Iklan Anda

Jumat, 15 Juli 2011

BABAD ARUNGBINANG pupuh 17 dumugi 18


PUPUH SINOM
(17)
1.    kuneng malih ginupita, Surawijaya kang mulih, praptanira desa kutho, atur pawarteng sudarmi, lan kadang mitra sami, yen ing ngenjing mangkatipun, sowan ing Kartasura, kang winartan sanggya kingkin, nging pinupus papesthen tan kena siwah.

2.    ing dalu tan winursita, ing semangke sampun enjing, dandan Surawijayenggal, umangkat sangking wismeki, wisata anetepi, ing prejanji gandhek catur, prapta dhusun ungaran, mantri sawega lumaris, budhe budhal dhateng nagri Kartasura.

3.    palastha sawega nulya, umangkat mantri duta ji, Surawijaya ken numpak, kuda tundhan geng prayogi, datan kawar neng margi, ing Kertasura prapteng suk, sowan mring Kapatihan, tundhuk lan raden dipati, katur solah dinuta purwa wusana.

4.    nujwa meh sareng praptanya, caraka sing tirta rukmi, tumenggung yudanagara, nenggih ngaturi upeksi, tiwas kasoran jurit, binedhah keraman ripu, awasta damar wulan, menak koncar kang satunggil, sami kadang tiyang asal amretapa.

5.    di dalem yudanagara, kengser sing wisma ngoncati, barisan sidayu tanah, keraman kathah nglangkungi, nuwun bebantu jurit, dyan dipati wusnya putus, patih banyumas turnya, gya dandan raden dipati, arsa malebeng pura sowan jeng Narendra.

6.    ngirid pepatih banyumas, miwah mantri kang tinundang, angrenggep Surawijaya, kinen dherek wus lumaris, prapta jro pura nuli, dyan dipati canthel atur, wus katur gya ngandikan, sowan ngabyantara aji, mangarcana dipati nata kusuma.

7.    pukulun munjuk wuninga, wonten duta ingkang dipati, di dalem yudanagara, samangke kasoran jurit, wonten kraman kalih, sami kadang wastanipun, kang sepuh damar wulan, menak koncar kng taruni, asli sangking mretapa bedhah banyumas.

8.    digdaya sureng ngalaga, linulut sakehing jalmi, pun yudanagara koncat, ing rema genipun baris, nuwun bebantu jurit, sampuning mangkaten ulun, angunjuki wuninga, mantri kang kinen nimbali, inggih Surawijaya winangun desa.

9.    ugi sapunika prapta, pun Surawijaya kerid, tan mawi benoronjonan, jalaran tan wani budi, malah tundhok pribadi, ing utusan dalem Prabu, ngandika lon Sang Nata, kaya paran paman patih, ingsun anut marang pikir pekenira.

10.   anembah raden dipatya, bilih pareng lan karsa ji, amurih cancut pakarya, sampun gegidhuh ing galih, pun Surawijayeki, kang damel pratingah rusuh, punika ing ngabena, lan keraman tirta rukmi, yen tan sagah tumunten lajeng tinuwak.

11.   lamon sagah ungguling prang, den apunten dosa neki, pinareng karsa jeng Sunan, ing ngature dyan dipati, ngandika Sri Bupati, paman aturmu sun turut, lah mara timbalana, sun arsa weruh wardeki, ya si Surawijaya kang gora godha.

12.   angrayudi pajeg tanah, agawe tingkah durniti, raden dipati utusan, Surwijaya wus kerid, manembah konjem siti, Surawijaya abukuh, wang wang Nata ngandika, Surawijaya pa yekti, sira aneng desa gawe gora godha.

13.   angrayudi pajeg tanah, madayeng karaton mami, surawijaya manembah, dhuh gusti saestu inggih, sangking sru kirang bukti, ulun melorot kelangkung, judeg buntu ing ngakal, miyat ngajeng wuri sepi, mila nekad nenuwun paduka Nata.

14.   sangking pengraos patik bra, boten wonten kang kuwawi, manambak ing kamlaratan, paring tedha jalma ngelih, namung paduka inggih, tinawula datan purun, angusadani raga, mawijahken manah kingkin, mila purun pun patik nuwun mameksa.

15.   sarta enget tan patik bra, sadangu ulun dumadi, umancik nginggil pratala, sepisan dereng udani, ing jeng paduka gusti, kumedah kedah ing kayun, ing tyas suksa wuninga, Narendra ulun kang yekti, bilih boten wonten margi ing ngandikan.

16.   ngatos pejah mongsa priksa, ing sampeyan dalem gusti, semangke sampuh kalampah, cipta patik bra kang pesthi, wonten ngabyantara ji, pejah gesang ngulun konjuk, boten sumelang ing tyas, pejah ngarsaning Nrepati, yekti sahid sasat pejah ngarseng sukma.

17.   leres lepat kauningan, wisuda tan mandheg nulih, mesem kang jeng Sri Narendra, lir sinapon kanang runtik, eh Surawijayeki, teka bener saaturmu, iku ujar sanyata, trusing ngilmu rasa jati, wong tan weruh mring ratu tan wruh ywang suksma.

18.   penganggepe semar semar, pangretine mung anempil, yen uwis wuh ratunira, sasat dhenger mring ywang sidi, tan kena diapusi, iku ngibarating ngilmu, sira ingsun apura, luputira ingkang nguwis, marga rusuhira mung niyat utama.

19.   pan ora rusuh culika, ywang suksma wus ngudaneni, saobah usik manusa, paman nata kusumeki, ora kena dinugi, karkating jalma tumuwuh, nugraha kang murcita, ring umat sawiji wiji, lurah elok tan kena cinakra bawa.

20.   purwa becik dadi ala, kang ala temahan becik, pan iku pratingkah samar, dyan patih munjuk wot sari, leres sabda Nrepati, lan sebating dalil terus, Allah boten mistara, dhumateng lairing jalmi, aming ati kewala kang tiningalan.

21.   rusul mangreh kalairan, ywang sukma mangreh ing batin, gumujeng Sri Nata, sukaning galih umijil, receh pan dika ji, acarya imbalan wuwus, lan raden adipatya, miwah Surawijayeki, nora manter manter mahambek iswara.

22.   usik tyas Surawijaya, bener ujaring sastra di, Narindra watake tiga, watak denawa sawiji, watak pandhita ping dwi, watak rare kaping telu, yen lagya ambeg denawa, nora kena den sayuti, lodra ngerik midasa ambuwang pangkat.

23.   yen lagi ambeg pandhita, alus pasaja wirati, apura palamar teka, nora nacad nora serik, kretawara mrih sidi, lamon ambeg rare thukul, mung karsa gugujengan, bebanyolan imbal deling, mangke Surawijaya wimbuh prastawa.

24.   sang nata malih ngandika, Surawijaya sireki, kabeh sawicaranira, tan adoh amirib mirib, apa ta sira uwis, puruita rasa ngilmu, niskara ta ketara, solah muni lan pangliring, yen misiha wajar mongsa mengkonowa.

25.   konjem pratala manembah, Surawijaya turnya aris, ulun ajrih munjuk dora, ila ila kang pinanggih, inggih sampun rumiyin, puruita ukur ukur, santri gundhul gundhala, gumandhul gondheli kendhil, inggih sangking kulina akendurenan.

26.   sangsaya gumujeng suka, jeng Sinuhun amiyarsi, miwah raden adipatya, gumujeng neng byantara ji, ngandika Sri Bupati, lah iya sapa gurumu, umatur mangarcama, tiyang dhusun Bojong Sari, ki mukhamad yusuf gusti ingkang nama.

27.   kalih nami ki jaiman, dhusun Selang santri meri, Sang Nata angling sukur uga, sira wis puruita ngelmi, patitis ing pakarti, santosa pengangkuh kukuh, gurunira niscaya, dudu santri uthi uthi, wus ketara waskitho ing bangsa rasa.

28.   eh paman Nata Kusuma, si Surawijaya, yen ana harjaning lampah, kena piniyareng nagri, piye sawang ireki, dyan Nata Kusuma matur, wonda guwaya tumrap, inggih saestu tan tebih, pethekipun jangkep datan kekirangan.

29.   kang sampun limrah sujalma, lamon pinter tentu jerih, yen kendel tyasipun wuta, pun Surawijaya inggih, pethekipun mepeki, kendel pinter dhasaripun, patih Nata kusuma, panduk pirasat wus bangkit, lamon metrek sujalma nora salaya.

30.   arum ngandika Sang Nata, sira sun jajal ing kardi, amunguh lawan keraman, ing Banyumas kang ngebroki, kraman ro kakang ngadhi, damar wulan ingkang sepuh, kang nganom menak koncar, karone prawira sekti, ajalaran tas luwar sangking mretapa.

31.   yudanagara kasoran, neng roma nggone abaris, lamon sira nyaguhana, sun bantokake ngajurit, nanging sun tan gawani, prajurit marang sireku, among wong desa kutho, sun paringken mongka kanthi, sakarepmu anggawa ingsun nyengaja.

32.   manembah Surawijaya, pukulun sandika gusti, ngandika lah iya Sura, wijaya pangestu mami, sirnakna kraman kalih, ing tembe yen sira unggul, akeh ganjaraning wang, lah tumuli paman patih, pasrahena maring si yudanagara.

33.   kongkonan amantri juga, maring tanah roma ngirid, masrahaken Surawijaya, ya bebantuning sun jurit, yudanagara nuli, baliya mring prajanipun, nyirnakna wong keraman, nanging mantri lamon uwis, masrahaken bantu enggal abaliya.

34.   aja banjur mring banyumas, patih sandika wot sari, nembah lengser sing byantara, Surawijaya lumiring, mijil sangking jro puri, kepatihan sampun rawuh, wonten duta Narendra, amatedhani pisan, lawan arta dhumateng Surawijaya.

35.   dipati Nata Kusuma, nimbali manti sawiji, kinen sudhiyaa pisan, badhe dinuta masisir, mangke ingkang piniji, angebehi wirantanu, sowan sampun puranti tinuding, paparentah dipati Natakusuma.

36.   adhi dhawuh ing Narendra, sira ing ngutus masisir, angirid Surawijaya, bantune jeng Sri Bupati, mring banyumas semangkin, anjog ing bumi sidayu, bareng patih banyumas, Surawijaya tinunding, ambantuwa karyane yudanagara.

37.   anglunas wong keraman, eh wirantanu ngebehi, Surawijaya ampirna, mring Kuthowinangun dingin, pan kalilan amilih, prajurit kuthowinangun, kang kena ing ngeduwa, aprang lan keraman kalih, gya ngabehi wirantanu tur sandika.

38.   yen uwis sira masrahena, sireku enggala bali, aja banjur mring banyumas, wirantanu matur inggih, amit budhal sira glis, lan patih banyumas wau, tiga Surawijaya, prajurit Banyumas ngiring, lalancaran ing marga datan winarna.

39.   prapta ing winangun kutho, arereb mung kalih latri, Surawijaya wawarta, dhumateng ing yayah umi, myang kadang mitra sami, wonging kutho samya kumpul, lumiring sabaya pati, sukalena nglampahi ayahan Nata.

40.   ananging Surawijaya, tan arsa benta keh jalmi, amung pipitu kewala, kang uwis pinitayeng kardi, suraprawira tuwin, ranaprawira dwinipun, tiga mangunprawira, wongsaprawira lan malih, gih pun astraprawira jayaprawira.

41.   saptanya trunaprawira, wau kang badhe kinanthi, pitung ing salaminira, wus ginadhuhan turanggi, sarta busana uwis, sinami tiyang pipitu, jalak ngure udhengnya, rasukan sangkelat wilis, rangkepe sedaya akotang jingga.

42.   sabuk wungu plisir renda, bebed bathik tambal sami, kathok panji panji rekta, sangklangane dhuwung kalih, anganggar pedhang siji, topine jengger sedarum, parunggu tumbakira, landheyan sadhepa aming, panjangipun sanggya wreksa nagapuspa.

43.   tandangira srigak srigak, pantese dhokoh ngajurit, wau sang Surawijaya, ngurmati duta Nrepati, lan patih tirta rukmi, myang sawadya balanipun, neng winangun drawina, eram patih tirta rukmi, myat pambekanira sang Surawijaya.

44.   sarta miyat rowangira, pitu kang arsa kinanhti, beneh pesikon wong desa, angungkuli wong negari, tapsilanya patitis, pasemon wanter tur tangguh, sawusira samekta, sangking kutho budhal injing, ting prengangah lir agni katub maruta.

45.   nenggih pun suraprawira, tan mbekta tumbak sumarmi, angampil naracabala, ageme lulurah neki, sabekakas rukmi, tinata denya lumaku, patih Banyumas ngarsa, saprajurit tirta rukmi, ing wurine mantri caraka Narendra.

46.   parepat ing wuri ngampyag, Surawijaya nambungi, dumunung wuri pribadya, saprajurit sapta ngiring, kuneng kang kari wuri, sanggya wong kuthowinangun, geng ngalit anom tuwa, angucap rowang sami, ika wis ketutugan niyat ing tyas.

47.   sang kenthol Surawijaya, nglakoni ayahan aji, ngagnya prang mungsuh keraman, pesthine bungah kepati, jer senenge ajurit, nuli tinuduh ing ratu, saya gedhe tyasira, de Honggayuda kiyai, gung mumuji minta Harjaning atmaja.

48.   winursita kang lumaksa, tanah sidayu wus prapti, rahaden tumenggung yuda, nagara nuju siniwi, ring wadya bala sami, ngarsa arsa kang tinuduh, tur uningeng Narendra, anuwun bantu ngajurit, tan antara kyana patih praptanira.

49.   lajeng tumameng byantara, sareng lan mantri duta ji, katiga Surawijaya, ri sampune tata linggih, mantri caraka angling, lampah manira kautus, jeng Sinuwun maringna, bantu mring sampeyan mangkin, wijil desa ran Surawijaya.

50.   rencange prajurit sapta, mangke timbalan Nrepati, wau pun Surawijaya, nunten adunen ajurit, lawan keraman kalih, jeng Sinuwun dhawuhipun, nuli enggal sampeyan, wangsula mring tirta rukmi, dyan tumenggung yudanagara sandika.

51.   wang wang angling nila krama, mring duta kang tigas ngeksi, sampeyan sami raharja, inggih manohaken sami, mangsuli gih kapundhi, pamudya raden tumenggung, ginanjar karaharjan, lan inggih kula atitip, saha pasrah alang ngujuring sarira.

52.   dyan tumenggung malih tanya, sampeyan pyantun punapi, nauri Surawijaya, kula pan sanes priyayi, lan tan gadhah lilinggih, jejer tiyang lindhung winangun, dyan tumenggung miyarsa, kamantyan mangkel jro galih, ngunandika lah ta iki basakena.

53.   apa wis tan ana jalma, negara ing kertawani, maringi bantu ngayuda, lindhung desa tanpa linggih, rowange pitung glintir, mungsuh kraman ewu ewu, banget temen jeng Sunan, sasat mateni wak mami, mantri duta enjing wangsul Kartasura.

54.   rahaden tumenggung yuda, nagara nglalu jro galih angraosi yen sinengkala, ingkang jeng Sri Narapati, baya ngong manggih sisip, tandya lon denira muwus, sanak Surawijaya, kados pundi reh puniki, tyang keraman kelangkung ing kathah ira.

55.   sarta menggalane dibya, wadya kula ming sakedhik, kawan atus malih kirang, kejawi priyayi nenggih, atine  sampun tipis, sasat karubuhan gunung, tangeh purun caruka, saweg wruh mawon malencing, kula rasa tan pitedah magut ing prang.

56.   umatur Surawijaya, nandyan kaurugan wukir, kantenanipun ing benjang, yen sampun tempuh ngajurit, awrat entheng ketawis, lamon awrat inggih mundur, yen entheng gih tinunjang, ywa tilar dugi prayogi, ming geda majeng tata mundur tata.

57.   sumongga tumunten bidhal, dyan tumenggung anuruti, patih kinen undhang wadya, wus samekta buhdal aglis, sabusananing jurit, rumanti sajuru juru, imbuh wadya banyumas, kathah ingkang nusul sami, lampahira tinata sapontha pontha.

58.   pinetang wadya turangga, astha tus dharat winilis, sangatus pitung dasa, wadya jro lan jaga nenggih, mantep gunggung prajurit, lan para priyayinipun, sewu sapta tus sarta, sapta dasa cacah neki, ambelabar wadya bala tumenggungan.

59.   mangilen ngebeki margi, kuciwa tyase wus gempal, ringas semuning lumaris, kadya tan tanggon jurit, ujar sampun mambu liyu, dyan tumenggung banyumas, samarga manggung priatin, kuneng kocap baris mungsuh kang pangarsa.

60.   neng sumpyuh denira pacak, dene manggala kang kalih, damarwulan menak koncar sawadya dumunung nagri, Banyumas mangun mukti, nenggih barise pengayun, aneng sumpyuh kumerab, samekta gegaman jurit, para demang desa tuwin pagunungan.

61.   kang pinacak baris ngarsa, dhedheg samadyaning margi, gendho jublig wong ngarahan, gegamane bendho budhing, berang kenthes lan badring, tan kena jalma lumaku, jalu etri rinampas, wong ing sumpyuh bubar tingtrim, baris gendho jublig karem saseretan.

62.   marga geng penuh atembak, kathah solahing sujalmi, weneh ana memainan, gimer kecek kertu tuwin, ngaben sawung kemiri, giyak giyak surak umyang, saweneh jejanggrungan, obong obongan angibing, ingkang lagi nyanyeret jegang angreyab.

63.   weneh turon ngathang ngathang, nyeret merem merem pitik, tan ana winalang driya, demange pra sami linggih, nyanyamik medang kopi, sambi obrol ting gadebrul, wau ta baris ingkang, pangarsa wetan lumaris, prapteng sumpyuh lajeng angedrel sunapan.

64.   gumrudug sru bata rebah, pangedrele wanti wanti, geger pangarsa keraman, puyengan pating pandelik, gegaman tan tinulih, sandhangan tinilar kantun, jago tasih tarungan, dhuwite toh ting busasik, dilah sret tan sirep kontal dlupak petcah.

65.   para demang ting pundirangan, sar saran lumayu gendring, ana wong tuwa satunggal, kyai udasara nami, kuru dhasare mengi, ageng tadhahira candu, ing sawengi sadina, rega tlung puluh wang enting, lagi nyeret merem merem ngathang ngathang.

66.   ngreyab liliyangan bantal, tununjang tunjang keh jalmi, gya lumayu cengap cengap, napase rusuh meh pamit, ebole mintlip mintlip, sabeton nggone menthungul, krep ndheprok mangap mangap, tangan kiwa metel silit, andheridhit nyebut sarya nguman uman.

67.   untung wadya tumenggungan, akathah bandhanganeki, arta tanapi sandhangan, pedhang dhuwung tumbak bedhil, panganan jeprah kari, sinampe sambi lumaku, amangan kacemilan, wong banyumas suka ngenting, winursita wau kang aneng banyumas.

68.   manggala prang damar wulan, lan menak koncar taruni, kang tansah mangun astama, eca
       tyas sira kakalih, lagya ngecaken dasih, sinengaja karepipun, niskara datan kirang,
       pramoda kalih wirati, neng banyumas wisuda aming asmara.
PUPUH ASMARADANA
(18)
1.    dangu denira nglungguhi, tumenggungan ing banyumas, lan kadang myang sawadyane, wismaning priyayi wrata, ginanti ing ngenggonan, kepatihan kang dumunung, nenggih raden menak koncar.

2.    dene kang sepuh nglungguhi, dalem ageng tumenggungan, wismane priyayi kabeh, tan ana kang kaliwatan, sampun pinatah patah, jalma desa gunung gunung, kang ketara samya seba.

3.    anggawa saka puranti, gegaman rumojonging prang, sangsaya kathah balane, atembak somahab, yayah samudra bena, anggep ing wong ajrih lulut, cipta sumeweng iswara.

4.    binatang tan wurung dadi, pakarya prang madeg raja, manggala kalih kinaot, trah kusuma rembes kali, dhasar gentur mertapa, kawang wang listya wiranung, subadya sedheng taruna.

5.    prameng kirtya agal alit, sidik terus trang ing sabda, dahuruning reh mageng doh, wus sangkaya madeg Nata, marta lus anirmala, kaonang surayeng pupuh, pracihna bedhah nagara.

6.    tan rekasa traping jurit, ampuh wanter wireng laga, marma gumulung wadyane, tan ana sumelang driya, sanggya mangebang ngebang, ing benjing pamukulipun, bedhah nagri kartasura.

7.    mangkana manggala kalih, andina mong suka suka, ngunggar unggar tyas wadyane, tuwin ajar mangun aprang, turangga miwah dharat, aprang bedhil aprang lawung, caruk kris sesiring pedhang.

8.    lan kathah wadya pinilih, jinunjung lalinggihira, binobat lan kadirane, anaran ngabehi rongga, pratiwa pan delegan, jaksa kaliwon panewu, myang pangkat nayaka waktra.

9.    busanane adi adi, turangga wus sinawega, tan kuciwa niskarane, wonten pituwasa juga, asal sing wawrat sekar, rikala neng wismanipun, dadya pengungseng jalma.

10.   kinanthi sinungan nami, ki ngebehi among sabda, apan dadi sosorane, nenggih kyai Nur mungalam, sami wong ahli donga, lan ahli kitab tasawup, myang pangawruh jayabaya.

11.   kyai nur mungalam uwis, muride kathah atusan, kendel ginangsing cariyos, manggala kalih sineba, munggeng ing purwa sana, busana maneka luhung, sang kaya kembang udaya.

12.   nayaka tumameng ngarsi, Nur mungalam among sabda, kang nora tebih adhepe, wadya kuswa neng bacira, gumlar ambyur belabar, tarseling sajuru juru, Sri tinon sangking mandrawa.

13.   manggala dwi lenggah munggwing, bangku geng kang binusanan, sang kaya kalih esthane, menawa sang kamajaya, lawan sang hyang ngasmara, wimba wenes wingit semu, nugraha mangun subrongta.

14.   rinengga kawaca dani, besuse mung sawetara, tuhu mimbuhira rase, ngandika dyan damar wulan, eh bapa Nur mungalam, samengko manira dulu, wadyaning sun luwih kathah.

15.   pasikone becik becik, neracak ambek prawira, ki Nurmunglam ature, angger inggih estu kathah, sangking sabda paduka, tiyang dhusun gunung gunung, kang wanci nedheng turuna.

16.   miwah kang prakosa julig, boten mawiti nimbalan, medal susetyane wewe, sumuksa sowan paduka, rumojong pendamel prang, rena ing tyas lebur luluh, mungging byanttara paduka.

17.   kawistara rebat ngarsi, ajrih kantun ing pakarya, mila enggal kathah tinon, sowan sabusana ing prang, turangga miwah dharat, dedamel sanjata lawung, ngandika dyan damar wulan.

18.   bapa liwat sukur mami, lan luwih tarimaning wang, kang padha labuh maring ngong, moga winales kamulyan, ing ywang suksma wisesa, dyan menak koncar sumambung, umatur dhateng kang raka.

19.   kados ing wetawis mami, benjing yen smpeyan nglarag, prang mangetan saurute, sinten kuwawa nanggulang, ratuning kertasura, yekti nyarunthul srah lampus, asrah praja kartasura.

20.   dyan damar wulan lingnya ris, ya ratune srah negara, menawa ana kang magul, welandane ora lila, jer ratu Kartasura, lan kumpeni tunggal kalbu, tan ana rasa rumasa.

21.   Nur mungalam anambungi, kumpeni gunten punapa, angangge winalang tos, tyang kapir satruning Allah, satruning rasulullah, digdayanya tan pikusur, gih mongsa anggudigana.

22.   semangke sampun netepi, ujaring srat jayabaya, Narendra Adil wiyose, sarjana sirep sedaya, kapir kontal katimbalan, tunggak jati tuna pugut, tunggak jarak amrekatak.

23.   lamon tuwan benjing ngancik, siti sawetan peraga, tiyang sapengilen kabeh, eler kidul sanggya seba, sakutu walang taga, lah sakathahing lalembut, tertamtu seba sedaya.

24.   rumojong pakarya jurit, sinten kang badhe mregol, jim setan lajeng angroyok, dyan damar wulan miyarsa, ature nur mungalam, sukeng tyas marwata sunu, ing galih sampun precaya.

25.   kunen kang agumen pikir, winarsa gegering jaba, baris pangarsa playune, salang tunjang ting gudangdap, barundhul gugundhilan, demang ing clenang tumanduk, minggah dhateng purwasana.

26.   matur sarwi kempis kempis, gusti kula atur tiwas, pun yudanagara mangke, wangsul yun pupulih ing prang, sedya nganteping yuda, baris ingkang wonten sumpyuh, tinambuh prang karisakan.

27.   dyan damar wulan mangkya ngling, wetaramu ana pira, yudanagara balane, matur sarya palembungan, kirangan boten kathah, wonten sewu wolungatus, sedaya kuda lan dharat.

28.   sigra denya marentahi, sira raden damar wulan, bapa Nur mungalam age, angkatena wadyanira, mapag yudanagara, ingsun dhewe milu magut, bisuk ngiras laju ngetan.

29.   sandika nur mungalami, undhang sagung wadya bala, tata tata gegaman, tan winarna solah ira, wus samekta sadaya, sinasmita budhalipun, kebut prajurit lumaksa.

30.   kang dharat miwah turanggi, tan carub sabalad balad, tengara beri lan bendhe, duwaja layu daludag, mariyeme binekta, miwah carabalenipun, rinakit lumakseng wuntat.

31.   langkung keh cacahing baris, sasra triyatus turangga, tri ewu wadya dharate, sanggya cacah wadya bala, dharat miwah turangga, kawan ewu tigangatus, lir kerig jalma banyumas.

32.   mangampak ampak tinon sri, manggala kalih neng kuda, mangku wadya keparake, kang pasthi sabayantaka, keparak ngawan dasa, dadya etang astha puluh, kang raka lan arinira.

33.   tumbak gegamaning jurit, anggarebek sang pramoda, pan wis narendra isthane, pantese tan ana wing wang, rahaden damar wulan, lan rayi tuhu binagus, samarga dadi tong tonan.

34.   keh estri kandhowan brangti, mulat kakalih pramoda, sajeg urip dereng anon, lah teka kaliwat liwat, baguse jalma ika, memalad soteng pulang yun, sung kayatnan jroning tilam.

35.   para estri angrasani, wanjar jeblogan aluran, gung kontrang kantring solahe, dhuh biyang inyong duweya, laki kaya mengkana, aja kudu amemacul, ora susah dagang layar.

36.   inyong saguh anging ngoni, angger aja lunga lunga, lan iya aja sak nyompet, nadyan ngamalku enteka, gawe ngaturi dhahar, yen awan nyong sandhing nenun, bengi padha let uletan.

37.   kancane nyentak sru bekis, si memonjot kurang ajar, kepengin aduwe bojo, kaya raden menak koncar, raimu kaya blektupuk, rambut kiwil kebek tuma.

38.   gumyak keh para estri, akathah lamon winarna, rasan parestri kan nonton, sangking tigas myat suwarna, bagus punjul sesame, winursita baris agung, kang lumaksa sampun prapta.

39.   mijahan pangarsa nuli, katrek kapethuk ing mengsah, kang sangking wetan anotog, mijahan sami pangarsa, semune kapranggulan, kacakuthok parek mungsuh, dadya tan nganti parentah.

40.   keraman angedrel wani, wadya tumengungan tadhah, rame tarung sunapane, tumenggung yudanagara, lawan Surawijaya, miyarsa swara drel ngayun, gya ginelak lampahira.

41.   prapta lajeng angembuli, ngangsahaken prajuritnya, para priyayi pareng ngrak, aparang balangan sanjata, tengara mawruhan, bendhe beri rowang mungsuh, prajurit kraman kang wuntat.

42.   prapta lajeng mangsah ngungkih, yayah udaka samudra, gumulung kot buta prange, mariyem wus sinuledan, jumegur greng gurnita, kukus sendawa ngendhanu, limut madya pambaratan.

43.   mungsuh rowang akeh kanin, tanapi kathah pralena, prajurit ngarga tandhange, nir pragyanira manglanjak, narpa mrawasa mengsah, geng piyangkuh agul agul, tan ana tinaeng yuda.

44.   dangu senjata tan wuni, gya atarung watang pedhang, acaruk corok cinorok, mangukel ngeris manigas, weneh medhang ngulewang, tataning glar prang wus kuwur, kraman byak nunjang angrangsang.

45.   Nur mungalam anindhihi, pareng lawan among sabda, pra demang sangking brangkilen, solahing sedheng kadi singa, lodra sedheng memongsa, Nur mungalam tistheng pungkur, ndremimil ngapalken donga.

46.   kaserod sampun kalindhih, prajurit ing tumenggungan, keh kanin tanapi layon, sinapih surup hyang ngarka, mundur mungsuh lan rowang, keraman yudane unggul, maring buntu
mesanggrahan.

47.   Tumenggung yudanagari, mundur mring sumpyuh mondhokan, mamariksa prajurite, kang kanin satus kalih wlas, kang mati wolung dasa, awimbuh prihatinipun, Tumenggung yudanagara.

48.   miyat prajurite sami, atine wus padha ringas, sedene kliwon mantrine, pangulu tanapi jaksa, ngenes angrasa tiwas, jalaran kurugan mungsuh, tangeh yen mongga puliya.

49.   kuneng kang manggung prihatin, tumenggung udanagara, ing buntu mangkya kacriyos, sineba wadya tontra, Nur mungalam munggeng ngayun, sarta kyai among sabda.

50.   damar wulan ngandika aris, eh ta bapa Nur mungalam, pira wongira cacahe, kang mati nandhang brana, Nur mungalam tandya matur, sedasa kang nandhang bran.

51.   aming pipitu kang mati, prajuriting mengsah kathah, tatu sumawana layon, ing benjing enjing menawa, tyang mengsah tetumpesan, trekadhang gih tumenggung, yudanagara kecandhak.

52.   prajurite sampun miris, tan purun caruk curiga, kinakahan sapolahe, wadya paduka ngalaga, jalaran kula kang jantur, maca donga munggeng wuntaka.

0 komentar:

Posting Komentar

Sedang Membaca

free counters

Iklan Anda