Iklan Anda

Jumat, 29 Juli 2011

BABAD KEBUMEN (1)

  •  Nyariyosaken mulabukanipun ingkang cikalbakal ing Kebumen.
  •  Babon kagunganipun Kangjeng Raden Harya Hadipati Danurejo ingkang kaping VI, Papatih Dalem ing Karaton Ngayogyakarta Hadiningrat Ingkang akiripun asma Kangjeng Pangeran Harya Cakraningrat.
  •  Cetakan Kapisan 1953.

Kacariyos ing Nagari Mataram, nalika ingkang jumeneng Nata Ingkang Sinuwun Kangjeng Susuhunan Prabu Mangkuat Agung, (Sinuwun sumare Tegalarum), Ingkang Sinuwun wau pangastaning pangadilan kirang adil, sarta boten pisan sarembag kaliyan Sang Nindyamantri tuwin para Nayaka,, ingkang tinanggenah anginger lampah jantraning praja. Boten kirang para Santana, abdi tuwin kawula Dalem ingkang sami nampi pidana ingkang boten satimbang kaliyan kalepatanipun.

Rekyana Patih tuwin para Nayaka, punapadene ingkang paman Kangjeng pangeran Bumidirja ingkang minangka paranpara, ugi sampun sami ngunjuki pamrayogi dateng Ingkang Sinuwun, ingkang wosipun Nagari badhe manggih reretu bilih kirang adil pangastaning kukum angger-anggering praja. Ananging Ingkang Sinuwun boten karsa manggalih sadaya pamrayogi ingkang sae wau. Ingkang paman Kangjeng Pangeran Bumidirja wola-wali nyaosi pamrayogi, Ingkang Sinuwun kalintu serep, lajeng tuwuh dudukanipun, ngantos kawiyos pangandika Dalem, ingkang nawung suraos anundung ingkang paman Kangjeng Pangeran Bumidirja. Sang Pangeran taksih saged nyabili nyabaraken panggalih, rumaos dados sepuh, ingkang kedah rumeksa kasugenganipun Sang Prabu, kaliyan nyarantosaken bokbilih ing tembe wuri Ingkang Sinuwun enget ing panggalih, bilih jenenging Ratu punika wawakilipun ingkang Maha Kuwasa, ingkang kedah ngayomi kawilujenganing kawula sadaya.

 Ananging Ingkang Sinuwun Kangjeng Susuhunan, lestantun boten ngengeti ingkang makaten wau. Malah-malah Pangeran Pekik, ingkang margi saking saking kapeksa nindakaken kuwajiban murih karahayoning samudayanipun, sanadyan panindak makaten wau sakalangkung sae lan mikantuki, hewadene boten andadosaken keparenging karsa Dalem Ingkang Sinuwun, temahan Pangeran Pekik katetepaken dosa ing Panjenengan Ratu, kapatrapan ukum kisas kaketok utamangganipun. Ing mangka Pangeran Pekik wau ageng sanget lalabetanipun, anggenipun ngrebat wangsul tanah Surabaya, sarta amikut Sunan Giri, margi anggenipun ambalela ing Mataram.

Kangjeng Pangeran Bumidirja murinani sanget sedanipun Pangeran Pekik, sirna kasabaraning nggalih, punapadene boten kikilapan bilih Nagari Mataram badhe kadhatengan bebendu. Pupuntoning nggalih Kangjeng Pangeran Bumidirja sumedya lolos saking praja, sarta nglugas raga nilar kaluhuran, kawibawan tuwin kamulyanipun.

Tindakipun Sang Pangeran sakaliyan garwa, kadherekaken abdi titiga ingkang kinasih. Gancaring cariyos tindakipun wau sampun dumugi tanah Panjer ing secelakipun Lepen Lukula. Ing ngriku pasitenipun sae lan waradin, toyanipun tumumpang, nanging taksih wujud wana tarataban.

Wana tarataban sacelaking lepan Lukula wau lajeng kabukak kadadosaken pasabinan lan pategilan, sarta pakawisan ingkang badhe dipun degi padaleman. Pambukaking mbaka sakedhik, margi ing ngriku dereng dipun dunungi tiyang, dados namung katandangan dening Kangjeng Pangeran piyambak kaliyan abdinipun titiga bektan saking Mataram.

Kangjeng Pangeran Bumidirja lajeng dedepok wonten ing ngriku, sarta karsa mbucal asma lan sesebutanipun, lajeng gantos nama Kyai Bumi, prelunipun saged nyekecakaken pasrawunganipun kaliyan titiyang padhusunan ing sakiwa tengenipun ngriku. Punapadene sampun ngantos sisingidanipun wau katupiksan saking Nagari Mataram. Mila Kyai Bumi nglugas sarira gesang miturut satataning tiyang padhusunan. Yen siyang mbukak wana yen ndalu ngagengaken pujabratanipun, tansah samadi ening nunuwun ing Pangeran karahayoning lalampahan.

Dumadakan kathah titiyang saking dhusun sanes sami dhateng mriku sumedya ndherek babad, sasat namung wuwulanan kemawon ing ngriku sampun dados padhusunan. Sarehning ingkang cikal bakal ing ngriku nama Kyai Bumi, mila ing ngriku lajeng kanamakaken dhusun Kabumen, lami lami nama Kabumen mingsed mungel Kebumen.

Dhusun Kebumen tutrukanipun Kyai Bumi wau ujuripun mangidul urut sapinggiring lepen Lukula, udakawis sampun wonten 3 pal, dene alangipun mangetan udakawis wonten ½ pal.



Kyai Bumi dados sesepuhipun ing dhusun ngriku, sanget sinuyudan titiyang kathah, ngantos kawentar ing dusun-ngadhusun, temah kathah tiyang saking sanes dhusun pindah mriku sami ndherek babad malih sesenengipun, mila ing dhusun Kebumen lajeng dados dhusun ingkang sakalangkung reja.

Titiyang dhatengan wau wonten wowolu ingkang kalebet punjul ing damel lan sugih reka, mila lajeng kinanthi dhateng Kyai Bumi, kinen tumut njagi tata tentreming padhusunan sampun ngantos kikirangan sandhang tedha, mila sadaya rembag, Kyai Bumi boten nilar tiyang wowolu wau. Kyai Bumi sanget anggenipun rumeksa dhusunipun, mila titiyangipun sami seneng-seneng ayem tentrem boten kikirangan sandhang tedha.

Kocapa lolosipun Kangjeng Pangeran Bumidirja, ndadosaken rudatosing Ngarsa Dalem Kangjeng Susuhunan, sarta Ingkang Sinuwun ngrumaosi kalentunipun. Ingkang Sinuwun lajeng utusan abdi Dalem gandhek kakalih, ndikakaken madosi sarta amboyong kondur ingkang paman Kangjeng Pangeran Bumidirja. Dhawuh timbalan Dalem, gandhek boten kapareng mantuk, yen boten sareng-sareng kaliyan Kangjeng Pangeran wau.

Gancaring cariyos utusan nDalem gandhek sampun pinanggih kaliyan Kangjeng Pangeran Bumidirja, ingkang ing wektu punika pinuju saweg ngalempakaken tiyang sadhusun, perlu ngrembag kabetahaning dhusun ingkang badhe katindakaken murih prayoginipun.

Sadhatengipun gandhek kakalih wau, boten saranta sami sasarengan anungkemi sampeyanipun Kangjeng Pangeran kaliyan atawang tangis, sanget kararantaning manah, margi boten nyana pisan-pisan, dene gustinipun kados makaten kawontenanipun, tega nilar kamukten lan kawibawan, narimah gesang sacaraning tiyang alit. 

Sasampunipun sawatawis aso, gandhek munjuk ing Kangjeng Pangeran, punapa sadhawuh timbalan nDalem Ingkang Sinuwun kados kasebut ing nginggil. Awit sapengkeripun gusti kula angles tilar praja, Nagari Mataram sakalangkung ruwed, paprentahaning praja prasasat sampun boten wonten. Bilih gusti kula boten tumunten kondur, temtu Nagari Mataram badhe kadhatengan babaya ageng.

Kangjeng Pangeran Bumidirja (Kyai Bumi) boten maringi wangsulan pangandika punapa-punapa dhateng abdi Dalem gandhek. Nanging lajeng ngandika paring dhawuh dhateng titiyang kathah ingkang sami ngalempak wonten ing ngriku, pangandikanipun : “sadulur-sadulurku kabeh bae ing kene, andadekna ing kawruhanamu kabeh, aku iki sajatine kang ran Kangjeng Pangeran Bumidirja, iya Bapa pamane Ingkang Sinuwun Kangjeng Susuhunan ing Mataram. Pancene aku wis krasan banget manggon ing desa kene babarengan karo kowe kabeh, saking senenging atiku, aku nganti mbuwang kaluhuran, kawibawan lan kamukten kamulyaning uripku ana ing Nagara Mataram, aku dadi Pangeran gedhe, kalenggahanku sawah 300 karya (300 jung). Kamulyan samono gedhene dak buwang, aku pinilaur urip sacaraning wong cilik babarengan karo kowe kabeh. Ing sarehning Nagara Mataram ing saiki lagi nemu pakewuh, aku ditimbali Sang Prabu, kowe kabeh wis padha krungu dhewe saka ature gandhek loro iki, mula aku kapeksa ninggal kowe kabeh, telung dina maneh aku bakal kondur marang Mataram. Lestarekna anggonmu padha dudunung ing desa kene karo senenging atimu lan rukuna karo kancamu kabeh. Ing mburi yen Nagara Mataram wus tentrem, aku nuli bali mrene maneh.

Kajaba iku kanggo anjaga tata tentrem lan murih mundak-mundhak rejane, samono iku yen kowe kabeh padha sarujuk, sarehning padhukuhan ing Kebumen iki kawilang gedhe, wong wolu kang wus dak kanthi njaga bot-repote ing desa kene, iku kang dak pitaya lestarine dadi tuwa-tuwa minangka dadi susulihku angemong kowe kabeh. Dene kang dak pitaya tunggu manggon ana ing omah patilasanku iki yaiku, si Dipareja, dene Wirareja, Basek, Trama, Tamana, Banar, Mangu lan Ketug, tetepa padha manggon ing umahe dhewe-dhewe lan padha tutuwa, nanging kabeh mau anggone padha nindakake pagaweyan ora kena ninggal Dipareja, dadi saka tutuwa wowolu mau Dipareja kang dadi tuwa dhewe. Dene pambagine pagaweyan becik padha dirembug saprayogane.

Titiyang sadhusun Kebumen sareng mirieg pangandikanipun Sang Pangeran, sami ajrih lan sanget pangungunipun, kasembuh kararantaning manah, margi boten nginten pisan-pisan yen Kyai Bumi wau gustinipun piyambak. Wasana kasusul ing raos kaprihatosan, margi titiyang wau rumaos boten saged tinilar jalaran sampun kasok sih lan sumungkemipun.

Sasampunipun rampung dhawuh-pangandikanipun Sang Pangeran lan sampun dipun saruiuki titiyang kathah, lajeng sami bibaran mantuk dhateng griyanipun piyambak-piyambak kanthi nawung kaprihatosan ingkang tanpa pipindhan.

Sabibaripun titiyang kathah, Kangjeng Pangeran Bumidirja paring dhawuh pangandika dhateng abdi Dalem gandhek kakalih, bilih Kangjeng Pangeran boten badhe kondur dhateng Nagari Mataram. Sarehning panamuripun Sang Pangeran sampun kasumerepan ing tiyang kathah, margi saking sowanipun gandhek kakalih, mila Kangjeng Pangeran sumedya linggar saking padhepokan ing Kebumen, pindhah ngaupados papan malih ingkang mencil, nanging waradin lan sae pasitenipun saemper pasiten ing Kebumen. Dene anggenipun sengadi yen badhe kondur dhateng Mataram, supados titiyang ing Kebumen puruna katilar. Sarehning lampahipun gandhek kakalih boten angsal damel, ajrih umantuka dhateng Mataram, margi mboten wande badhe nampi pidana kisas, mila gandhek kakalih sumedya ndherek Kangjeng Pangeran, ing sapurug-purug boten badhe kantun.

Salebetipun kalih dinten saderengipun Kangjeng Pangeran badhe nilar padhepokan Kebumen, rinten ndalu titiyang sami tuguran wonten ing dalemipun Kangjeng Pangeran gegentosan.


Ing dinten katiganipun, inggih dinten linggaripun Kangjeng Pangeran, titiyang sadhusun Kebumen ageng alit nem sepuh sami tumplek bleg sowan Kangjeng Pangeran, dalasan tiyang saking sanes dhusun ingkang mireng inggih sami sowan, kumedah-kedahipun badhe nyumerepi, margi badhe tiniliar.


Ing wanci jam 8 enjing sasampunipun samekta, Kangjeng Pangeran sakaliyan garwa nilar padalemanipun ing Kebumen. Tindakipun mangetan leres sarwi lon-lonan, ginarubyug titiyang ewon kathahipun, hewadene tanpa wonten sabawanipun, labet titiyang ingkang sami uimiring wau sami trenyuh anawung sungkawa, temah kathah ingkang sami carocosan angedalaken luhipun, margi saking sampun tumanem sih sumungkemipun dhateng Kangjeng Pangeran Bumidirja inggih Kyai Bumi.


Sareng tindakipun Kangjeng Pangeran dumugi ing dhusun Selang, lampahan udakawis 1 pal tebihipun, Sang Pangeran paring dhawuh pangandika dhateng titiyang kathah, bilih sanget panarimanipun, lan mundhut pangapunten klinta-klintuninpun sadangunipun minisepuhi wonten ing dhusun Kebumen. Sarehning sampun kapara tebih, titiyang supados sami wangsula mantuk dhateng griyanipun piyambak-piyambak. Sasampunipun Sang Pangeran maringaken kawilujengan, lajeng anglajengaken tindakipun, kadherekaken abdi titiga bektan saking Mataram tuwin gandhek kakalih.


Mireng dhawuh pangandikanipun Sang Pangeran, titiyang ingkang sami ndherek wau sami kamitenggengen boten saged ngucap, lan titiyang wau taksih sami kendel wonten ing ngriku, dereng purun mantuk, anamung sami ngawasaken kemawon dhateng tindakipun Sang Pangeran. Sareng sampun boten katingal, titiyang saweg sami purun mantuk dhateng griyanipun piyambak-piyambak, kaliyan kararantaning manah. Sang Pangeran laju tindakipun.

Sareng sampun sawatawis dinten saking linggaripun Kangjeng Pangeran Bumidirja inggih Kyai Bumi, ngestokaken dhawuhipun. Kangjeng Pangeran, saking sarujukipun titiyang kathah, sarehning tutrukan ing Kebumen wau dhusun ageng lajeng kaperang kadadosaken 8 dhusun. Naminipun dhusun miturut naminipun ingkang dados sesepuh, inggih punika dhusun ingkang dipun sepuhi Dipareja tetep nama dhusun Kebumen. Ingkang dipun sepuhi wirayuda, nama dhusun Kawirayudan. Ingkang dipun sepuhi Basek, nama dhusun Kebasekan. Ingkang dipun sepuhi Trama, nama Ketraman. Ingkang dipun sepuhi Tamana, nama dhusun Ketamanan. Ingkang dipun sepuhi Banar, nama dhusun Kebanaran. Ingkang dipun sepuhi Mangu, nama dhusun Kemangunan. Ingkang dipun sepuhi Ketug, nama dhusun Ketugon. Nanging sadaya wau sami anglurah dhateng Dipareja ing Kebumen. Saking anggenipun anglurahi pinisepuh 7 dhusun wau, Dipareja lajeng katelah nama Glondhong, punika saking cekakan tembung glondhong pengareng-areng, tegesipun bulubekti saking kareh-rehanipun. Dene sesepuhipun ingkang 7 wau lajeng karan lurah. Namanipun dhusun-dhusun wau taksih lestantun dumugi samangke.

Amangsuli tindakipun Kangjeng Pangeran Bumidirja, inggih Kyai Bumi, sareng dumugi ing dhusun Lerep, lajeng ngasokaken sarira, lerep sadalu. Enjingipun anglajengaken tindakipun, temah saged manggih padunungan ingkang pasitenipun sae kadosdene pasiten tutrukan ing Kebumen. Kyai Bumi lajeng dudunung wonten ing ngriku, inggih ing dhusun Karang, gandhek kakalih boten kantun.

Kacariyos Ingkang Sinuwun ing Mataram ndangu dhateng Papatih Dalem, dene utusan abdi gandhek kakalih sampun lami dereng sami dhateng. Rekyana Patih munjuk, saking aturipun cundaka bilih paman Dalem Kangjeng Pangeran Bumidirja, katimbalan kondur boten karsa, sampun kraos sugeng anglugas raga sacaraning titiyang tani. Abdi Dalem gandhek kakalih katrem ndherek Kangjeng Pangeran, margi ajrih yen umantuka.

Ingkang Sinuwun nunten utusan malih utusan abdi kinasih kakalih, nama Udakara lan Surakarti. Nanging Kangjeng Pangeran Bumidirja inggih meksa mogok boten karsa kondur. Udakara tuwin Surakarti ugi lajeng boten wangsul dhateng Mataram malih, amargi inggih saking ajrih, lajeng katrem sami ndherek Kangjeng Pangeran wonten ing dhusun Karang. Kangjeng Pangeran Bumidirja lestantun asma Kyai Bumi, sarta tetep dadalem ing dhusun ngriku, makaten ugi gandhek kakalih tuwin Udakara lan Surakarti, ugi lestantun ndherek nunggil sadhusun, boten saged pisah kaliyan Kyai Bumi.

 Kala samanten Kyai Bumi sampun apuputra 4, pambajeng nama Kyai Gusti, panenggak Kyai Bagus, pandada Nyai Ageng, warujunipun Kyai Bekel. Sasedanipun Kyai Bumi, ingkang gumantos dados sesepuh ing dhusun ngriku putra ingkang waruju, inggih punika Kyai Bekel. Sasedanipun Kyai Bekel, ingkang gumantos dados sesepuh, putranipun ingkang nama Kyai Ragil. Dene putranipun Kyai Ragil nama Ki Honggayuda, punika dados Demang wonten ing dhusun Kutawinangun.

 Mangsuli cariyos ing nginggil, putranipun Kyai Bumi (Pangeran Bumidirja), ingkang nama Nyai Ageng punika semah angsal Demang Wawar, puputra Ki Warganaya, ugi dados Demang anggentosi sepuhipun. Ki Warganaya putranipun ingkang estri kakalih, ingkang sepuh dados semahipun Ki Honggayuda Demang Kutawinangun, punika pinanggih sadherek misan. Ingkang nem kapundhut ampeyan (klangenan) Kangjeng Pangeran Puger, menggah sajatosipun ingkang kapundut ampeyan wau taksih putra kepenakan misan. Dene mula bukanipun makaten :

 Salolosipun Kangjeng Pangeran Bumidirja, Nagari Mataram saya gonjing, lami-lami lajeng wonnten kraman Trunajayan. Ingkang Sinuwun Hamangkurat Agung linggar saking praja, kadherekaken putra Dalem Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Anom, tuwin Kangjeng Pangeran Puger. Sareng tindakipun Ingkang Sinuwun dumugi ing Banyumas, Sang Prabu kacandhak gerah santer, dumugi ing sedanipun, kasarekaken wonten ing astana Tegalarum (Tegal). 

Sasampunipun Ingkang Sinuwun sumare, Pangeran Puger kondur dhateng Mataram sumedya ananggulangi kraman Trunajayan. Sareng konduripun dumugi ing Wawar, Kangjeng Pangeran Puger lereh, lerem angasokaken sarira wonten ing griyanipun Ki Demang Warganaya. Sareng Kangjeng Pangeran Puger priksa anakipun estri Ki Demang, ndandak sakala kataman turidasmara, lajeng anakipun Ki Demang wau kapundut ampeyan, ugi kacaosken, medali putra satunggal miyos kakung, nama Jaka Sangkrip. Jaka Sangkrip kapendhet anak dhateng Ki Honggayuda Demang ing Kutawinangun, margi Nyai Honggayuda wau kaleres sadherekipun sepuh ibunipun Jaka Sangkrip. Dados Jaka Sangkrib wau kapendhet anak uwakipun.

Kacariyos Ki Honggayuda Demang Kutawinangun, anakipun 6, dados sadaya wonten 7 kaliyan anak pekpekan pun Jaka Sangkrip wau. Jaka Sangkrip wayahipun jajaka tanggel, sanget kawelarsa margi nandang sakit katrapen waradin ing badan sakojur, boten wonten ingkang kadugi nyelak, margi saking gandanipun bacin balorongan. Patilemanipun saenggen-enggen, ing ngandhap pisang, kandhang, tritisan boten wonten ingkang ngopeni, para sadherek anakipun Ki Demang Honggayuda boten wonten ingkang sapa aruh.

Jaka Sangkrip sanget ing panalangsanipun, pupuntoning manah badhe kesah dhateng salebeting wana pados margining pejah, margi merang dhateng sanak sadherekipun anggenipun sami boten purun ngaken. Lampahipun Jaka Sangkrip sampun dumugi wana secelaking redi Geyong, kalebet ing tanah Panjer. Wonten ing wana ngriku sampun angsal 21 dinten. Jaka Sangkrip boten neda lan boten  ngombe. Jaka Sangkrip lajeng kadhatengan tiyang jaler sampun sepuh, amaringi susupe kapasangaken wonten ing darijinipun panuduh ing tangan tengen, kaliyan paring dhawuh supados tapa wonten salebeting wetenging maesa, sasampunipun mitungkas makaten, tiyang jaler wau lajeng boten katingal malih.

Jaka Sangkrip langkung kewran ing manah, amargi boten pinanggih ing nalar ingatasing tiyang saged lumebet ing wetenging maesa, nanging badhe maiben ajrih. Amila lajeng medal saking wana, lumampah dhateng padhusunan, badhe ngyektosaken kados pundi kadadosaning lalampahan. Sareng lampahipun dumugi sangajengipun griyanipun  Ki Rejatani, mak-greg kados wonten ingkang ngengetaken, mila lampahipun Jaka Sangkrip lajeng kendel wonten ing ngriku. Ki Rejatani wau sabobotipun tiyang dhusun kawical kacekapan, maesanipun wonten 2 rakit, sabinipun 4 bau. Ki Jaka Sangkrip ingkang kendel delog-delog wonten ngriku sumerep wonten kandhang ingkang ing nglebet wonten maesanipun 4, lajeng enget wewelingipun tiyang jaler wau, temah delog-delog amangu-mangu, ing batos mokal temen wewelingipun tiyang jaler wau, gek sarana lampah kadospundi sagedipun kaleksanan tapa wonten salebeting  wetenging maesa. Saweg dumugi samanten gagasanipun, tiyang jaler ingkang mitungkas Jaka Sangkrip, lajeng dhateng jleg tanpa sangkan, lajeng ambopong Jaka Sangkrip, saking rumaosipun Jaka Sangkrip, awakipun kalumahaken wonten gegering maesa. Sareng tiyang jaler  ingkang mbopong sarta nglumahaken wau boten katingal, Jaka Sangkrip mangretos bilih awakipun sampun wonten ing lebet wetenging maesa. Jaka Sangkrip sakalangkung ngungun, dene wonten kaelokan makaten punika. Punapadene sasampunipun wonten ing lebeting weteng maesa, Jaka Sangkrip boten kraos luwe tuwin ngelak, manahipun ayem tentrem, awakipun boten kraos sakit, sanadyan awakipun taksih kebak mamala.

Ki Rejatani ingkang gadhah maesa wau, ing satunggaling ndalu mrimpeni, bilih pasiten ing sangandhaping wit lo ing saler kilening griya sarta celak pategilan, punika karesikana, makaten ugi sakiwa tengenipun ngriku. Sasampunipun siti ing sangandhaping wit lo wau kakeduk. Punapadene kandhangipun maesa kapindhaha wonten ing kidul wetaning griya. Yen dipun lampahi ing wingking badhe manggih kabegjan.

Satanginipun saking tilem, Ki Rejatani anggagas anggenipun mrimpeni dipun panggihi tiyang sepuh jaler, sarta aken mindhah kandhangipun maesa lan andhudhuk siti sangandhaping wit lo, ugi badhe tumunten dipun tandhangi. Nunten ngundang anakipun jaler, supados nedha sambatan dhateng tangga tepalih ing ngriku perlu mindhah kandhang maesa. Boten watawis dangu wonten tiyang 7 dhateng, sasampunipun dipun sukani sumerep pamindhahipun lajeng dipun tandangi. Dene Ki Rejatani kaliyan anakipun jaler kakalih sami ngresiki pasiten sangandhaping wit lo lan sakiwa tengenipun. Sasampunipun resik, pasiten sangandhaping wit lo wau kadhudhuk. Sareng pandhudhukipun sadhengkul lebetipun. Kawistara wonten pambludaging toya, sarta sitinipun ambles, siti ingkang ambles boten kalajengaken pandhudhukipun, lajeng milihi ndhudhuk siti ingkang taksih atos, dene yen sampun katingal mbludag toyanipun lan sitinipun ambles, lajeng ndhudhuk siti ingkang taksih atos, makaten salajengipun. Cekaking cariyos saweg sadhengkul lebeting pandhudhukipun siti, wasana papan wau lajeng dados belik utawi sendhang, wiyaripun udakawis wonten 3M3, toyanipun sakalangkung wening. 

Ing ndalunipun KI Rejatani ugi dipun primpeni malih, bilih maesa ingkang bule ulesipun, punika kabeleha kangge wilujengan dhusun, sarta sendhang wau ing saben dinten malem Jumuwah utawi anggara-kasih dipun sajenana sekar boreh lan kukutuga ambesmi dupa. Makaten ugi tiyang boten kenging adus utawi ngungumbah wonten ing ngriku. Dene tiyang ingkang kenging adus wonten ing ngriku, namung tiyang satunggal ingkang nama Jaka Sangkrip.

Rejatani angestokaken kalayan eklasing manah maesanipun ingkang bule kapragad kangge wilujengan dhusun. Sareng pamragadipun badhe ambedhah weteng perlu mendheti jerowan, lajeng kapireng suwantening tiyang wonten salebeting weteng maesa ingkang badhe kapendhet jerowanipun wau. Tiyang punika nyuwanten supados ngatos-atos anggenipun ambedhel weteng, amargi ing salebeting weteng ngriku isi tiyang.

Mireng suwanten makaten punika, tiyang ingkang mragad maesa wau lajeng nyukani sumerep dhateng Ki Rejatani, Rejatani sanget gumun enggal-enggal murugi, sarta lajeng pitaken dhateng ingkang nyuwanten, menggah nama tuwin kawijilanipun, punapadene mulabukanipun, dene wonten lalampahan ingkang sanget aeng utawi elok punika. Ingkang dipun pitakeni mangsuli, sarta mrasajakaken namanipun, yen piyambakipun nama Jaka Sangkrip, anggenipun wonten salebeting wetengipun maesa ingkang kapragad wau, amargi ngupados, pejah, jalaran gadhah sasakit badanipun sakojur boyehen boten mantun-mantun. Sanadyan piyambakipun sampun lumebet ing wetenging maesa meksa dereng saged pejah, mangka linampahan boten nedha lan ngombe.

Rejatani miring wangsulan makaten enget wewelingipun tiyang jaler wonten salebeting pasupenan, temah anggenipun ambedhah wetenging maesa katandangan Ki Rejatani piyambak kalayan sanget angatos-atos. Sareng sampun kabedhah, sanyata wonten tiyangipun, lajeng kabopong kabekta dhateng sendhang sangandhaping wit lo, lajeng kaedusan toya sendhang. Ki Rejatani boten wigih-wigih anggenipun ngosoki badan sakojur, rereged tuwin nanahipun ical, sasakitipun katrap anggegregi sami sakala, ing sapunika sampun sirna mamalanipun, badanipun sakojur alus boten wonten tabeting belang sakedhik-kedhika. Wiwit kesahipun Jaka Sangkrip dumugining dinten punika, kapetang sampun 45 dinten lampahipun boten nedha boten ngombe, mila badanipun tanpa kikiyatan.

Jaka Sangkrip lajeng kabopong kabekta lumebet ing griya dening Ki Rejatani, lajeng katilemaken ing salu wonten ing griya ngajeng. Kangge mulihaken kikiyataning badan sarehning sampun pinten-pinten dinten boten kalebetan punapa-punapa, lajeng dipun lebeti tigan mentah, sarta kasusul ngombe tajin. Jaka Sangkrip sampun radi kuwawi badanipun, sampun saged linggih. Sareng sampun kalebetan sekul, kikiyatanipun pulih kados nalika saderengipun sakit, andadosaken bingahing manahipun Jaka sangkrip ingkang tanpa pipindhan.

Jaka Sangkrip wonten ing griyanipun Rejatani angsal pendak dinten laminipun, badanipun sampun kiyat, lajeng nedha pamit dhateng Ki Rejatani badhe mantuk, kanthi suka panarimah anggenipun Ki Rejatani sampun anambak gesang, Jaka Sangkrip rumaos boten saged males punapa-punapa, namung Pangeran piyambak ingkang badhe anggganjar dhateng Ki Rejatani, ingkang ambeg darma saha welasasih ing sasami ingkang saweg manggih pakewed. Jaka Sangkrip mrayogakaken, sendhang ingkang toyanipun kangge ngedusi Jaka Sangkrib, manawi Rejatani sarujuk, dipun namanana Belik Kawarasan, kapendhet saking sasampunipun Jaka Sangkrib dipun dusi toya saking sendhang ngriku, ndadak sakala sasakitipun waluya jati. Ki Rejatani nayogyani, badhe kaestokaken, saha suka wilujeng salampahipun Jaka Sangkrip, sarta apiweling sampun ngantos lami-lami tutuwia malih margi sampun dados anak, sampun ngantos ewed-pekewed. Rejatani suka wilujeng sarta nguntapaken lampahipun ngantos sawatawis tebih, sampun pepengkeran lampahipun.  

Sampun dados kalimrahan, saking wiraosipun bakul sinambi wara, karna binandhung, lidhah sinambung, undhaking titipan, sakedhap kemawon sampun kapireng dhateng titiyang ing dhusun-ngadhusun, sanadyan ingkang tebih-tebih, sarta ugi lajeng kapireng ing salebeting Nagari, bilih pakawisanipun Ki Rejatani wonten sendangipun tiban, toyanipun sakalangkung wening, namanipun Belik Kawarasan. Milanipun dipun wastani makaten amargi sadaya sasakit punapa kemawon, bilih ingkang sakit wau dipun dusi utawi ombeni toyanipun sendhang wau, sasakitipun saged waluya saras sanalika.

Wiwit punika ing griyanipun Ki Rejatani boten kendhat kadhatengan titiyang saking pundi-pundi prelu jajampi, ndadosaken suwuring namanipun Ki Rejatani, lajeng anambahi ing kacekapanipun. Sebab titiyang ingkang sami mriku temtu ambekta angsal-angsal rupi-rupi utawi awujud arta. Punapadene ingkang sampun nate jajampi mriku, sarehning sampun saras sasakitipun, saking bingah-bingahipun wonten ingkang lajeng kaul utawi nadar sarana wilujengan wonten ing griyanipun Ki Rejatani. Mila griyanipun Ki Rejatani lajeng kaagengaken, sarta katambahan pandhapi wujud griya wangun joglo, kacekapa kangge nampeni ingkang tamu, margi ingkang griyanipun tebih, salong wonten ingkang sami nyipeng. Punapadene Belik Kawarasan lajeng kapager banon mawi konten, yen ndalu dipun kunci, margi kuwatos bilih belik wau lajeng kangge adus utawi ngumbahi pangangge dhateng tiyang ingkang boten sumerep. Ki Rejatani namung tumindak pangatos-atos, miturut piwelingipun tiyang jaler sepuh salebeting pasumpenan, bilih Ki Rejatani kawaleran, sendhang wau boten enging pisan-pisan kangge ngumbahi utawi adus, kajaba namung kangge ngedusi Jaka Sangkrip piyambak kados ingkang kasebut ing nginggil. Yen kalampahan tinerak wonten ingkang adus utawi kukumbah wonten ing sendhang ngriku, toyanipun lajeng tawar boten kenging kangge njampeni tiyang sakit. Saking namaning Belik Kawarasan, dangu-dangu tembung Kawarasan wau lajeng mingsed dados namaning dhusun ingkang dipun griyani Ki Rejatani, sabab Ki Rejatani ing wingkingipun lajeng dipun dadoskaken Lurah wonten dhusun ngriku, dados sadaya padunung reh-rehanipun Ki Rejatani wau lajeng nama dhusun Kawarasan. (Nama Kawarasan ngantos sapriki taksih lestantun dados namaning dhusun ing ngriku, makaten ugi belikipun inggih taksih wonten, namung kemawon sampun boten karimat, toyanipun sampun ngabar boten kenging kangge jampi, margi ing papan ngriku utawi toyanipun lajeng dipun angge sapurun-purun dhateng tiyang kathah. Hewadene salong wonten tiyang satunggal kalih ingkang sakit, mrelokaken dhateng mriku, prelu jajampi sarana adus utawi ngombe toyaning belik)

Mangsuli lalampahanipun Jaka Sangkrip, upami wangsul dhateng Kutawinangun, rumaos rikuh sanget, margi sadherekipun sami boten sapa aruh, kekencenganing manah badhe lalana tambuh paraning sedya, namung nuruti salampahing suku. Wiwit kesah nilar saking griyaning tiyang sepuhipun, lajeng lumebet ing wana ngantos lumebetipun wonten ing wetenging maesa margi kapragad, ingga dipun edusi ing sendhang, kapetang sampun wonten 45 dinten laminipun, punika sampun manjing dados tapa-bratanipun, mila sampun wiwit katingal kramatipun. Sareng lampahipun Jaka Sangkrip nglangkungi tiyang badhe damel griya, ingkang saweg kawiwitan babaturaipun, ing ngriku Jaka Sangkrip ka’ampiraken, ugi dipun turuti. Tiyang ingkang gadhah griya tuwuh raosipun nedha pitaken, bab pepetanganipun wiwiting angadekaken griya lan sapanunggalanipun ingkang pinanggih prayogi. Ing ngriku Jaka Sangkrip ndilalah kaparingan wewengan papadhang saged mangsuli pitakenan-pitakenan wau, mangka ing suwaunipun, ngertos yen ngertosa, saweg mireng kemawon dereng. Jaka Sangkrip anglegani ngantos sawatawis dangu wonten ngriku. Sasampunipun cekap Jaka Sangkrip pamitan badhe nglajengaken lampah, kanthi suka sumerep yen dhusun ngriku kasukanana nama Kebaturan, punika murih tiyang sadhusun riku manggih wilujeng lan karejeken, sadaya tatanemanipun saged kamedalan. Tiyang ingkang gadhah griya wau nginggihi sarta badhe suka sumerep kaliyan Lurahipun ing dhusun ngriku.

Jaka Sangkrip nglajengaken lampahipun, sareng dumugi papan ingkang kathah kambanganipun, ingkang saweg dipun engen, lajeng cariyos dhateng tiyang sacelakipun ngriku, bilih dhusun wau kanamakaken Kabebekan, supados kasanjangaken dhateng Lurah ing dhusun ngriku, yen tinurut badhe manggih kawilujengan lan reja dhusunipun. Mrangguli malih papan ingkang kathah mendanipun, lajeng kasukan nama Kawedhusan. Boten tebih ngriku, lajeng saged sasarengan kaliyan tiyang ingkang lumampah, sajakipun kasesa-sesa, lajeng dipun takeni, tiyang ingkang dipun pitakeni amangsuli bilih piyambakipun dhukun badhe mitulungi tiyang sakit mentas gadhah lare kembar. Mireng wangsulan makaten wau, Jaka sangkrip lajeng mendhet ron dhadhap ing pager sapinggiring margi ingkang dipun langkungi, ron dhadhap wau kapusus, toyanipun kangge medhaki wetengipun ingkang sakit, Insa Allah saged mantun sakitipun. Jaka Sangkrip meling, dhusun ngriku kasanantunana nama dhusun Kembaran, lan bayi wau kanamakna Dhadhap lan Waru, ing tembe manggih kreta dhusunipun, lan lare wau manggih wilujeng sugih rejeki. Punapa sapakenipun Jaka Sangkrip dipun tindakaken dening dhukun, sareng ingkang sakit dipun wedhaki pususan ron dhadhap,sakala mantun. Dhukun eram, nginten bilih tiyang wau Wali pinuju langkung, mila punapa sawontening lalampahan ingkang mentas katindakaken sarta piwelingipun Jaka Sangkrip dipun pajaraken dhateng Lurahipun ing ngriku. Jaka Sangkrip lajeng lampahipun mangilen nyabrang lepen Lukula. Boten tebih saking sabrangan ngriku, Jaka Sangkrip sumerep tiyang saweg ngrimat sawungipun ules wiring jene, jengger telon, Jaka Sangkrip nyelaki sarwi maspadakaken, kawistara sawung wau sae sanget katurangganipun. Temah mituturi dhateng tiyang ingkang gadhah sawung wau bilih sawungipun punika sae katurangganipun saged angrejekeni. Dene wateking dhusun  ngriku,murih kertanipun, dhusun wau kasantunan nama Pajagoan. Ingkang gadhah sawung sanget bingah dene angsal paseksen bilih sawungipun pancen sae katurangganipn. Dene anggenipun dhusun ngriku supados kapindhah nama, ugi badhe dipun sanjangaken dhateng Lurahipun. Jaka Sangkrip terus mangidul lampahipun, dumadakan mireng tiyan estri paben saklangkung sora, lajeng sami uleng, kasapih tatangganipun, ingkang paben lajeng kendel. Tiyang ingkang nyapih wau lajeng dipun pitakeni dhateng Jaka Sangkrip, sebabipun sami papabenan, dipun wangsuli menawi pabenipun wau jalaran saking rebat sihipun ingkang jaler. Sabab tiyang jaler wau pancen bojonipun kathah, bojo ingkang kalih kakempalaken, inggih ingkang paben punika, dene bojo ingkang enem griyanipun pisah miyambak. Jaka Sangkrip lajeng cariyos, bilih dhusun ngriku kagantosa naminipun, kantunan nama Kawayuhan, murih boten wonten tiyang wayuh. Ki sanak, sampeyan sanjanga dhateng Lurah sampeyan. Jaka Sangkrip nglajengaken lampahipun mangilen, sareng dumugi padhusunan ingkang dhadhahipun (pager) sami kataneman wit puring, lampahipun Jaka Sangkrip kendel, margi kadalon, lajeng nyipeng wonten griyanipun Lurah dhusun ngriku. Ing wanci gagatrahina Jaka Sangkrip pamitan badhe anglajengaken lampah, sarta suka pamrayogi dhusun ngriku ingkang dipun sipengi wau, murih ing dhusun ngriku  saged tentrem, kasantunana nama Puring, Lurah dhusun wau ugi nyagahi badhe karembag kaliyan tiyang sadhusun.


----- #candhakipun wonten ing cariyos BABAD KEBUMEN (2).

0 komentar:

Posting Komentar

Sedang Membaca

free counters

Iklan Anda