Iklan Anda

Sabtu, 16 Juli 2011

BABAD ARUNGBINANG pupuh 15 dumugi 16


PUPUH ASMARADANA
(15)
1.    tanpa gawe ngugung kingkin, mundhak memetengi driya, yen peteng rungsit lalakon, sabarang reh ulatana, murih dadi jalaran, den myarsa suwiteng ratu, lamon wus bener pratingkah.

2.    menawa amanggih gampil, lah mengko kita ngandhega, arta pajeg desa kabeh, kang lumade mring negara, lan bulu bekti uga, bebegen ywa nganti katur, niscaya nuIi kapyarsa.

3.    maring kang darbe lilinggih, banjur konjuk ing Narendra, kang raka mangsuli alon, yen mengkono pesthi uga, enggal kaprikseng Nata, nanging temah karya luput, tangeh kangge pasuwita.

4.    mundur nuli den brojongi, cupet lalakoning dunya, kang garwa ling ngira bekes, mendah lir ati wong kompra, mungguh kaya andik, mongsa kuranga pangawruh, amrih kalis ing duduk.

5.    tanpa gawe mangun brongti, ngemungna wani ing gampang, sumingkir penggawe angel, sabarang nora tumeka, mangke dika sun jajal, arep wruh kencenging kalbu, yen wani ambantheng ranggah.
6.    sanyata parameng westhi, lamon nora awaniya, dumunung ijeh prah bae, kang raka mesem ngandika, mas mirah ngobar obar, saiki pan akeh jawuh, malempem geni tanpa sah.

7.    retna yun anjiwit wentis, ingsun nora ambabrongas, atur peling sabenere, Surawijaya wecana, yayi luwih tarima, arsa sun lakoni tuhu, sakehe pratikelira.

8.    kusumaning arga angling, dhuh angel temen ki omah, tan kena katon karsane, tur niku wis kabeneran, sengadine kajrihan, wiwekane jaring lemut, si jenat piyapi lomba.

9.    ki omah sun amit mulih, sun anjurung karaharjan, anulya mesat sang sinom, Surawijaya seksana, angundang siswanira, pinilih amung pipitu, ing karya wus pinrecaya.

10.  pipitu nedheng taruni, minongka gedhig manggala, pinapantes lan namane, siji ran suraprawira, kalih ranaprawira, mangunprawira katelu, sekawan wongsaprawira.

11.  gangsal astraprawireki, kaneme jayaprawira, trunaprawira pitune, wus ing ngulig budayanya, setyeng tyas bayantaka, prapta ngarsa siswa pitu, ngling kenthol Surawijaya.

12.  sira padha ingsun tuding, angrayudi pajeg desa, nanging sawetara bae, sepuluh desa kewala, ing sajabaning bawah, demang ing kuthowinangun,jer wis kagegem asta.

13.  sandika pepitu abdi, tandya denira umangkat, anumpak turongga kabeh, wit desa lajer pinaran, pajege rinayudan, myang bulubekti sedarum, kang badhe malebeng praja.

14.  ing ngandheg binekta maring, kuthowinangun pineksa, patinggine nurut bae, ajrih menawa rinusak, marang Surawijaya, sapangetan sapengidul, wus ulih sepuluh desa.

15.  susah kang para patinggi, nulya lapur mring nagara, priyayi kang darbe bengkok, bupati sewu ing kartasura, panumbak anyar, sanalika nulya lapur, dhateng rahaden dipatya.

16.  yen dhusun kutho samangkin, wonten tiyang bantheng ranggah, angrayudi arta paos, awastan Surawijaya, sutane Honggayuda, demang ing kuthowinangun, culika ngresahi desa.

17.  kala semanten anenggih, nagari ing kartasura, pan ingkang jumeneng rajeng, jeng Sunan Paku Buwana, kaping kalih etangnya, dene mantri mukyanipun, dipati nata kusuma.

18.  prenah paman lan sang aji, wau rahaden dipatya, enggal sowan sanga katong, nenggih ngunjuki wuninga, semangke dhusun kitho, winangun wonten ru biru, sujalma ambantheng ranggah.

19.   paos dhusun den rayudi, pengangkuh sawening wening, Surawijaya wastane, suta demang Honggayuda, tandya dhawuh Narendra, kinen utusan gupuh anarik Surawijaya.

20.  sarta pinusara yekti, kadya wawatoning ngadat, dyan dipati nuduh age, priyayi mantri sekawan, tumanduk marang kutho, kang mongka gandhek pangayun, ran ngabehi wirapuspa.

21.  sayasuponta ngabehi, ngabehi secalegawa, ingkang mongka sosorane ngabehi mangunprameya, sosoraning caraka, kinanthen prajurit satus, sampun pinaring pratondha.

22.  ecape raden dipati, mantri caraka wus budhal, ing marga tan winiraos, prapta ing desa ungaran, kendel samya mondhokan, ngumpulken patinggi dhusun, seba mring dhusun ungaran.

23.  sarta sugatanireki, ngrengga caraka Narendra, nora kurang sudhiyane, caraka mantri sekawan, lagi niti priksa, kabar ring kuthowinangun, merga kapyarseng Narendra.

24.  ana jalma genjah pati, lan iya angemping lara, Surawijaya arane, anak demang Honggayuda, wani angrayud desa, mepet pajeg kang lumebu, mring Negara kartasura.

25.  apa jatine wong baring, sumawana jalma waras, wong cilik asalah gawe, apa ta bosen tumitah, urip neng ngalam dunya, padha matura satuhu, kabeh wong patinggi desa.

26.  karana kita puniki, jejer dutane sang Nata, supaya trang pamriksane, ywa seling surup ing tatrap, khukum yudanegara, iku penggawean prelu, abote lumaku duta.

27.  tegese yen jalma baring, tan kena kaukum awrat, amung ginelandhang bae, bakal malebu kunjara, ratu paring usada, nanging yen wong waras temtu, binaronjong lampusara.

28.  dosane gedhe sayekti, wong wani angrusak desa, medayeng karaton rajeng, pesthine ing ngukum lena, bisuk aneng negara, ing kono patinggi dhusun, padha matura kang nyata.

29.  wau kang mojok ing ngarsi, demang sarangan ungaran, umatur mratelakake, prakawis Surawijaya, suta ki Honggayuda, kula matur galuripun, sing purwa madya wusana.

30.  rumiyin anandhang sakit, katrapen badane kebak, sinikang para kadange, nunten kesah tan kantenan, angsal tiga wlas warsa, gih kininten sampun lampus, wang wang ing mangke punika.

31.  adhi prawirawigati, demang dhusun pekacangan, pinareng sami padudon, lawan demang Honggayuda, demang kacangan nglarag, ki Honggayuda den amuk, ngili sangking dhusun kitho.

32.  darbeke dipun rayahi, tyang sedhusun karisakan, Surawijaya praptane, nging pangling ki Honggayuda, kranten wus malih warna, rumiyin kuru angungkruh, warnine awon kalintang.

33.  praptanipun werni sigit, tur karengga ing busana, gagah sarigak tandange, anulungi Honggayuda, punika langkung ngeram, kala ijen aprang gupuh, lawan demang pekacangan.

34.  wonten ing sakidul desi, sami anyepeng sanjata, wiragati dhasar moncol, wentala teguh wireng prang, patitis ing sanjata, adat bituwah rumuwun, mimise kenging dinuta.

35.  tiyang silem den entasi, yen singidan ing ngubangan, wasta pun rondho bedhile, mila ladak andeladah, pun demang pekacangan, sinten tiyang ingkang purun neng dhusun punjul ngapapak.

36.  mrojol ing kerep saketi, wiragati pekacangan, mangke kula yen cariyos, menawi sampeyan eram, myarsa edining tingkah, boten pinanggih saestu, tiyang jaman sapunika.

37.  ing jaman purwa sesiring, lampahan karna tandhingan, lan arjuna aprang ijen, saemper kados punika, ngeram eram tingal, nulya ana kang sumambung, patinggi desa kagungan.

38.  kula nggih sami ningali, pan pun kakang patrasura, ing nglajer nuju anonton, aben sawung wonten kitho, kula tumut totohan, sawung tengah tengah tarung, kesrandu wonten prakara.

39.  Surawijaya kang prapti, nyangking bedhil balimbingan, ngajag ajag muwus dhoso, endi demang pekacangan, payo aprang lan ingwang, iki sun serayanipun, demang Honggayuda kutho.

40.  sanggup nigas ndhasmu mangkin, watake demang kacangan, arya penangsang pamine, boten kenging mambet sumbar, awake dados brama, wadyane …… (seratan kabusak/ical)…… , ajak prang ijen sanjata.

41.  …… (seratan kabusak/ical)…… , …………………………………… .

42.  gya ngabehi wirasari, angatag demang sarangan, aja sira banjurake, perange Surawijaya, lan demang pekacangan, manira kumudu ngrungu, ing mengko ginawe nimbang.

43.  ya ta sekawan pra mantra, guneman sinambi medang, angcacemil pacitane, sariping pisang lan jenang, sagon miwah juwadah, lawuhe dhendheng ginepuk, angenthar ses wirudana.

44.  nglajengken carita neki, wau ki demang sarangan, engajengan tyang roro, wirawigati neng wetan, kilen Surawijaya, ingkang nyenjata rumuhun, inggih demang pekacangan.

45.  mungel mimise tan mijil, ngentet sajroning sanjata, sinuntek dhawah kumlethek, cinandhak malih ngingsenan, senjatane pinesat, pelor lumepas tan purun, mencok mring Surawijaya.

46.  wangsul lir tawon swareki, ngubengi demang kacangan, nunten dhawah neng ngarepe, gya males Surawijaya, bedhile balimbingan, mimise ambesmi baju, ingkang lebet tiga pisan.

47.  angalad alad binasmi, rasukan njawi tan kobar, wiragati sru tobate, prajurite yun kiwul prang, ing ngecungan senjata, lilimbungan rebat pungkur, ming jorog jinorogan.

48.  teluk prawirawigati, ingangken kadang sanyata, …… (seratan kabusak/ical)…… , punapa wonten manungsa, ingkang kadya mangkatena, …… (seratan kabusak/ical)…… , …… (seratan kabusak/ical)…… .

49.  …… (seratan kabusak/ical)…… , ………………………………….. .

50.  bedhile sapisan muni, saged nelasaken jalma, upami mengsahe, angrubut Surawijaya, rosanipun kabina, …… (seratan kabusak/ical)…… , rangkep kalih tiga kiyat.

51.  kados bucali …… (seratan kabusak/ical)…… , tan montra karaseng ngasta, dhuh biyang sinten kimawon, kang kadugi lumawan prang, lawan Surawijaya, dipun ipahana sewu, kawula boten keduga.

52.  pami sampeyan ngawaki, anyepeng Surawijaya, lan inggih krigena kabeh, sarta bebayine abang, kula purun totohan, lamon sageda kecakup, dubilah angur mlayuwa.

53.  mlarat mlarat angger taksih, urip bisa mangan upa, jawi panjenengan rajeng, saupami anyepenga, prabadya pasthi lena, sabab kaurugan wahyu, punika saestunira.

54.  gya patinggi saur peksi, kang mengkaten boten dora, demang sarangan ature, mantri sekawan miyarsa, kekes dahat kewuhan, rumaos tiwas ing laku, dinuta tan angsal karya.

55.  secalegawa ngabehi, ngantuk miyarsaken kojah, kamantyan alit manahe, cahyanira lunga teka, katuju ana bocah, mlayu ngoyak oyak sawung, sanjata sru ika mangetan.

56.  secalegawa ngabehi, kagyat jaligrang malumpat, mantri ingkang tiga geger, patinggi ngadeg sedaya, piring kathah kaidak, myang pateyan sami remuk, samya gegetun tyasira.

57.  dangu samya linggih malih, cucuh cinucuh wecana, calegawa katiban peh, iku mau ana apa, mlumpat ajeligrangan, secalegawa gumuyu, bocah agawe gupita.

58.  jelah jeleh ngoyak pitik, dak sengguh Surawijaya, kang soroh amuk merene, lah bocah anake sapa, keparat kurang ajar, ngoyak ayam nyaru nyaru, priyayi lagi guneman.

59.  ngling ngabehi wirasari, teka bocah dinukanan, adhi calegawa kuwe, slirane dhewe kang salah, dene durung piraha, ana rare mburu sawung, jligrangan lali mring rowang.

60.  mendah kelakona ugi, anyekel Surawijaya, yen sinentak banjur jidhed, ngabehi secalegawa, langkung lingsem wardaya, wongsa inggih kula takut, anyepeng Surawijaya.

61.  kadar pinten tiyang desi, digdayane lalebuhan, mongsa papak kadibyane, tap untapan sasat padha, lan priyayi negara, bok sampun sanget geguyu, amemirang padha rowang.

62.  yen dika kudu ngawruhi, sektine secalegawa, daweg metu padha ijen, angadu pucuk curiga, yen kula sor lan dika, sepit malih ujaring sun, malah ta ngong pagas sisan.

63.  mesem angling wirasari, adhi sampun geduduka, tan pened kadadosane, tyang saweg dinuteng Nata, pakarya tatemenan, andadak prang padha batur, punapa anggeping bocah.

64.  limrah tyang kekancan adhi, sawetawis gegonjakan, yen wonten lepat rakane, pun adhi angapuntena, kula mongsa waniya, prang ijen angaben duwung, lan adhi secalegawa.

65.  kranten wangkingane adhi, maospait sepah wetah, lan sampun kathah tatale, curiga kula neneman, yasan ing kartasura, anging dinamel pepatut, tinimbang angangge slumbat.

66.  secalegawa ngabehi, gumujeng sarya wecana, sami sami kadang ing ngon (ng?), inggih sayogi ngilangna, sagunging kalepatan, semangke ing penedipun, mamrih gambuh matyastama.
 
PUPUH GAMBUH
(16)
1.    genti ingkang kawuwus, nenggih dhusun ing kuthowinangun, kenthol Surawijaya selagya linggih, lan kadang kadeyanipun, tanapi jalma nom anom.

2.    para ipene kumpul, wiratama sangking jrakah dhusun, wirawongsa ing blimbing nuju tetilik, Nalawijaya neng ngayun, ki sutayuda neng kono.

3.    kang wismeng ngambal dhusun, nyai Surajaya estri jalu, mitra mitra kulawongsa pepak sami, pratistheng kuthowinangun, sangking bunder swaran winong.

4.    sing sarabayan dhusun, kacepit lundhong pengilen kumpul, timbeng genthan karang kambalan tanapi, klamiran ing karangsambung, kuwarian kedhungtawon.

5.    jalaran samya ngrungu, ing pawarta umyang wus misuhur, wonten duta sangking karta nagri, kang lumaksa mantri catur, lan satus prajurit katong.

6.    karyanira tinuduh, ngrenggep kenthol Surawijayeku, kalepatan angrayudi pajeg bumi, myang bulubekti rinayud, yekti manggih khukum abot.

7.     masmu mirma kelangkung, kadang kadeyan mitra sedarum, apadene yayah rena lalu sedhih, datan wande putranipun, kinisas marang sang katong.

8.    sadaya wayang wuyung, nora kolu mongan turu, jroning ati mung ketir ketir kuwatir, lir paran panulakipun, sanggya jedheg ting jetoto.

9.    siji tan bangkit usul, usul kang murih slameting laku, denya witing sisip dosaning Nrepati, dumadya mitra sedarum, mung setya belani layon.

10.   Surawijaya muwus, mengko ana ngendi duta Prabu, nayapatra suwaran mangsuli aris, gih wonten ungaran dhusun, ngerig patinggi sumaos.

11.  kabar ing bisuk kisuk, utusan dalem prapta winangun, kados pundi ing karsa sampeyan inggih, boten wande manggih lampus, siniyasat ing sang katong.

12.   Surawijaya muwus, mitraningsun paran ingkang rembug, sakeh jalma gumyumung sumaur peksi, inggih mregagah aluwung, nekad ing ngaprang rarempon.

13.   ubayeng tyas penahur, kamukten kula kang sampun sampun, mangke inggih kantun anglampahi mati, suwawi sami angamuk, dutaning Nata rinampog.

14.   kadar pinten wong stus, menggah patinggi ing dhusun dhusun, lamon mangke sampun campuh aprang yekti, patinggi bibar sedarum, mongsa wonten purun tanggon.

15.   lamon duta wus lampus, nunten lajeng ngraman aywa tanggung, ngelir elir jajahan inggih supadi, imbet kathah rencangipun, Surawijaya ngling alon.

16.   banget tarimaning sun, sangking prasetyaning sun tan mengkono ugi, tan niyat wani mring ratu, duraka ing lahir batos.

17.   urip kalawan lampus, ing kawula kagunganing ratu, krana ratu sesilihe tyang suksmadu, yen waniya reh ing ratu, sasat wani ing ywang manon.

18.   ing mengko sore ingsun, sedya panggih lan caraka Prabu, srah bebandan ngaturaken pati urip, kanggek sakehe kang ngrungu, pamuwusira sang kenthol.

19.   samya sik jroning kalbu, lah kepriye karepe satuhu, duk inguni wani ngrayud pajeg bumi, praptaning don asrah lampus, nora nduga temen ingong.

20.   dadi nggone angrayud, pajek bumi kagunganing ratu, mung paedah sangking uwis bosen urip, lah ya seboronging kayun, aja ina kaya ingong.

21.   Surawijaya matur, mring sudarma lir paran pukulun, kirtya kula inggih pundi kang prayogi, punapa ngasrahken lampus, punapa pened pinogok.

22.   kang rama alon muwus, ngong sumarah apa sakarepmu, ujar sira sutengsun uwis mumpuni, mung mangayu bagya ingsun, sakarepira pretados.

23.   ana siji pinisepuh, dhusun jrakah anambungi wuwus, kabeh anak putuning ngong gedhe cilik, aja padha adol gendhung, kuminter angkuh sumlonong.

24.   bangkit apa sireku, kenthol Surawijaya wis punjul, barang tindak pesthi uwis den lang langi, mulane karsa lumaku, wruh paran ingkang linakon.

25.   yen bukti ya wis weruh, rasane kang pepanganan temtu, nganggo anggo warneng busana wus ngeksi, mongsa kayaa wandamu, barang reh tlawar tlowor.

26.   kaget yen wis kebentus, iku tindake wong kumprung pengung, kyai Honggayuda kang rama pribadi, pasrah datan bisa muruk, jer uwis kungkulan suraos.

27.   sireku miwah ingsun, ing wajibe amung nurat nurut, rehning dhewek wis kapotangan becik, mukti keringanireku, sangking sawabe sang kenthol.

28.   kon mundur iya mundur, pinrih maju dhasar wis kinayun, nadyan prapteng pati ywa niyat gumingsir, mengkono tindaking batur, aja sok ambek metongtong.

29.   mundhak bebancang laki, lamon batur reka reka pecus, karya aprang iku gegedhen ing kardi, yen luput pangebabipun, dosane kaliwat abot.

30.   sapa ingkang katempuh, pesthi kenthol Surawijaya mung, kaluputan ing lahir tumekeng batin, angel wong dadi pangayun, angayuni sakeh ing wong.

31.   alon denira muwus, Surawijaya keh mitraningsun, aja sira prihatin kepati pati, prakara sariraning sun, srahena karseng ywang manon.

32.   pati urip puniku, nora gingsir yen wis jangjenipun, nadyan singidan sapta ewu wukir, lamon ajale tumanduk, tan wurung pesthi kelakon.

33.   mati mangke tan bisuk, saiki urip mati ing bisuk, jejer urip saenggal lawase mati, balik ta sanak sedarum, mrediya nrimeng batos.

34.   rampung saliring rembag, tandya boga ondrawina nutug, nglipuring tyas nirnaken tuwas kuwatir, sareng asar wancenipun, Surawijaya adandos.

35.   busana nyar sedarum, nanging datan arsa ngangge duwung, tanpa rowang amung pribadi lumaris, mangetan lumampah darung, sedya mring ungaran saos.

36.   duta iswara catur, pan meh prapta ing ungaran dhusun, winursita priyayi caraka mantri,, sekawan pinuju lungguh, neng ngamben sineba ing wong.

37.   demang ing dhusun dhusun, miwah rencange prajurit satus, lagya gunem pikir genya nglaksani, nyepeng Surawijayeku, binudi budi tan dados.

38.   mung ngewuh kang kepangguh, penarine sakeh demang dhusun, tinon datan ana kang kenceng sawiji, semune mung gramang grumung, kenceng ngane leyab leyob.

39.   pra mantri tyasnya keju, mangu mangu mangoning jro kalbu, nulya demang ungaran awas ningali, Surawijaya lumaku, gya umatur mring mantri gupuh.

40.   lah punika tyangipun, gih sun Surawijaya kadulu, saweg mlampah semune mendeng mariki, tanpi rencang pribadya mung, sampeyan den ngatos atos.

41.   pra demang sanggya matur, estu Surawijaya kang rawuh, para mantri geter tyas angadeg sami, saresaran cipteng kalbu, tiwas ing ngaprang kaprenggok.

42.   wau sapraptanipun, Surawijaya umongsah ngayun, mendhek mendhek ing semu sedyane becik, ragi asrep galihipun, mantri sekawan duk anon.

43.   tata malih alungguh, anging sampun sudhiya jro kalbu, para demang ngacarani mring kang prapti, suwawi sampeyan lungguh, Surawijaya wus njagong.

44.   neng ngarsa keringipun, demang ungaran kapareng pungkur, angrerepeh matur ing priyayi mantri, pramila sowan pukulun, ngarsa sampeyan samangko.

45.   saking pamyarsa ulun, sampun dinuta gusti Sinuwun, Kartasura angrenggep sarira mami, inggih sukur sewu sukur, gusti panjenengan katong.

46.   karsa nimbali ulun, sumawana karsa mundhut tuwuh, ing kawula sasat laelatul kadri, murciteng sarira ulun, lantaran gusti sang katong.

47.   rila nir gesang ulun, boten sumelang malih saestu, yekti dadosa karsaning sang aji, sarira sumangkeng kayun, semangke sampun sumaos.

48.   sangking susatya terus, demi Allah inggih demi rasul, yen darbeya purun purun ing Nrepati, amogok dhawuhipun, sineksena lir tumuwoh.

49.   mantri sekawan ngrungu, mring ngature Surawijayeku, legeg ing tyas sapandurat tan bisa ngling, marawayan metuning luh, nelongsa welasira kasok.

50.   sajeg yekti durung wruh, wong kang duwe pakirtya kadya ku, banget temen wong iki ngruntuhken ati, lagi kiwuhan tyasira sun, ambudidaya lalakon.

51.   ing bab panyekeling sun, marang dheweke jer wis misuhur, dibya sekti ngluwihi samining jalmi, cipta tiwas lakuning sun, suwara tekaning ngendon.

52.   gampil tan nyrimped nyandhung, lemes amohe ngungkuli banyu, ing gampange gawe susahe tyas mami, nora tahan nyekel ingsun, apa dene yen ambronjong.

53.   menawa datan wurung, kita bisuk pinidosing ratu, marga nora ambronong sujalma iki, lah iya sabejanipun, apa siasat ing katong.

54.   wusnyaning tekadipun, angabehi wirasari muwus, ngacarani angajak jajar alinggih, Surawijaya tan purun, pineksa tinarik lunggoh.

55.   arda pamawasipun, wirasari ting swening reng semu, usik ing tyas tuhu manungsa pinilih, si Surawijaya iku, mungguh serandune ing wong.

56.   bener umyaning catur, ngonaraken prawirane punjul, nora patut dumunung desa wong iki, nadyan sagunging tumenggung, kartasura sun durung wroh.

57.   kaya mangkene srandu, pantes dadi busaneng praja gung, kawignyaning lukita parama bangkit, pantes kaloka wiranung, sapraja mongsa ntuk roro.

58.   iya wetaraningsun, iki jalma yen konjuk sang Prabu, kadi nora tinatrapan ukum pati, malah ta menawa bisuk, oleh ganjaran katong.

59.   watake ratu agung, carya miyara manungsa teguh, lan mangerti pupus pamicara titis, dyan priyayi mantri ctur, samya agunem miraos.

60.   ingkang dadya pangayun, angabehi wirasari wau, kadi pundi konca pirembag puniki, mantri kang tiga sumaur, kula andherek kimawon.

61.   wirasari gya muwus, eh kisanak Surawijayeku, binjing injing dika sun bekta mring nagri, reh dika ngandikan Prabu, kapiyarsa damel rusoh.

62.   angrayud pajeg dhusun, sampun jengandika wancak kalbu, boten susah binaronjong lan sinawi, kula ingkang purun nanggung, yen wonten dukaning katong.

63.   mantri tiga biyantu, Surawijaya sandika matur, angling malih wirasari gih saniki, dika mantuk karumuwun, mriki ing ngenjing kimawon.

64.   Surawijaya mantuk, dhateng wismanya kuthowinangun, pan ing wuri mantri catur gunem kawis, lan demang desa sedarum, kang munggeng ngarsa sumaos.

0 komentar:

Posting Komentar

Sedang Membaca

free counters

Iklan Anda