Iklan Anda

Minggu, 17 Juli 2011

BABAD ARUNGBINANG pupuh 13 dumugi 14

PUPUH PUCUNG
(13)
1.     wus sinigeg carita kuthowinangun, genti winursita, laladan banyumas nagri, wukir slamet prenah kang eler pascima.

2.     ana jalma mretapa agraning gunung, kalih samya kadang, dene aslinira nguni, sangking nagri madiyun trah witaredya.

3.     dyan supena namanira ingkang sepuh, suratma taruna, kalih pisan warna pekik, prameng sastra sonta budya mahajana.

4.     wit mertapa jajaka kalih madiyun, sangking berbudiman, tinilar ring yayah umi, kasangsara nulya kentar sangking wisma.

5.     pamomonge sajuga ran kertabau, tutwuri tan siwah, ketrek ing selamet wukir, jaka kalih anjungkung mamati raga.
6.     tigang warsa mandhiri ajar neng gunung, kertabau emban, subadya malebet catrik, dyan supena suratma sacipta dadya.

7.     cinarita tiyang desa kaliparuk, nami wongsapatra, netrane kataman sakit, wus sawarsa kalis sakehing usada.

8.     sanget denya prihatin tan bisa turu, nendra layap layap, myarsa wirayat meling, wongsapatra yen netramu arep waras.

9.     lah sebaa pandhita mretapeng gunung, slamet lor pascima, pandhita dwi emban siji, ajujuluk dyan supena dyan suratma.

10.   amintaa usada netramu temtu, waras sanalika, kaget wongsapatra tangi, langkung ngungun mangangen nangen wardaya.

11.   apa temen ujar swara kang karungu, sukur yen sanyata, pitulunging ywang suksma di, wongsapatra nulya ngundang anakira.

12.   pun sariban prapta wongsapatra muwus, aku jujugena, munggah mring selamet wukir, yun ngupaya dhedhukun maha pandhita.

13.   tan lenggana sariban mangkat anuntun, minggah mring ngaldaka, anjujug ler kilen nginggil, graning ngarga pinanggih pandhita jaka.

14.   wongsapatra mlas asih ing ngaturipun, dhuh wita redya, kawula nuwun usadi, sakit mripat sanget pikantuk sawarsa.

15.   dyan supena angling lah majuwa gupuh, majeng wongsapatra, netrane dipun idoni, sanalika waras larane wus sirna.
16.   wang wang wongsapatra umangsah angujung, suwita tri dina, wus tigang dina gya mulih, prapteng wis mamangsung warta mring tyang kathah.

17.   yen ing gunung slamet ana pandhita gung, kalih sami kadang, embane siji dadya tri, warna bagus ampuh dadi saciptanya.

18.   tandya umyang wong sadhusun kalih dhusun, elur kang umarak, pamintane werni werni, ana ingkang minta usada wong lara.

19.   ana minta kepengin adarbe sunu, weneh kasugihan, weneh yun lumakyeng kardi, ana puruita jaya kawijayan.

20.   sapamintaning wong katekan sedarum, saya lama lama, wong desa kathah sumiwi, wus kawentar ing macapat tebah tebah.

21.   patinggi ing desa desa pan kumelun, tuwin ninituwa, nonoman samya sumiwi, angyasani pesanggrahan gora listya.

22.   rina wengi jalma sewaka supenuh, sangu boga boga, dalu pan juta menuhi, para demang ngabehi ing desa desa.

23.   kumawula anggepe yayah angratu, mring sang mangun brongta, kinudang kudang mandhiri, noradipa angrata sanungsa jawa.

24.   wus atusan ewon kang sumiweng ngayun, ana pinituwa, asli sangking desa pasir, bangkit ramal wasta kyai Nur mungalam.

25.   mahya crita ya saiki timbulipun, ratu waliyullah, kang pasemon tunjung putih, ngreh lalembut niscaya pudhak kasungsang.

26.   ratu adil tanah jawa kang amengku, juluk dyan amisan, sangking pascima gyan lahir, malak mandar ingkang rinengga sajagat.

27.   sakathahe jalma geng ngalit anggugu, mring ki nur mungalam, bituwah sayekti sidik, nur mungalam saguh mugareni kirtya.

28.   dyan supena suratma tyasnya kebintur, gya jinunjung Nata, kang sepuh jujuluk mangkin, damar wulan kang nem juluk menak koncar.

29.   nging sang tapa kalih dereng yun sinebut, lenggah Naranata, mung karana senopati, ing ngalaga dibya pramuka jayeng prang.

30.   gampil binjing yen sampun bedhah mentarum, jumeneng Narendra, semangke mung senapati, kertabau tetep emban bayantaka.

31.   ing mentarum samengko karatonipun, aneng kartasura, ratune sedya ing ngendhih, sangking tanah banyumas pangratanira.

32.   Nur mungalam sakeh wong sinungan weruh, yen dyan damar wulan, lan menak koncar kang rayi, wus jumeneng senapati prang mukeng prang.

33.   ing banyumas karsa binedhah rumuwun, kinarya pawitan, lan mongka pratandha ugi, lamon bedhah iya negara banyumas.

34.   pan sanyata timbule sri punjung pingul, pasthi sapangetan, tan angel samya lumiring, nganti apa jer saiki wis mongsa.

35.   pra patinggi pinarentahan sedarum, sudhiya warastra, pedhang tumbak kris lan bedhil, bandring lembing cacab tanapi geranggang.

36.   aja watir ngandela senapatimu, bagus wirutama, sumbaga serana sekti, ampuh sidik prabawa gentur mretapa.

37.   sakehing wong tan ana suwaleng kayun, prasetya ubaya, lumiring sabaya pati, estu ngandel wecane ki Nur mungalam.

38.   rempeg rembag ing malem jumungah kumpul, sagegamaning prang, kang dharat miwah turanggi, tanggal pisan taun alip wulan sura.

39.   tandya bubar sagunging wong samya mantuk, ngruti predandanan, tinon pan pating bathithit, tan winarna praptaning malem jumungah.

40.   gumaredeg lir susulung munggah gunung, samekta kartala, layuban dera rumanti, golong golong yayah trunaning ngubaya.

41.   neng tatarub wangunan tembak supenuh, busana sarwa bra, sang tapa wus den saosi, busana di alistyane kaneka.

42.   sarta kuda kalih sunudhiyan sampun, raden damar wulan, titihane janjan kuning, menak koncar dhawuk ruyung kudanira.

43.   songsongipun kalih seta mawi tunggul, ing dalu bujana, sinambi agunem kawis, pra patinggineng byantara ting ngrengangah.

44.   kang wus prapta pitung dasa kalih dhusun, patinggi cacahnya, kajawinipun ngebehi, pan titiga sangking pasir brebes tegal.

45.   Nur mungalam, ingkang amematah laku, patinggi tri dasa, sawadyane kinen mijil, jatilawang jog cindhaga trus papringan.

46.   urut marga angirup padhusunan, ya tah wus cinacah, kang medal kidul pinanggih, kuda tigang ngatus dharat kalih nambang.

47.   manggalane demang desa sunyalangu, lan ing darmaraja, dene kang andherek gusti, miyos eler kawandasa kalih kehnya.

48.   patinggine lan ngebehi tiganipun, tigang ngatus gangsal, cacah wadya turanggi, ing dharate tigang nambang cacahira.

49.   tan winarna ing dalu praptaning ngisuk, budhal sangking arga, dadya tontonan samargi, sowang sowang kang ngidul lan kang mangetan.

50.   kang mangidul lampahira prapteng jambu, anjok jatilawang, sipeng cindhaga sawengi, anungkulken wong desa sangsaya kathah.

51.   raden damar wulan lan arinireki, raden menak koncar, para pituwa angiring, myarsa wadya bala margani mangetan.

52.   jog ing purwakerta ngirupi wong dhusun, keh teluk sumewa, dhumateng keraman kalih, ngebehine cakra wedada kaplajar.

53.   ngungsi dhateng makam sakulawargeku, raden damar wulan, menak koncar saprajurit, lajeng ngetan rereb tanah sukaraja.

54.   anarubken wong desa sangsaya agung, tan ana nanggulang, teluk rumojong kardi, duk cinacah dadya sapta tus turangga.

55.   ingkang dharat gangsal ewu wolungatus, gegamaning ngaprang, tumbak pedhang berang bedhil, rare angon milya sami bekta banat.

56.   ing negari banyumas genti winuwus, dyan tumenggung yuda, nagara ngaturan warti, mring patinggi desa sangking sukaraja.

57.   sareng prapta lan sangking kilen atur weruh, yen wonten karaman, wadyanipun tanpa wilis, sedya gepuk inggih nagari banyumas.

58.   bekel dhusun sampun kairid sedarum, tumut tyang keraman, lampahe pinayu kalih, sangking eler sangking kilen sareng lampah.

59.   pengagenge tyang keraman kendelipun, wonten sukaraja, kang medal kilen patinggi, kendelipun wonten ing dhusun cindhaga.

60.   atetanya yudanagara tumenggung, lah arane sapa, jejere keraman iki, tandya matur gupuhipun pikabaran.

61.   duk rumiyin asli sing tanah madiyun, anjungkung mretapa, neng pucuk selamet wukir, tinarima prapta niskara cinipta.

62.   sami kadang damar wulan ingkang sepuh, kang nem menak koncar, aguna serana sekti, langkung ngungun radyan tumenggung miyarsa.

63.   nora kalah wong patinggi kapiluyu, angrojongi kraman, anulya nimbali patih, tan adangu patih wus sowan byantara.

64.   dyan tumenggung pangandikanira asru, patih andandana, samekta gegaman jurit, saanane wadyaning sun kerigena.

65.   ingkang kulon bae papakna ing pupuh, dene kang lor iya, pan uwis kadhangan kali, si kaliwon bae lan wadya dwi dasa.

66.   angadhangi kidul kali den apengkuh, ikehing baita, dhedhegen ing kidul kali, tarungana sing kidul kali kewala.

67.   kyana patih sandika amit gya mundur, minggah purwasana, anyandhak bendhe tinitir, myarsa oreg wadya sapraja banyumas.

68.   ting sarebut samekta kartala pupuh, dulur samya prapta, ing purwasana rumanti, pra priyayi kaliwon mantri lan jaksa.

69.   ki pangulu saprabote prapta sampun, myang para sentana, pepak datan ana kari, sadaya wus samekta busananing prang.

70.   kyana patih nulya medhar undhang asru, eh wadya banyumas, wruhanira wektu iki, ana kraman gedhe yun bedhah banyumas.

71.   nanging iya pinajuro praptanipun, kulon sabregada, sangking lor uga barengi, mas ngabehi kliwon kang tinuduh mapag.

72.   kraman ingkang sangking lor kanthiya iku, prajurit dwi dasa, mirantiya kidul kali, sakeh prau dhedhegen kidul narmada.

73.   wong keraman mulih ja bisa laju, tarunga sanjata, nadhahi sing kidul kali, den akukuh krman aja nganti nyabrang.

74.   dene sakeh priyayi wadya sedarum, sun gawa methuk prang, mengulon ingsun adhangi, sanggya matur sandika wadya banyumas.

75.   si penyakit baya kudu genjah lampus, nglarag wong banyumas, tau tatal mangun jurit, kraman kodhen mongsa ngobahena trena.

76.   angger aja keraman terah mentaram, mongsa ngong mirisa, wecana rekyana patih, aja padha kibir bidengah jubriya.

77.   iki kraman jer mentas mertapa gentur, tinarimeng cipta, nora kena ginegampil, ahlul tapa ngungkuli terah mentarm.

78.   kyana patih samekta gya budhal sampun, lan sawadya bala, pangulu jaksa myang mantri, pan cinacah kalih atus wadya kuda.

79.   ingkang dharat gangsal atus kathahipun, bandera daludag, lan bendhe panengran jurit, kolontaka kekalih ingkang binekta.

80.   lampahira sajuru juru anggregut ing tyas ngamah amah, sumuksa ge tempuh jurit, sampun lepas lampahe sangking ing paja.

81.   winursita ngabei kaliwon sampun, lan wadya dwi dasa, miranti sakidul kali, baitane kerid mangidul sedaya.

82.   raden damar wulan lan kang rayi wau, sawadya wus budhal, sing sukaraja lumaris, langkung kathah prajurit lir rob samudra.

83.   pangarsane prapta kali sirayu, dhedheg kendel samya, tan intuk baita siji, wong nambangi cineluk pan kinukuhan.

84.   mring ngabehi kaliwon lan wong rong puluh, balangan sanjata, lor kali sakidul kali, wong banyumas saklangkung karoban mengsah.

85.   yen ajaa kadhangan kali toya gung, pesthi remuk rempak, wau raden damar sasi, lan kang rayi wus prapta saler narmada.

86.   munggeng kuda kalih sinongsongan pingul, raden damar wulan, pangandikanira aris, eh ta bapa nur mungalam kaya ngapa.

87.   wadyaningsun kabeh nora bisa laju, alangan narmada, priye dayanira iki, nulya demang sambirata ran camaya.

88.   sagah ngrebat baita kang aneng kidul, suka duk miyarsa, sira raden damar sasi, Nur mungalam angling lah mara nak ing wang.

89.   amung sira karo kang bangkit ing banyu, sarta kudanira, sudibya nglangi ing warih, ya rebuten baitane dipun kena.

90.   demang sambirata ran camaya muwus, apa dudu lanang, tan wani gebyuring warih, tanpa gawe wong ewon kudu murwa prang.

91.   maring mungsuh maning wania si gunung, ukur maring toya, bae teka belih wani, deyan mati kasilep pan dadi ebang.

92.   demang kalih nulya ngetan marang dhuwur, anumpak turangga, anggebyur lumebeng warih, sangking santering toya kuda kangelan.

93.   kinarutug ing sanjata sangking kidul, tan bangkit malesa, turanggane wus ngemasi, kang nunggangi demang kalih laju kendhang.

94.   suraweyan iket kontal madhul madhul, mengkureb malumah, cat kasilep cat kaesksi, saya dangu lap ical datan katingal.

95.   sami giris kang eler cahyane acum, Nur mungalam ngatag, lah padha nusula sami, nyabrang ngidul iya angrebut baita.

96.   kang ingatag ariyon pating garendhul., kyai nur mungalam, tanggane kinen nyabrangi, ing pantese dheweke kang nglebonana.

97.   jer dheweke bongsa pasir sugih ngilmu, sarta sugih donga, tan wedi jeroning warih, wusanane amung ngatag atag liya.

98.   ingkang ngaprang balangan sanjata amung, tan wani anyabrang, mas kaliwon ing kidul kali, dangu dangu sangsaya was manahira.

99.   wasing manah denya karubuhan gunung, ewon wong kraman, ambedhil tanapi bandring, ting barengok swarane kraman sru umyang.

100.   genti kocap kyana patih lampahira, lan sawadya bala, pangulu jaksa myang mantri, dupi prapta papringan kapethuk mengsah.

101.   wantu jalma dhusun dereng wruh ing tanduk, pratingkah ngayuda, kesusu mung ambeg wani, sareng mulat ing mungsuh tan kongsi ngatag.

102.   kumaroyok keraman anunjang purun, semu kacakuthok, wadya banyumas nadhahi, drel sapisan kraman ngamuk lir kanaka.
PUPUH PANGKUR
(14)
1.     angrangsang prajurit arga, tinindhihan dening para patinggi, ki demang ing sunyalangu, lan demang darmaraja, banjaranyar karangkemiri ciberung, lamban miwah kedhung jurang, gumulung para patinggi.

2.     surak yayah arga gugrag, pra kampita karengeng widik widik, kuda dharat sareng amuk, wadya banyumas tadhah, kolontaka tan wuni sampun karebut, ing karaman ambeg lodra, rusuh tataning ngajurit.

3.     ki patih kopat kapitan, ki pangulu jaksa tanapi mantri, tan antuk papan ing pupuh, kapelag kacakuthok, wong banyumas akathah tatu myang lampus, sagung prabot pekauman, marebot ketib lan mudin.

4.     giris ambolos lumajar, wruh keraman pamuke kadi iblis, tinon jinajayeng pupuh, pamudya sang subrongta, damar wulan menak koncar sudibya nung, kadya jinantur ring kirtya, kraman tandange mawredi.

5.     kedek keles wong banyumas, mundur alon leres denya nadhahi, ki patih nander rumuwun, wangsul tumameng praja, sedya atur priksa ing raden tumenggung, prapteng praja sigra sigra, malbeng pandhapa pinanggih.

6.     tumenggung yudanagara, gugup aturira kiyana patih, pukulun tiwas ing pupuh, kasoran prang papringan, langkung kathah keraman tur teguh teguh, lagya jinajayeng yuda, aluwung dipun oncati.

7.     dyan tumenggung duk miyarsi, ing ngature mantri muka tyas wingwrin, prendandanan gupuh gupuh, rarepoting bethathar, gugup rungsung angruti sawontenipun, kuda tri wus kinambilan, siji kang dipun tumpaki.

8.     siji titihaning garwa, kang sajuga putrane kang numpaki, anulya budhal mangidul, parestri karepotan, mung prajurit magersari datang kantun, kawandasa lan sentana, nilap nilap gyan lumaris.

9.     menggok ngetan minggah arga, kuthetheran lampahe para setri, mas kaliwon wus angrungu, bupati sasor linggar, mundur sangking sirayu mring wisma mantuk, gugup dangdan nulya kentar, sarayat minggah ing wukir.

10.   wau kang taksih ayuda, lan keraman kilen sampun kalindhih, binujung mundur katawur, prapteng praja umiyat, sampun suwung lolos rahaden tumenggung, para priyayi sadaya, tan nganti mantuk mismeki.

11.   lajeng bubar sowang sowang, ingkang estri sampun ngili rumiyin, sareng lan raden tumenggung, neng buntu kendelira, pra priyayi lan wadya sami anusul, dyah tumenggung lajeng ngetan, mantri muka datan kari.

12.   kocapa wadya keraman, kabupaten banyumas den lebeti, nulya ngaler samya methuk, marang pramodanira, damar wulan menak koncar dereng ngidul, taksih kandheg ler narmada, perahu tandya rinakit.

13.   anabrang ngaler sedaya, raden damar wulan sarta kang rayi, samya anitih perahu, nabrang ngidul wus mentas, wadya bala elur anabrang sedarum, manggala dwi lumaksana, kabupatyan kang den broki.

14.   enjing siniwakeng bala, munggeng purwasana pramoda kalih, kinecacah wadya tatu, tanapi kang pralena, amung pitulikur prajurit kang tatu, kalih welas kang pralena, sukeng tyas pramoda kalih.

15.   kathah intuke jarahan, nur mungalam umuk swara keh jalmi, lah iki sanyatanipun, tan luput petheking wang, anetepi tunjung putih kang tumimbul, nistura pudhak kesangsang, laire Nrepati adil.

16.   prabu tusing waliyullah, herucakra niscayane yekti, juluk dwi saeka wujud, iya raden amisan, Nur mungalam kojahira mampul mampul, jalma keh yekti pracaya, mungalam carita neki.

17.   dyan damar wulan ngandika, bupatine lungane maring ngendi, Nur mungalam aris matur, kesah aselusupan, wus berundhul mongsa pulih tigang taun, benjing lamon mantun sayah, paduka ngetan lumaris.

18.   ungele parimbon kula, ing petangan sangking kilen wurwani, ngetan iladunenipun, nulya njog kartasura, urut marga sagung tiyang pesthi nungkul, tan susah pinukuling prang, pan sami nungkul pribadi.

19.   yen wonten kang sedya bangga, kinerah ing kelabang kalajengking, banaspati ilu ilu, thethekan lan janggitan, menthek memreng gadarwo tumut nyerbunuh, sanggya manjing wadya tuwan, jer tuwan narendra adil.

20.   ratune tyang kartasura, yekti apes nungkul mring tuwan benjjing Nur munglam obrolipun, tangane surawelan, kendel obrol nulya dikir manggut manggut, bakda dikir maca donga, donga ran jebunawawi.

21.   miwah donga tonjul ngaras, andrewili eram ingkang ningali, Nur mungalam pinteripun, mrecayani pakirtya, lamon methek gumlethek kenther gumathuk, pinathoken lapal loat, nglantrah murad ngirib irib.

22.   kang den irib jayabaya, jayabaya dhalang lakon seh bakir, rikalanira katemu, kalawan sang hyang semar, sang hyang togog pratisthaning tidar gunung, samya jorwa lalampahan, pasemoning tanah jawi.

23.   iku kang den udhal udhal, sinuwarakaken sakehing jalmi, wantu wong gunung tyas cubluk, gunging ngurugan sorah, pasthi anut jalma gunung kapiluyu, tan wruh sorah ting kurarah, ngarah adil salah budi.

24.   wau raden damar wulan, ondrawina ngungkar tyasing prajurit, saya keh jalma kang nungkul, tan nganti tinimbalan, sami seba sarta bekta atur atur, miwah busana ngayuda, samya kebintur pawarti.

25.   mring kojahe nur mungalam, nlusup saben desa dipun lebeti, umuke sru madhul madhul, eh kabeh sanaking wang, ajake nuli sebaa den gupuh, ing Narendra walliyullah, pan saiki uwis lair.

26.   lenggah neng nagri banyumas, tumenggunge wus ilang kenang sarik, jalaran wani amungsuh, lan ngarani keraman, lah mulane sedulur padha den emut, emut ujaring wirayat, yen ora eling bilahi.

27.   sumawana yen nampika, maring ratu kang sun emong puniki, kebuya buya awakmu, kinerah ing kelabang, kalajengking banaspati ilu ilu, praptaning jaman akherat, tinampik mring para Nabi.

28.   dadi dhedhasar neraka, jahanama balik yen sira sami, rumojong karsaning ratu, ratu lengkaning jagat, manggya arjaning dunya akherat tulus, iku prabu herucakra, gegentine nabi wali.

29.   iki kyai nur mungalam, pesthi uwis waspada maring gaib, ngelmu iladuni putus, tatas teteh tetela, lalakoning jagat awal akhir weruh, sangking tembayaning palak, palakiyahe mumpuni.

30.   kether jalma kang miyarsa, langkung ajrih gumigil gya gegeki, gumarumung kusung kusung, dhateng ki nur mungalam, saben wisma lininggihan jalma rubung, sarta ngaturi sugata, ing desa pageblag pitik.

31.   sangking tyas kumedah kedah, kaaturan ing sang narendra adil, Nur mungalam wuwusira, yen durung puruita, mring manira nora tinampan sireku, jer gusti durung precaya, wong desa gya sami wirid.

32.   dhateng kyai Nur mungalam, sarat ambeng rasul lan jago putih, rolas uwang tindhihipun, lawone kalih kebar, datan keni keni kang kinarya muruk, amung kalimah sahadat, mogok nora nana malih.

33.   ujare ki nur mungalam, nadyan uwis bisa sadat sireki, yen durung kaseksen mring sun, sayekti durung apsah, ratu adil pesthi datan kersa ngaku, kewula mring jasadira, lan ana sarate malih.

34.   tukuwa kendhil tembaga, maring aku rega satus wang pesthi, lah iku karyane prelu, yen aneng pembaratan, gawe ngliwet ngingoni wong pirang ngatus, pirang ngewu temtu cekap, bukti liwet mung sakendhil.

35.   ana malih mas  rut sarat, ali ali saka sigar penjalin, sapa kang nganggo tretamtu, kalis sakeh bebaya, telung puluh uwang siji reganipun, slakane nganggo pinuja, ijeh ana sarat malih.

36.   waja dawane secangkir, nora kandel malah kepara tipis, rong nyari ambane amung, gawene neng paprangan, kulit atos waja wesi pamor pupug, sarta kinajrihan mengsah, jimate wong mangun jurit.

37.   mendah linulu ywang suksma, nur mungalam saha kalira dadi, waja regane tan temtu, manut drajat kang tumbas, yen wong mlarat murah bae gone tuku, lamon wong sugih kang tumbas, kathah gonira ngregani.

38.   prabawane uga beda, manut rega sawastu datan gingsir, nur mungalam merah meruh, sugih padha sadhela, lan panganan tan kurang tumpuk matumpuk, kerep wangsul mring mismanya, pasir ngulihaken dhuwit.

39.   somah anak wijah wijah, pan pratela mungsuh reh ing dumadi, ing rina tanapi dalu, budi minongka rowang, karti ala miwah pakarti mandya yu, saking budi wedalira, anging yen den busanani.

40.   busanane lan riyalat, temen temen sayektine pinanggih, nur mungalam duk rumuhun, kerep ngesat negara, patigeni pitung dina pitung dalu, saben sasi sepisan, pati geni sapta ari.

41.   mung kepengin mukti boga, ngantak antak tyase tan lali lali, samargane pan katemu, adile ywang murbeng rat, wus mangkana winarna raden tumenggung, kang kesah sangking prajanya, lalu sangsara samargi.

42.   katuju wadya banyumas, ting kulicir nusul kabeh wus panggih, cinacah sanggya sapta tus, turangga miwah dharat, pan kejawi priyayi semanten wau, papatih pangulu jaksa, kaliwon mantri myang carik.

43.   para demang wonten uga, kang lumiring tuwin para ngabehi, kiniyai guru guru, lajeng lumampah ngetan, jog ing tanah roma pratistheng sidayu, patih kang lajeng dinuta, mring negari kartawani.

44.   tur uninga Sri Narendra, kalih atus wadya milya ki patih, dene rahaden tumenggung, neng sidayu sawadya, pacak baris kembul ngebei sidayu, sinigeg genti winarna, ing kutho winuwus malih.

45.   sayekti sareng ing lampah, nging caritanira kinarya genti, kenthol Surawijayeku, lagya mangoning driya, pan wus lami denira manggyaning dhusun, dereng tinekan sedyanya, suwitanireng Nrepati.
46.   tan antara ingkang garwa, bulusapta prapta tumameng ngarsi, sabdanira manis arum, kinolah apa karya, kasusahan wong arsa suwiteng ratu, mongsa kuranga paekan, ilangna kingkining galih.

0 komentar:

Posting Komentar

Sedang Membaca

free counters

Iklan Anda