Iklan Anda

Minggu, 07 Agustus 2011

MULABUKANE DESA POHKUMBANG, KEC. KARANGANYAR

Dek jaman biyen, ana ing sawijining alas ana padhepokan papan dununge pandhita tua kang sekti lan sugih kabisan, tindak-tanduke wicaksana lan sinuyud dening tiyang akathah. Pandhita mau kagungan cantrik utawa murid kinasih kang bagus rupane katelah nama TAKALAN. Takalan mujudake pamuda kang alus bebudene lan seneng tetulung marang wong kang mbutuhake. Ya awit saka bebudene lan tindak-tanduke kang luhur mau, andadekake Takalan minangka murid kinasih lan ditresnani dening gurune kayadene putrane dhewe.

Ana ing sawijining dina, pandhita sekti  mau mrentahake menyang Takalan supaya mudhun saka partapan, saprelu ngamalake sawernaning ngelmu kang wis ditampa dening Takalan sasuwene cumondhok ana ing papan iku. Sadurunge budhal, Takalan nampa wejangan saka gurune kang wicaksana supaya Takalan migunakake ngelmune kanggo tetulung tumrap wong-wong kang mbutuhake.

“Den elinga Takalan, apa kang wus kok tampa ana ing padhepokan kene, aja banjur kok gunakake kanggo tumindak deksiya marang sapadha-padha titah, nanging kogunakake kanggo tetulung tumrap wong kang mbutuhake”, mangkana pangandikane gurune kang pungkasan nalika nguntapake Takalan.

“Inggih ngestokake dhawuh, Bapa!”



----- #ana candhake.

2 komentar:

Unknown mengatakan...

Menarik iki aku asli Wong pohkumbang karanganyar kebumen, penasaran, lanjutan ceritane pripun mas

Unknown mengatakan...

Terus APA hubungane Karo makam paling tua,jeneng sing di makam yakue bpk dn ibu #mahesaradjasa nang desa pohkumbang ya mas..

Posting Komentar

Sedang Membaca

free counters

Iklan Anda