Ki Mangoensoeparto, Bale Pustaka, Batavia-C, 1937.
I. LELAMPAHAN PANGERAN BUMIDIRJA.
Purwakaning cariyos sasurudipun Kangjeng Sultan Agung Anyakrakusuma ing Mataram, putra Pangeran Adipati Anom sumilih jumeneng nata jujuluk Sinuhun Mangkurat.
Kacariyos pangastaning paprentahan (praja) kirang jejeg, dhawahing ukuman kirang adil. Kathah kemawon para kawula tampi pidana ingkang boten timbang kaliyan dosanipun.
Ingkang paman Pangeran Bumidirja kerep atur pepenget dhumateng ingkang Sinuhun, nanging boten kagalih babar pisan, malah nuwuhaken duduka. Ing sarehning Pangeran Bumidirja punika : sapisan ngeman sudaning kaluhuran dalem nata, kaping kalih welas dhateng para kawula alit mila kekencenganing penggalih ingkang sae linggar saking praja ing pangangkah sampun ngantos ngawuningani lelampahan ingkang boten cocog kaliyan panggalihipun. Panguneg-uneging panggalih ingkang makaten wau lajeng kawiyos dumateng ingkang garwa.
Sarehning kresanipun Kangjeng Pangeran wau menggah tosan sampun boten kenging dipunluk, pramila ingang garwa wontenipun namung ndherek punapa ingkang dados kresanipun Kangjeng Pangeran. Ing satunggaling dalu Kangjeng Pangeran estu lolos saking praja nilar kaluhuran tuwin kawibawan, anamur kawula hamung kadherekaken ingkang garwa. Tindakipun saking kraton Mataram mangilen terus, boten ngetang bebayaning margi.
Enggaling cariyos tindakipun priyagung wau sampun dumugi ing tlatahipun tanah Bagelen. Ing ngriku kapethuk tiyang awon nama Jasamudra lan Trunasamudra, sedyanipun badhe begal. Sarehning penggalipun kangjeng Pangeran punika ber, pramila begal pinaringan arta kathahipun kalih semat (ringgit). Nanging pun begal boten narimah nedya nuwun sadaya ingkang kaasta ing kangjeng Pangeran engga rame sanget. Wusananipun begal kalih sami kasoran ngantos nyuwun pangaksama lan prasetya boten badhe begal malih-malih.
Sareng sampun aso sawatawis Pangeran lan garwa nerusaken tindakipun dumugi ing dhusun Panjer. Pasiten ing sakiwa tengenipun ngriku punika sae toyanipun tumumpang. Karsanipun sagn Pangeran nedya tutruka ing ngriku. Saking sakedhik tinlatosan, wana grumbulan bikukak kacithak kadadosaken tegil lan pasabinan. Kathah tiyang-tiyang secelakipun ngriku sami dherek babad mila boten ngantos tataunan papan ngriku sampun dados reja.
Karsanipun sang pangeran, nedya ngicalaken sesebutan tuwin asmanipun, supados sampun ngantos pakewed sasrawunganipun kaliyan kanca alit. Kaleksanan lajeng ngagem asma kiyai Bumi. Ewasemanten tiyang-tiyang alit meksa taksih nggadhahi ajrih saha rikuh, boten purun linggih celakan, wiraosipun sami ajrih. Sarehne kyai Bumi kuwatos kawiyak wawadosanipun, mila ing satungging dalu lolos malih sakaliyan nyai Bumi boten wonten ingkang dipunjujug. Sareng dumugi ing dhusun Lerep kyai Bumi sumerep tanah ing ngriku punika sae, imbang-imbangan kemawon kaliyan Panjer. Sakala kagungan karsa dudunung ing papan ngriku. Sakedhap kemawon dados reja, tiyang saking padhusunan ingkang tebih-tebih sami mrelokaken boyong mriku, awit kapiluyu ing wartos yen ing Lerep wonten tiyang neneka sugih kasagedan. Ingkang makaten punika malah boten dados cocoging penggalihipun kyai Bumi jalaran kuwatos kawentar dumugi ing praja Mataram boten sande amumurung lampah. Pramila ing satunggaling dalu lajeng oncat saking ngriku, karsaning panggalih badhe pados papan ingkang tiyang-tiyangipun sami kirang menggahing tatakrama, kadukwani, remen sesembranan. Prelunipun supados kyai Bumi terntram panggalihipun. Awit panggalihipun kyai Bumi, tiyang-tiyang ingkang watak gadhah makaten punika boten badhe madruli tuwin maelu dhateng piyambakipun jalaran katungkul nuruti ingkang kados wawatakipun.
Danguning dangu saged manggih padununganipun titiyang ingkang makaten wawatakipun. Dene dhusun wau namanipun Karang. Kyai Bumi terus manggen ing griku Yektos titiyang ing Karang boten gadhah ajrih tuwin ering dhateng Kyai Bumi, katandha saking sesebutan dhi, kang, lan sapiturutipun. Ing ngriku pangalihipun Kyai Bumi saweg saged tentrem. Sapunika lajeg gesang sacara tiyang tani, ing wanci siang nyambut damel ing tegil tuwin sabin, ing wanci dalu nungkul ing ngasepi nenuwun dhateng ingkang murbeng gesang supados pinaringana wewengan ingkang dados lalampahipun.
II. KYAI BUMI DHEDHEKAN ING KARANGKEBUMEN NGANTOS APUTRA WAYAH.
Gentos kacariyos ing praja Mataram sajengkaripun Pangeran Bumidirja, katingalan surem. Para kawula geng alit sami bingung, yen ta menggaha baita kecalan jurumudi. Ingkang makaten punika lajeng kauningan ing sang Prabu, sakala punika karsa dalem lajeng utusan gandhek nama : Wirasari lan Wirayuda kadhawuhan nglarah tindakipun ingkang paman. Samangsa sampun kapanggih tumunten kaaturana kondur. Dhawuh timbalan dalem gandhek boten kapareng wangsul dhateng praja yen boten sareng-sareng kaliyan ingkang paman.
Lampahing gandhek kalunta-lunta babasan anjajah desa milang kori. Pundi kapireng wonten nujum dipunsuwuni priksa, ananging meksa boten wonten ingkang saged nglegakaken manahipun.
Danguning dangu lampahipun dumugi ing tanah Bagelen. Sarehne sampun wuwulanan madosi, kang mangka dereng kapanggih, sedyanipun badeh lerem sakedhap kangge ngasokaken badan tuwin pikiran. Ing ngriku sumerep tiyang saweg sami linggih udud-ududan, mentas dhangir pakebonanipun. Gandhek kakalih lajeg nyelaki, sangadi nedha latu. Sadanguning lilinggihan sami gineman, wicantenipun gandhek : “Dhi, ngriki niki namine dhusun pundi?”
Wangsulanipun tiyang dhusun : “O, nek sampeyan dereng sumerep, nggih ngriki sing namine Karang Kebumen”.
Gandhek saya neseg : “La sing truka sinten?”
“Sing truka tiyang saking tebihan, jaler setrine omongane bandhek, kira kula bangsa wong Mentaram’.
Gandhek saya ngangseg pitakenanipun : “Napa si adhi empun wawuh kalih tiyang sing mang critakaken niku?”.
“Wawuh mawon. Tiyang-tiyangane jaler setrine sami sae-sae. Umur-umurane wayah gumapa”.
Plong, manahipun gandhek kakalih wau, awit ing batos inggih punika ingkang dipun padosi. Tumunten nedha tulung dhateng tiyang wau puruna ndugekaken dhateng griyanipun. Tiyang dhangir inggih nglegani. Sareng dumugi ing latar gandhek maspadosaken, mila inggih yektos yen punika gustipun. Kala samanten Kyai Bumi saweg rinubung ing tangga tepalihipun. Saking boten srantosipun, gandhek miyak tiyang ingkang saweg sami rubungan wau, boten manah punapa-punapa ing sampeyaning gustinipun kaliyan tawan-tawan tangis. Tiyang ingkang sami rubungan sami pating plongo asemu ajrih, temahan sami kesah saking satunggal boten mawi pamit. Sareng sampun sawatawis aso, gandhek kakalih kadhawuhan linggih. Ing ngriku lajeng munjuk sarehning dinuta miwiti ngantos mekasi. Pangeran Bumidirja (kyai Bumi) meksa boten karsa kondur, awadipun sampun kraos dadalem ing dhusun. Rehne lampahipun gandhek boten angsal damel, upami wangsul dhateng praja sande dipun pidana, mila narimah sabaya pejah dherek tutruka wonten ing ngriku. Wiwit saderengipun gandhek, titiyang ing Karang Kebumen tuwin sakiwa tengenipun ngajeni dhateng kyai Bumi, malah dipun yasakaken dalem ageng. Kathah ingkang sami nyaosi wuluwedaling padhusunan, nanging Kyai Bumi boten karsa nampi, terus anggenipun rialat. Malah dhawuh ing tembe menawi seda mundhut kasarekaken wonten ing dhusun Lundhong, semanten ugi gandhek kalih inggih nyuwun kempal wonten ing ngriku Kala samanten Kyai Bumi sampun apuputra sakawan inggih punika Kyai Gusti, Kyai Bagus, Nyai Ageng saha Kyai Bekel. Nanging sadaya sampun nilar kawibawan gesang sacaraning tiyang dhusun. Dhawuhipun kyai Bumi putra-putra wau boten kapareng kasebut asma ing sajatosipun : Raden Mas utawi Raden. Prayogi kasebut kyai kemawon, prelunipun boten ngeget-egeti.
Kacariyos ingkang Sinuhun ing Mataram sampun midhanget wartos bilih ingkang paman saha gandhek ingkang kautus sami dudunung dhusun Karang Kebumen, nglugas raga among tani. Nunten utusan abdi sinelir nama Udakara lan Surakarti ngaturaken pethukan dipangga asrati nem. Nanging Pangeran Bumidirja meksa boten karsa. Udakara tuwin Surakarti boten sami purun wangsul dhateng Mataram malih, namung liman sasratinipun ingkang wangsul.
Kyai Bumi lestantun dedalem ing dhusun Kebumen ngantos dumugi ing seda, kasarekaken ing dhusun Lundhong. Sasedanipun Kyai Bumi ingkang gumantos dados sesepuh ing dhusun ngriki putra ingkang asma Kyai Bekel. Panggenanipun tiyang ngriku boten ewah kados kala sugengipun Kyai Bumi. Sasedanipun Kyai Bekel ingkang asma Kyai Ragil gumantos ingkang rama. Inggih Kyai Ragil punika ingkang mungkasi sesepuh ing Karang Kebumen. Jalaran putranipun ing Kuthawinangun ngasta demang.
III. LELAMPAHANIPUN JAKA SANGKRIB.
Kala-kala Jaka Sangkrib medal gagasanipun ingkang awon, nedya nganyut tuwuh, sanajan gesanga tiyang boten saged kawor sanak kadang, rak namung mamajang wirang kemawon. Ubaling gagasan ingkang makaten wau saged kaendhih dening weninging budi, nganyut tuwuh punika satunggaling lampah ingakang nistha, mratandhani yen tiyaag cupet ing budi, awatak angucira, pejahipun boten angsal margi padhang.
Sarehne boten saged nahan sakiting manah, piyambakipun lajeng kesah saking panggenaning tiyang sepuhipun, mlebet ing wana nusup ing gegrumbulan. Ing ngriku manggih beji ingkang toyanipun saklangkung bening, papan sakiwa tengenipun sakeca, sedyanipun Jaka Sangkrib badhe manggen ing ngriku. Yen dalu kungkum, siang kakaring, ingkang dados tedhanipun namung wowohan tuwin ron-ronan ing wana ngriku.
Sareng sampun angsal 40 dalu, badanipun kraos enteng, boten wonten raosing sakit sakedhik-sakedhika. Grayangipun alus, sakedhik kemawon boten wonten belangipun. Jaka Sangkrib bingahipun boten kenging winiraos. Upami sacelakipun ngriku wonten manungsa, temtu badhe dipunluberi ing kabingahanipun. Sarehne boten wonten jalma manungsa wekasanipun namung ngedalaken luh ingkang boten kenging binendung. Ing batos suka sukur dhateng ingkang murbeng gesang dene sampun pinaring luar saking cintraka, satemah saget kawor kaliyan sasaminipun manungsa.
“Mulih apa terus lunga”, makaten ing klebet batosipun Jaka Sangkrib. Nanging sareng anggenipun nglimbang-nglimbang sampun dangu, kekenthelaning manah badhe nerusaken anggenipun kesah. Sarenhe rumiyin nalika wonten ing dhusunipun sampun nate mireng bilih ing dhusun Bojong Sari wonten satunggaling kyai nama Ahmad Yusup kawentar sidik, kakencenganipun manah badhe puruita. Murih boten kapireng dhateng tiyang sepuh saha sadherekipun, damel nama sepuh Surawijaya.
Surawijaya lampahipun boten pados margi ingkang sakeca, malah minggah redi tumurun jurang. Ing wanci bedhuk dumugi ing lepen Sruni, kendel ngaso ngiras nggirahi panganggenipun ingkang nalika sadangunipun sakit boten nate kagirah. Purihipun sanajan sampun gombal, sok uger resik, dados samangsa kempal tiyang kathah boten ngganda awon. Sareng pangangge sampun garing nunten kaangge malih, lajeng nerusaken lampahipun. Dumugi ing griyanipun kyai guru, saweg dumugi ing latar sampun mendhak-mendhak sarwi uluk salam. Sarehne kyai guru saweg kaleres mulang, dipun acarani linggih rumiyin. Bakda mulang dipun takeni nami, dhusun tuwin perlunipun. Wangsulanipun beres kemawon yen dhatengipun mriku badhe puruita. Kyai guru mireng wangsulan saha panembung ingkang jangkep tata kramanipun, tindak-tandukipun ngresepaken, kepranan ing galih, pasuwitanipun dipun tampi, kanthi dipun papanaken miyambak. Dangu-dangu kasok tresnanipun ngantos karengkuh kados dene putra. Sadaya kasagedan kyai guru prasasat boten wanten ingkang mrojol. Sapunika kajengipun kyai, Surawijaya kapurih mantuk dhateng Kuthowinangun sageda suwita ing sang nata. Ing batos Surawijaya dereng kadugi yen suwita ing nata mung sangu kasagedan samanten. Dhawuhing guru namung dipun ecani kemawon. Surawijaya nunten pamitan dhateng gurunipun. Sadumugining margi nyimpang boten datheng Kuthowinangun nanging dhateng dhusun Selang badhe manggihi kyai Jahiman. Sadumuginipun ing ngriku kaleres kyai saweg wonten kebon, piyambakipun tumunten nembung badhe puruita ing ngriku, nanging katolak, jalaran katitik saking ing pasemon, kedhep liring netra, ngatawisi yen piyambakipun tiyang sampun isi. Surawijaya nerusaken lampahipun dumugi dhusun Prajuritan. Ing ngriku piyambakipun sumerep wit bendha ageng miwah inggil, sangandhapipun peteng tur singup. Nyut, manahipun kados dipun gigah, kados-kados wonten ingkang aken supados piyambakipun ngluwat ing ngriku. Krenteging manah wau dipun lampahi.
Nalagati inggih punika tiyang ingkang gadhah pakawisan ngriku, sabrayat saweg sami nandhang sakit, siang dalu namung lumah-lumah ing amben, lebet anggenipun sakit dangu dereng mantun. Saking sangeting prihatos, yen dalu awis-awis tilem, nyunyuwun dhateng ingakang maha kuwasa sageda mberat ingkang dados memalanipun. Nuju satunggaling dalu piyambakipun layap-layap badhe tilem, wonten ngrikanipun kados-kadois dipun panggihi satunggaling tiyang sepuh, suka sumerep, yen sakitipun sagedipun mantun kedah kajampakaken dhateng tiyang ingkang saweg nguwat ing sangandhaping bendha. Byar, piyambakipun saweg ngertos yen supena, sanget ing ngungunipun. Piweling ingkang mentas kapireng dados taksih gawang-gawang. Enjingipun boten saranta papan ingkang kaceta ing pasupenan wau dipun jujug, yektos wonten tiyangipun saweg ngluwat, nunten kengkenan tangga-tepalih dhudhuk.
Sadumugining nginggil ceta yen tiyang wau taksih gesang, lajeng kaupakara engga saged gineman, kaetang dangunipun ngluwat wonten salapan dinten. Sasampunipun Surawijaya katingal kiyat, Nalagati lajeng malehaken ingkang dados pasupenanipun.
“Kula boten bisa napa-napa, namung Gusti Allah kang bakal marekaken teng sampeyan”.
“Enggih, sanajan kados pundi kula inggih mbudeni teng sampeyan”.
sakitipun tiyang sagriya ngriku saged mantun. Saking sangeting bingahipun, Surawijaya dipun endheg kapurih manggen ing ngriku badhe dipun yasakaken griya nanging panedhanipun dipun tolak. Surawijaya nunten pamit badhe nerusaken lampah. Pancenipun Surawijaya badhe dipun sangoni ing sapantesipun,nanging inggih boten purun, namung nedha karag, manis jangan lan kajeng legi.
Saking dhusun Prajuritan lumampah ngidul ngilen, namung ngenut dhawahing suku. Dangu-dangu dumugi laladan Karangbolong, lajeng mlebet ing guwa Menganti, nedya nenepi. Wonten ngriku katarimah semadinipun, kaparingan wasiyat wujud cemethi. Samedalipun saking guwa lampahipun mangetan dumugi ing wana Moros. Kacariyos wana wau saklangkung angker, janma mara mati sato mara keplayu. Ewasemanten Surawijaya meksa lumebet. Ing satengahing wana wonten papanipun ingkang sanget asrinipun, nanging hawanipun beda kaliyan papan sanesipun. Gagasanipun Surawijaya : genah yen ing papan ngriku dados kedhatoning dhadhemit. Rehne dumugi ing ngriku sampun sonten ancasipun badhe sipeng kemawon ngiras ngasokaken badan. Sareng ing wanci dalu kathah ungel-ungelan tuwin rurupen ingkang adamel girising manah. Bawanipun tiyang sampun sugih ngelmu, kasembuh santosa ing budi, kawontenan ingkang makaten wau kaanggep dede barang-barang. Pungkasanipun wonten swara geter, bumi kados ginejot, jleg arupi cemeng , untu pethak. Dedeg ageng inggil, dhapur ngajrihi dhateng ing ngriku. Pitaken dhateng Surawijaya : punapa sedyanipun dene ngantos dipun rencangi toh pejah. Surawijaya lajeng medharaken lelampahanipun miwiti dumugi mekasi. Sang anjar katon waleh yen piyambakipun punika nujumipun Kangjeng Ratu Kidul nama Kumbang Ali-Ali. Piyambakipun lajeng meca dhateng Surawijaya yen ing tembe badhe dados prajurit linangkung kacelak dhateng ratu. Samangsa manggih pakewed ing saenggen-enggen kinen ngundang piyambakipun badhe dhateng arupi kethek pethak ageng, ancik-ancik ing pucukinbg tumbak. Nunten aji pametik dipunmulangaken. Sasampunipun kacakup pamejangipun, Kumbang Ali-Ali pamit wangsul ing kayanganipun. Surawijaya kantun anggana, sanget suka bingahing manah.
Enjingipun medal saking wana Moros nurut gisik mangetan dereng nedya wangsul dhateng Kuthowinangun. Ciptaning manah sampun ngantos yen wonten ing pasamuaning ngajurit anguciwani. Mila sanget manting jiwa mesu sarira, esthining manah sageda kasembadan sedyanipun, dados tepa palupi lan murwani karaharjan ing sawuri wuri. Raos makaten punika terus kagagas-gagas panjang. Boten dipun kinten babarpisan yen lampahipun sampun dumugi ing redi Brecong. Wonten ing ngriku kendel, yen enjing mlampah ngetan, yen sonten ngilen angen lampahing Surya, sadangunipun nglampahi makaten punika ingkang katedha namung karag. Sareng sampun angsal 15 dinten, gentos tapa mendhem ing pasir pinggir seganten, ingkang katingal namung jangga manginggil. Saweg angsal 20 dinten kadenangan tiyang nama Nayadipa ing dhusun Gunaman. Nayadipa enggal wangsul ngundang anakipun kalih, sarwi mbekta lincak, perlu kangge nulungi tiyang ingkang mendhem, sarta badhe kaupakara bilih taksih gesang. Enggalipun sampun kadhudhuk kabekta ing griyanipun, dipun upakara ngantos saged kiyat malih badanipun. Nayadipa nedha pangapunten, rehne lumancang adamel wurunging karsa. Anggenipun ngentas punika ketang saking welasipun.
Saking panedhanipun ki Nayadipa, Surawijaya kapurih kendel sawatawis dinten murih puliha kakiyatanipun. Wonten ngriku piyambakipun dipun walehi yen Nayadipa asal saking Wawar, sadherek misanipun demang Warganaya. Ing batos Surawijaya bingah, nanging sinamun sampun ngantos murungaken sedyanipun. Sareng sampun angsal sawulan, piyambakipun pamit badhe nerusaken lampahipun. Saking Gunaman mengaler dumugi Kebumen lajeng menggok mangetan. Dumugi Kalisalam kesengsem ningali endahing redi Bulupitu. Enget ujaring sepuh-sepuh yen ing ngriku punika kadhatoning dyan ayu dewi Nawangwulan, inggih punika rayinipun dewi Nawangingrat ingkang ngratoni para lelembut ing saganten kidul. Wondene asalipun putri ing redi Kombang. Bakda tapa badhe sami mantuk dhateng nagarinipun, nanging boten saged, jalaran sampun santun sipat wujud jim. Satemah sami mupus ing papasthen.
Surawijaya terus minggah ing redi Bulupitu, ngetog kikiyataning batos badhe kapanggih kaliyan dyah Nawangwulan. Wondene rubedaning sarira boten badhe karosaken babarpisan. Sareng dumugi satengahing redi milang-miling pados papan ingkang prayogi. Ing ngriku manggih beji ingkang wening toyanipun, karsanipun sacelakipun ngriku badhe kangge nungku semedi. Sareng sampun angsal sawatawis dinten, katarimah penuwunipun. Sumuking redi benter, adamel geger ingkang mbaureksa redi. Sang dewi Nawangwulan boten kasamaran yen ingkang damel gara-gara punika satunggaling titah ingkang saweg kapati brata ing sapinggiring beji. Nunten pinarepekan. Surawijaya sareng mambet ganda arum angambar, panglocitaning manah : “Baya iki kusumaning arga.” Sanalika tapakur, pasang panulaking panca baya. Ing ngriku kusumaning ayu dyah Nawangwulan ngatingal nyelaki. Sasampuning bage-binage, enggaling cariyos lajeng dados garwa. Tumunten sang dyah ngengakaken korining kajiman, ical sipating redi Bulupitu, byar wujud kadhaton ingkang sakalangkung adi.
IV. ING KADEMANGAN KUTHAWINANGUN DIPUN JARAH DEMANG KYAI
PRAWIRAWIGATI.
PRAWIRAWIGATI.
Kyai Prawirawigati mireng kabar bilih ngabei ing Bocor gadhah pusaka wujud dhuwung, dhapur sinom nama kyai Pandu, sepuh tur wetah. Surantaka kapurih mangkat dhateng Bocor perlu mandungi. Enggaling criyos dhuwung sampun kenging kabekta. Wangsulipun Surantaka mampir ing griyanipun tiyang nama Suradiwirya ing dhusun Kuwarisan. Wataking tiyang remen umuk, wonten ing ngriku Surantaka pamer anggenipun mentas mandung boten kadenangan, sarta nedahaken wujudipun dhuwungipun. Suradiwirya sareng sumerep lajeng melik, tumunten migunakaken trekahipun. Surantaka dipun segah wedang kopi kacampuran bubuk kecubung. Sareng sampun mendem lajeng dipun tandangi. Surantaka kapulasara satengah pejah, lajeng kabucal ing pategilan. Ing wanci tengah dalu saweg enget graya-grayah badan dipun grayangi sami abuh, kangge ebah sakit. Udheng, rasukan lan sinjangipun sampun boten wonten, ingkang tememplek ing badan kantun sruwal kemawon. Ing ngriku saweg ngretos bilih mentas kenging ing guna desthi, paekaning mengsahipun. Kinten-kinten badan sampun radi sekeca raosipun, lajeng mlampah mantuk manggihi kyai demang wadul punapa ingkang mentas kalampahan. Demang Prawirawigati sareng mireng wadulan makaten, sanalika medal kanepsonipun nginten bilih ingkang maeka wau kengkenanipun kyai Hanggayuda ing Kuthawinangun. Sanalika lajeng mepak bala. Sareng sampun tata sadadameling perang, prajurit lajeng kabudhalaken, dipun tindhihi piyambak. Kyai demang numpak kapal ules napas, dhasar ageng inggil kasembuhing busana, dhangah-dhangah amantesi. Urut margi sami ambabahari pundi dhusun ingkang kaambah sami kagegeran, tambuh-tambuh polahipun. Raja kaya sami telas karampas. Griya kathah ingkang suwung katilar ngungsi, nunten sami kabesmi kadamel karangabang.
Kacariyos kyai demang ing Kuthowinangun dereng saged mepak wadyabalanipun, sampun kadhatengan mengsah, satemah namung kabingungan boten ngretos punapa ingkang kedah dipun lampahi. Pepuntoning tekad nedya sumingkir kemawon, awit sanajan mapagna ing mengsah mesthi boten kuwagang, menggaha toya banjir sampun boten kenging katambak.
Kyai demang saestu nilar Kuthawinangun ngungsi dhateng ing jurang Ngabean dhusun Bebuka.
Demang kyai Prawirawigati mlebetipun ing dhusun Kuthawinangun boten wonten ingkang ngalang-alangi. Sampun tentu kemawon sadaya isining kademangan kaobrak-abrik, para prajuritipun sami ngglandhangi maesa kangge ropyan-ropyan.
V. JAKA SANGKRIB MRINANI TIYANG SEPUH.
Gentos ingkang dipun cariyosaken, pun Surawijaya, sadangunipun wonten ing Bulupitu tansah rerembagan bab glagating praja ing tembe wingking. Piyambakipun ngudi sanget sageda ing benjing kadrajatan terah-tumerah dhateng anak putunipun. Ingkang rayi sagah njangkung, saha mratikelaken samangsa wonten damel.
Nyarengi gegering Kuthowinangun nyai Bulupitu matur ingkang raka, saha ngaturaken katiwasanipun ingkang rama ngantos kengser dhateng jurang Ngabean. Mila Surawijaya dipunprayogakaken wangsul dhateng Kuthawinangun pupulih dhateng ingkang rama. Nanging dipun jujug kedah pasingidanipun ingkang rama. Surawijaya nglampahi punapa ingkang dados pakenipun ingkang estri. Piyambakipun lajeng dipun sukani pusaka nama Naraca Bala, lan nalika badhe pangkat nilar weling dhateng ingkang estri, beji ingkang kangge nungku semedi kanamakna Soma Gedhe. Surawijaya nunten dipun anggen-anggeni dhateng ingkang estri, pinatut lan dedeg piadegipun. Sasampunipun cekap lajeng mangkat. Sadumuginipun ing kori asta kakipataken, kadhaton ical, jleg wujud redi malih.
Enggalipun sampun kapanggih kaliyan ingkang rama kyai Hanggayuda. Sasampunipun bage-binage Surawijaya nedha supados dipun aben demang Pakacangan ingkang ambeg purun. Kyai Hanggayuda sanget bingahing manahipun, saha sanget suka sukur dene angsal pitulungan. Surawijaya dipun endheg sawatawis dinten badhe binoja rumiyin, nanging boten purun, wangsulanipun : Prakawis pamboja gampil pinanggih wingking, sauger mengsah sampun kapracondhangi. Wangsulanipun Surawijaya ingkang makaten wau dipun condhongi ing kathah.
Sasampuning tata-tata lajeng pangkat kaliyan wadyabala sawatawis, nanging sedaya wau namUng kapurih ningali saking katebihan kemawon, piyambakipun badhe prang tandhing sami ijen. Sadhatengipun ing Kuthawinangun kyai Prawirawigati dipun tantang ngaben wuleding kulit atosing balung. Ing ngriku lajeng prang, gentos katindhih. Dangu-dangu kyai katingal karepotan, terus dipun seseg supados boten angsal papan. Kyai demang kwalahan, lajeng kenging cinandhak, tumunten sinendhal, kyai demang dhawah krungkep lajeng kinakahan boten saged polah. Sarehne rumaos boten saged nandhingi malih lajeng tobat pasrah pejah gesang. Perang sampun cekap.. Wadya bala sami kaundhangaken nglempak, sadaya kempal ing kademangan. Kyai Hanggayuda kaaturan kondur dhateng Kuthawinangun. Ing dalunipun sami seneng-seneng tayuban, inum-inuman, wanci byar saweg bibaran. Demang Pakacangan ngaturi pisungsung kapal cemeng mlathi suwung dhateng Surawijaya.
Sareng panggalihipun kyia Hanggayuda sampun tentrem, angkahipun badhe ngluwari ujar, ngedegaken demang dhateng Surawijaya, nanging Surawijaya sanget ing pamoponipun. Lan ing ngriku Surawijaya saweg kemawon manggih margi kangge waleh, bilih piyambakipun putranipun wuragil kyai Hanggayuda ingkang nama Jaka Sangkrib. Rama ibunipun sanget ing bingahipun, lajeng sami tangis-tangisan. Sareng sampun aring sawatawis, ingkang rama ngetang wiwit ing kesahipun dumugi titi mangsa punika dangunipun 13 taun.
Wonten malih gempalaning dodongengan, ing redi Slamet laladan Banyumas, wonten jajaka kalih trahing wita redya asal saking Madiyun, nama raden Supena lan Raden Suratma, ngasta emban satunggal nama Kertabau. Sang wira kakalih anggenipun mesu sarira brata sampun watawis 3 taun, putus ing aji jaya kawijayan, kanuragan tuwun kasantikan. Dhasar bagus ing rupi, alus ing wicara, berbudi remen tutulung. Sadaya tiyang sacelakipun praptapan sami ajrih asih tuwin kumawula sanget.
Satunggaling dalu tiyang nama Patrabangsa dhusun Siparuk, gadhah cacat wuta, supena supados ajajampi dateng sang atapa. Samangsa saged kapanggih mesthi sakitipun ical sanalika. Saking adrenging manah enggal sageda mantun. Lajeng nempuh byar ngupadosi kaeteraken anakipun jaler. Boten ajrih babayaning margi, sumengka ing pucuking redi Slamet. Saestu sareng kapanggih sang pandhita anem, mripat kausadanan sakala mantun blas boten wonten tilasing sakit.
Wangsulipun Patrabangsa dados gumunan, tiyang ing suwau picak sapunika saged sumerep. Temtu kemawon timbal-tumimbaling cariyos sakedhap sumebar ing pundi-pundi. Wiwit wekdal samanten andulur cacahing tiyang ingkang dhateng prapatapan sami nyuwun sawab saha jajampi. Kathah ingkang kapranan manahipun lajeng boten purun mbantuk dhateng dhusunipun, nrimah manggen ing ngriku, mila sakedhap kemawon dados reja. Sang pandhita anem dipun yasaken dalem dalah papan pamujanipun. Saking agenging kapitadosipun dhateng pandhita wau, anggenipun sumungkem kados dene dhateng ratu sesembahanipun.
Ing antawisipun tiyang samanten wau, wonten satunggaling pinisepuh ahli petangan nama Nurmungalam ing dhusun Pasir. Punika ngojok-ojoki dhateng kanca-kancanipun puruna njumenengaken ratu dhateng pandhita wau, rehne tiyang-tiyang sampun ageng kapitadosipun, pangojok-ojok wau katampi kaliyan bingahipun manah.
Dinten jumenengan ratu wau lajeng dipun estreni ing tiyang sakiwa tengen ngriku saha sadaya sami sagah dados prajuritipun. Sang pandhita lajeng binusanan agem-ageman ratu jangkep saupacaranipun. Nanging saking pamrayoginipun ki Nurmungalam, dereng kenging mawi sesebutan ratu, sapunikanipun kedah namung sesebutan senapati, benjing yen sampun saged mbedah Surakarta (Kartasura? : penyalin)) saweg sesebutan ratu.
Sasampunipun pethuk ing pikir golong rembag, nedya ngradin jagad, kawiwitan saking Banyumas mlampah mangetan.
Pinuju dinten Jumuah tanggal 1 Sura taun Alip, wiwit tata-tata mepak wadya bala. Ngabei demang lan patinggi ingkang saking bawah Brebes sarta Tegal ugi kathah ingkang ngrojongi. Ingkang dados sesepuhipun kyai Nurmungalam. Lampahing prajurit kabagi dados kalih golongan. Ingkang sagolongan ageng medal kilen katindhihan demang Sonyalangu lan Darmaraja. Urut margi ngingirup lan njajah rayah, mila balanipun saya wewah-wewah. Ingkang sagolongan malih medal ler katindhihan sang senapati piyambak, ingkang sampun gantos asma Damarwulan, ingkang nem Menakkoncar. Senapati kakalih sami nitih kapal sinongsongan, kaampingan kyai Nurmungalam saha Kertabau. Barisanipun katojokaken Purwokerta, boten mawi kagebag perang sampun nungkul aris. Dene ingkang boten purun nungkul ngungsi dhateng Makam. Sarehne boten wonten ingkang ngalang-alangi, lampahing baris sakedhap kemawon sampun dumugi laladan Banyumas.Kocapa bupati ing Banyumas, Tumenggung Yudanagara, sareng midhanget wonten kraman ndhatengi ragi kaweken ing galih, jalaran tinempuh saking ler lan kilen. Tumunten nimbali patih dhawuh ngrakit wadyabala nanging kedah kadamel kalih golongan. Ingkang kiyat kaangsahaken ngilen katindih kyai patih piyambak, sanesipun ngaler katindhihan kliwon.
Kraman ingkang saking kilen sumerep kapapagaken prajurit saking Banyumas terus ngebyuk purun tanpa mawi gelar utawi tengara. Prajurit Banyumas sanget ing kagetipun, anggenipun nanggulangi akanthi nggragap. Bala kraman pandhesekipun rosa sanget, tandangipun resah, kewewahan ingkang wonten wingking surakipun kados ampuhan. Satemah prajurit Banyumas sami kagilan, rumaos asor ing tandhing karoban mengsah, nunten mundur bibar sar-saran boten ngrewes dhateng titindhihipun.
Kraman ingkang saking ler perangipun ragi rekaos jalaran kala samanten lepen Serayu kaleres banjir, dados namung katindakaken perang sanjata, sakalih-kalihipun sami ngetog kakiyatan, namung boten wonten ingkang nedya ngunduri. Ing sanes dinten sareng lepen sampun boten banjir prajurit kraman ngangseg nyabrang lepen, jinampangan ing prajurit asikep senjata. Prajurit Banyumas binrondong saking katebihan lajeng mundur, ingkang makaten wau nggampilaken panyabrangipun barisan kraman. Sareng ngretos yen mengsah angunduri prjjurit kraman lajeng ngelud adamel kuthetheran mengsah.
Ingkang bupati sareng tampi lapuring patih bilih prajuritipun kaseser, lajeng dhawuh nilar kitha lampahipun mangidul. Dumugi ing Buntu kendel damel pasanggrahan. Ing ngriku wadyabala Banyumas kacacahaken kapanggih kantun 1.800, mila tangeh yen sageda nanggulangi krodhaning mengsahipun. Golonging rembag patih kadhawuhan atur uninga ing ngarsa dalem sang prabu, saha nyenyuwun babantu. Patih nunten bidhal kadherekaken prajurit 40 sami akakapalan.
Kocap prajurit kraman sareng sumerep bilih barisan Banyumas nilar kitha, lajeng dipun broki. Senapati kakalih sampun ngenggeni dalem kabupaten, rinten dalu namung ngegungaken suka-suka pari suka.
VII. JAKA SANGKRIB ANGSAL MARGI NGATINGALAKEN BADANIPUN DHATENG RATU.
Ingkang garwa nyai Bulupitu boten kasamaran dhateng karsanipun ingkng raka, nunten sowan ngaturi rembag sagetipun enggal angsal damel, kedah dipun sranani lumebeting arta paos ingkang dhateng Surakarta wontena 10 utawi 15 dhusun kemawon. Ing wiwitan Surawijaya boten nocogi dhateng rembag makaten wau. Nanging sareng dipun sulang-sulangaken bilih pandamel makaten wau namung kangge srana enggaling kadumugen dados boten ateges mbalela. Surawijaya lajeng purun miturut. Wiwit samanten ;lajeng mbobolehi saha mbubujuk dhateng dusun macapatipun, boten prelu caos bulu bekti wujud punapa kemawon dhateng Surakarta, awit boten wonten pigunanipun. Langkung sae dhateng piyambakipun kemawon, dene mangke yen wonten seregan saking Surakarta, bot repotipun badhe katanggel. Ingkang sarehne demang-demang sakiwa-tengenipun wau panci ering dhateng Surawijaya mila panedhanipun dipun turuti.
Danguning-dangu wonten ingkang lapur dhateng Surakarta. Sareng ngarsa dalem midhanget nalar makaten wau lajeng dhawuh papatih dalem tumuntena mbidhalaken duta, nyepeng Surawijaya murih sampun ngantos ndadra.
Kyai patih enggal mbidhalaken utusan sakawan, kadhawuhan nyepeng Surawijaya. Dhatengipun utusan njujug dhusun Ungaran, masanggrahan ing griyanipun demang. Kathah para demang saking macapat dhusun sami manggihi, sadaya ngalem dhateng kadigdayanipun Surawijaya. Duta mireng tembung makaten wau ing batos ajrih, nanging sinamur ing gugujengan.
Para kadang warganipun Surawijaya sareng mireng wonten dutaning nata, lajeng sami kempal ing kademangan Kuthawinangun prelu damel putusan, punapa nedha lawan, punapa nurut, punapa oncat. Surawijaya nedha mupakatan dhateng ingkang rama, nanging dipun borongaken, jalaran piyambakipun sampun sepuh rumaos boten keconggah ngembat prakawis ingkang gawat makaten. Gagasanipun Surawijaya : “Sanajan abot kawat balunga wesi pisan, aku mung awak siji, mangsa bisa mbangkat mungsuh karo wong sanagara. Iya bener aku nduweni kasekten, nanging apa iya kasekten mau ana sing ngungkuli. Karo dene maneh wong wani marang ratu iku gedhe dosane, kalupatane wis ora bisa ingapura, bisane lebur mung tinebus kalawan umur. Ujaring piwulang kuna-kuna, ratu iku wajib sinembah kayadene marang wong tuwa, jer iku wakiling Kang Maha Kuwasa kang cedhak dhewe kadhawuhan mranata marang kabehing titah. Endi kang luput ingukum, kang bener becik ginanjar, kang pinter nununtun marang kang bodho, sugih miskin kabeh ingayoman. Anadene kabeh mau katujokake marang kaslametan. La, saupama aku lumawana marang ratu, harak jeneng wong kang mamak pikirane kawuwuhan nistha budine. Ah yen mengkono luwih becik aku ndhisikane sowan, mbokmenawa bisa dadi lantarane aku kapriksa ing sang prabu.”
Surawijaya lajeng bidhal mangidul sedyanipun badhe manggihi utusan. Sadhatengipun ing Ungaran utusan sami cingak saha sami jagi-jagi mbokbilih Surawijaya ngaturaken pejah gesang. Sareng utusan mireng makaten wau sanget ing bingahipun, lan Surawijaya sedya kairid tumunten dhateng Surakarta.
Mangsuli cariyos, patih ing Banyumas sadumuginipun ing Surakarta njujug ing papatih dalem ngaturaken lalampahanipun, saha nyuwun babantu ing jurit. Dereng cekap anggenipun sami bawa raos kasaru lebetipun duta ingkang kautus nyepeng Surawijaya. Duta kadangu kathah-kathah bab lalampahanipun. Sareng sampun telas paturanipun duta, kyai patih lajeng lumebet ing kadhaton munjuk ing ngarsa dalem sang nata, angunjukaken kawontenanig kraman ing Banyumas, saha wontenipun Surawijaya sampun kairid dhateng Surakarta. Dhawuh dalem sang prabu, Surawijaya supados kaukum kisas. Nanging kyai patih, sanget-sanget anggenipun nyuwun supados kaapuntena dosanipun, jalaran nitik ing wuwujudaning tiyang kados kenging kapendhet damelipun. Ingkang sinuwun ngleksanani panyuwunipun patih saha dhawuh supados Surawijaya kairid mlebet ing kedhaton badhe kadangu piyambak. Sasampunipun kaadhepaken lajeng kadangu bab warni-warni, malah karsa ndangu ngelmi punapa, unjuk wangsulanipun saged teteh, tatag, trampil, boten mantra-mantra yen asli dhusun.
Sampeyan dalem kakenan ing panggalih, Surawijaya lajeng kadhawuhan nyepeng kraman ing Banyumas, dhawuh dalem malih boten kapareng, mbekta prajurit ing Surakarta, namung kaiden mbekta rencangipun piyambak ing Kuthawinangun. Manawi piyambakipun saged mrantasi damel dosanipun badeh kaampunten.
Enjingipun Surawijaya saha patih ing Banyumas bidhal terus dhateng Kuthawinangun. Sadumuginipun ing ngriku Surawijaya namung nganthi tiyang pitu ingkang kaanggep putus dhateng ulah gelaring perang. Sinengku lampahipun, sakedhap sampun dumugi ing Buntu, nunten kapasrahaken ing patih dhateng ingkang bupati. Anggenipun nampi temtu kemawon kaliyan gelaning panggalih, jalaran mengsah kados makaten, piyambakipun namung wolu kang mangka prajurit Banyumas sampun kathah kalongipun.
Enjing tengara perang kaungelaken kempaling madya namung 2000, tumunten kaangsahaken, Surawijaya ndherek ingkang bupati anggenipun nindhihi bala.
Teliking kraman sumerep untabing prajurit Banyumas enggal atur uninga dhateng senapatinipun. Sakala nitir tengara perang, sakedhap prajurit sampun nglempak ing alun-alun. Boten antawis dangu kaangsahaken, lampahipun ngebaki tegal pasabinan. Sareng sampun ajeng-ajengan, kalih-kalipun sami ngebyuk purun sinarengan ing surak mawurahan. Dangu perangipun boten wonten ingkang katingal asor, gedheg sami sudiranipun. Sakedhap prajurit kraman kenging kaseseg, sakedhap malih prajurit Banyumas kateter. Dangu-dangu tandangipun prajurit Banyumas kendho, kraman ngretos wekdal ingkang sae, terus kemawon pasang gelar supit urang, rekanipun badhe katumpes. Kocap Surawijaya sareng sumerep babaya ingkang ndhatengi, trengginas nggebras kapalipun sarwi ngliga dadamel. Pangamukipun prasasat banteng ketaton, ngiwa nengen nyabet mawi pedhangipun, sinten ingkang kacandhak boten ngaping kalih. Prajurit kraman sareng sumerep tandangipun Surawijaya sakancanipun, sami giris, satemah pejah gelaripun mlajeng bibar sar-saran. Perangipun kesaput ing dalu kalih-kalihipun sami ngunduri.
Ing dalunipun Surawijaya matur ingkang bupati, yen benjing-enjing badhe ngedali perang tandhing. Para prajurit kapurih surak saking katebihan, boten prelu tumut lumawan ing jurit. Ingkang bupati nayogyani.
Surawijaya lajeng susumbar nguwuh-uwuh nedha tandhing. Barisaning kraman mireng makaten wau boten saranta lajeng ngebyuk purun. Surawijaya sakanipun kinepung wakul binaya mangap. Sumerep ingkang makaten manahipun boten ngedhap sakedhik-kedhika, tandhangipun saya gambira, lawung pinuter kados kitiran, ingkang wonten ngajeng tinumbak, wingking sinodor, ngiringan pinenthung, sadaya pejah kapisanan. Nanging bawanipun prajurit kathah, sanajan tandangipun kados sulung slebu geni, dhatenging prajurit ingkang sumusul byuk-byukan tanpa kendhat. Pejah sadasa dhateng kalih dasa, pejah kalih dasa dhateng seket, pinten wawratipun bau satunggal danguning dangu inggih jimpe. Meh kemawon Surawijaya sarencangipun kenging kapikut. Ing ngriku enget dhateng wewelingipun Kombang ali-Ali duk nalikanipun nenepi ing wana Moros, nunten jleg medhak saking kapal nancebaken waosipun, lajeng matak aji pametik sakala prahara ageng ndhatengi kasarengan swara ingkang nggegirisi. Surawijaya sarencangipun boten katingal. Tumunten wonten wanara ageng mere ing sanginggilipun waos, swaranipun ngebaki ing paprangan. Prajuriting mengsah mireng swara makaten sanget anggenipun miris, mlajeng asalang tunjang. Bala Banyumas sumerep mengsah sami kagegeran lajeng tinrambul ing perang kathah angsalipun babandan. Kacariyos senapatinipun sang Damarwulan saha Menakkoncar kesisan bala, nunten pinarepekan dhateng Surawijaya katigas jangganipun boten kaping kalih damel. Sumerep senapatinipun kasambut ing jurit, bala kraman sangsaya ing ajrihipun, sakedhap ing paprangan sampun boten wonten prajuritipun mengsah, resik kados sinapon. Ingkang bupati lajeng dhawuh ngungelaken tengara pratandhaning barisan kenging mundur, wangsul dhateng kitha Banyumas. Sareng sampun lerem sawatwis dinten Surawijaya pamit nyuwun pamit ingkang bupati badhe dhateng Surakarta ngunjukaken sirahing kraman. Sadumuginipun ing nagari sanget ndadosaken renaning penggalih dalem. Sarehne saged ngrampungi damel Surawijaya lajeng kawisuda pangkat mantri gladhag kaparingan nama kyai Hanggawangsa.
VIII. WONTENIPUN KABUPATEN ING KEBUMEN.
Saking setya tuhu saha sucining manah, kyai Hanggawangsa kaanggep ing pasuwitanipun. Asring kemawon yen praja wonten prakawis ingkang ruwet bab lampahing paprentahan tuwin kaprajuritan, piyambakipun kapudhutan rembag ngantos saged maremaken ing panggalih. Ngarsa dalem sang prabu boten kekilapan dhateng kawontenanipun kyai Hanggawangsa, tetela yen tiyang mumpuni saliring kawruh, pramila lajeng sinengkakaken ing ngaluhur kawisuda dados bupati nayaka kapatedhan nama Raden Tumenggung Arungbinang.
Ing sepuhipun boten karsa dadalem ing Surakarta, kondur dhateng Kuthawinangun ngantos ing sedanipun. Dene kalenggahanipun sumilih ing putra asma nunggak semi ingkang rama Raden Tumenggung Arung Binang II.
Sareng kumpeni Walandi mranata siti kaperang dados kabupaten, putra kapenakanipun R.T. Arungbinang II yasa kitha wonten ing Mrinen sawetan Kuthawinangun asma Arungbinang III. Putra mantunipun R.T Arungbinang II inggih punika kyai Kalapaking yasa kitha wonten Kebumen. Sarehne rebatan kaliyan sadherek kyai Kalapaking nrimah ngawon, kabupaten kapasrahaken Kyai Tumenggung Arungbinang III piyambakipun nrimah dados patihipun.
Kabupaten Mrinen lajeng kabibrah gantos wonten ing Kebumen engga ngantosa sapriki.
(cuthel).
Catetan panulis :
Dumugi ngriki, cariyos Arungbinang ingkang ngginakaken basa gancaran benten kaliyan ingkang kaserat mawi sekar macapat. Wonten ing salebetipun seratan/naskah Babad Arungbinang ingkang mangangge sekar Macapat punika langkung jangkep isining cariyos, utaminipun ingkang nyariyosaken paprangan antawisipun R.T Arungbinang ingkang mbelani Karaton Surakarta kanthi binanton kumpeni Walandi lumawan Pangeran Mangkubumi utawi Sunan Kabanaran wonten ing Bagelan. Saking seratan/naskah ingkang kandelipun langkung saking 500 kaca ukuran Folio, meh 2/3 nipun isinipun nyariyosaken paprangan. Dene benteng ingkang bakuh santosa lan miturut wirayat punika boten saged kabedhah inggih punika wonten ing desa Ungaran. Wonten ugi wirayat ingkang nyariyosaken bilih perang ageng antawisipun Karaton Surakarta ingkang dipun Senapateni R.T Arungbinang lumawan Pangeran Mangkubumi/Sunan Kabanaran dumugi wancinipun Perjanjen Giyanti manggen wonten ing Bagelen. Sadaya wau inggih kacakup wonten ing Babad Arungbinang ingkang mawi sekar utawi tembang.
Emanipun bilih Naskah utawi seratan Babad Arungbinang ingkang wonten ing panulis boten jangkep utawi rumpang (wiwit kaca 1-14 ical, lan wiwit kaca 530’an ugi sampun suwek/ical), sahingga pungkasaning cariyos boten saged kasumerepan, wonten ngriki cariyos namung dumugi nalika R.T. Arungbinang kabucal wonten ing alas Lodhaya awit saking trekahing salah satunggaling abdi dalem wonten ing praja Surakarta. Salajengipun boten kasumerepan awit naskah sampun ical utawi suwek.
0 komentar:
Posting Komentar