naraca bala, swara pating barekik, wor pangrik turongga, panjerit wadya kabranan, kropyaking pedhang tarung kris, glothaking watang, langkung ramening jurit.
13.   Nur mungalam mangsah ngagar agar pedhang, nulya den cungi bedhil, mring Surawijaya, giwar Nur mungalam, murud jrih ngarep keh mati, aselusupan, lumayu ngungsi urip.
14.  mring barise damar wulan menak koncar, wau prajurit wukir, ngidul ngilen bayak, mundur leres tarungnya, Surawijaya angungkih, sarowangira, tansah denya bedhili.
15.   wau raden damar wulan menak koncar, krodha yayah sinipi, kabereg wadyanya, nulya kalih umangsah, amangku keparak neki, wong arga surak, karengeng widik widik.
16.   pareng  lamon wadya tumenggungan surak, gumrah mawanti wanti, mungsuh miwah rowang, sami sura nirbaya, anjambak ngukel angeris, ngrok liru papan, tan ana ngrasa ajrih.
17.   ya ta  raden damar wulan menak koncr, kapethuik ing ngajurit, lan yudanagara, prang balangan sanjata, yudanagara kinalih, semu kokalan, kinakahan katitih.
18.   giris giwar tumenggung yudanagara, sawadyanira ngisis, kraman asru surak, gumuntur agenturan, sineseg binereg wani, yudanagara, payah repot kalindhih.
19.   nulya Surawijaya anrang tulung prang, pagut lan manggala dwi, raden damar wulan, lan raden menak koncar, wadyane keparak ngungkih, wus katadhahan, dening pitu prajurit.
20.   prange nglojok Surawijaya angikal, bedhil ruhur turanggi, prajurit karaman, mangsah mangsah kacurnan, sinipatan dening bedhil, naraca bala, tuhu lamon linuwih.
21.   krura muntab miyat raden damar wulan, sakaliyan kang rayi, miyak wong keparak, nisih ngering anganan, damar wulan sru denya ngling, lah sira sapa, ngrojok prang kaduk wani.
22.   anauri iki ran Surawijaya, prajurit kartawani, dutaning Narendra, kang saguh nyirnakena, kraman kang peksa gumangkit, lah sira sapa, ngakuwa mumpung urip.
23.   gora sabda iya ingsun damar wulan, menak koncar yaiki, sira lumayuwa, mangsa wurunga sirna, menawa ratumu tandhing, kalawan ing wang, padha lengkaning bumi.
24.   sru manabda dubilah ora kejamak, ngaku lengkaning bumi, mongsa sun wediya, mungsuh kang kaya sira, karaman madayeng aji, dosaning jagat, pantes yen jinajuwing.
25.   rengu ing tyas sira raden damar wulan, tandya nyipat bedhil, kuda kang ingarah, pun gunem katerajang, dhadha bau keneng mimis, tebleg kewala, giwar nander kepati.
26.   dupi kendel penandere wangsul sigra, menak koncar ambedhil, pepathak turangga, pun gunem datan pasah, cungkelak nander tan tebih, mung saonjotan, kendel gya wangsul malih.
27.   sarya ngikal bedhilipun balimbingan, Surawijaya angling, eh babo wong arga, mah hyaken kabudayan, sun wales dingati ati, Surawijaya, nulya anyipat bedhil.
28.   wus pinesat jumebret naraca bala, payung damar sasi, miwah payungira, rahaden menak koncar, sinuwek suwek ing mimis, ajur tan kalap, Nur mungalam udani.
29.   langkung miris sigra angithar lumajar, among sabda ningali, nututi lumajar, kalih tan tulih wuntat, damar wulan arda runtik, ajur payungnya, lodra ngerong ing galih.
30.   mangsah suksa manigas jangganing mengsah, narik pedhang kumitir, raden damar wulan, pinethuk ing sanjata, naraca bala pelor dwi,  dyan damar wulan, menak koncar ngeneni.
31.   jajanira kapagut pelor wisesa, kalih sareng babarji, murciteng bantal, kunarpa gilang gilang, keparak sedya pupulih, prajurit kutho, winangun anadhahi.
32.   gumrah baris karaman wruh gustinira, sirna madyaning jurit, gumulung pulih prang, ambeg sa asa asa, gya Surawijaya ngeksi, ngraos kokalan, lan niyat angyekteni.
33.   sagahipun kombang ali ali wipra, nguni sampun prejanji, tumurun seksana, sing kuda nyandhak tumbak, tinanem pratistheng siti, Surawijaya, matak puja papetik.
34.   tan antara swara bremara prakatha, jleg kombang ali ali, ngalingi sang Sura, wijaya wus siluman, mangkya kumbang ali ali, mancala warna, wre seta geng ngajrihi.
35.   aneracag ngadeg neng pucuking tumbak, mekar mere ngebaki, ing samadya bala, krura siyung kumilat, netra wagyat balerengi, agebyar gebyar, kekirig mondar mandir.
36.   greng gurnita swara ketug pra kampit, gumludhug widik widik, geger apuyengan, keraman ting tarunjang, kadya gabah den interi, gaman binuwang, tambuh tambuh ing budi.
37.   penyanane Surawijaya mancala, warna wenara putih, yun anglebur mengsah, geter-geter ruhara, kang miyat gumeter miris, suwung garowoh niba niba ing siti.
38.   tangi ndheku lan njrit tobat nembah nembah, weneh lumayu gendring, larut sapayudan, kumbang ali ali sira, mudhun mring mitra mit mulih, Surawijaya, sampun katingal malih.
39.   dyan tumenggung yudanagara gung eram, dheleg dheleg kepati, priyayi sadaya, sagung wong tumenggungan, sewu tan nyana ing galih, ana manungsa, gunane angluwihi.
40.   yen ing jaman semangke mongsa anaa, kabudayan kadyeki, manungsa tan kena, yen ta kinira kira, ringkes rowang ing ngajurit, sangking prabawa, nugrahaning ywang widi.
41.   lalu ajrih tumenggung yudanagara, jroning wardaya ering, suka mungsuh sirna, dyan yudanagara enggal, lumaksa arsa manggihi, Surawijaya, sawadya bala ngiring.
42.   samya linggih neng ngandhap wreksa goraya, kusung kusung duk prapti, dyan tumenggung yuda, nagara medhar sabda, langkung geng panuwun mami, kapiutangan, kula ing lahir batin.
43.   sebat besan tumenggung yudanagara, dhuh besan lir angimpi, yekti tan anduga, leres Sri Naranata, nuduh pakarya ngajurit, sampun wuninga, kanuragan kang gaib.
44.   datan dora Narendra soca bathara, pamriksane ing dasih, nistura kawawas, wuwus wah hyeng wusana, ing sanalika kalingling, lang langaning tyas, kang pasthi miyatani.
45.   dyan tumenggung yudanagara angagnya, dhumateng nindya mantri, kinen mamariksa, wadya karaman ingkang, teluk wau kyana patih, sampun anacah, astha tus kawandesi.
46.   jejer demang myang parabot desa desa, sadaya teluk sami, gya pinontho pontho, pinundhut prasetyanya, rin sampun sarira aring, tumenggung yuda, nagara wecana ris.
47.   gih suwawi ki besan tumunten budhal, dhateng sidayu malih, amangayu bagya, Surawijaya lingnya, kula dhumerek sakapti, budhal seksana, kebut sagunging baris.
48.  langkung asri dinulu busaneng bala, belabar lir jaladri, ngalebi banarja, mariyem lan predungga, kang kabrandhal wangsul malih, binekta budhal, priyagung nglaras galih.

0 komentar:

Posting Komentar

Sedang Membaca

free counters

Iklan Anda